Postingan

Ranking Siji Dihadiahi Dolan Jurug

“Bocah-bocah, iki undangan kanggo jupuk rapot dina Setu sesuk, kudu diaturke dhateng bapak ibu.” Ngendikane Bu Sari, guru kelas papat. Kabeh siswa padha sorak-sorak seneng, amarga ngerti saben sakbubare jupuk rapot mesthi sekolah prei rong minggu, utawa umume mono diarani liburan. Nanging Beni ora, dheweke mung katon mrengut lan sedhih. “Teng..teng...teng...” swara wesi kang dithuthuk ping telu mertandhake wis wancine sekolah bubar. Beni langsung jupuk pit onthele ing parkiran buri kelas. Banjur dheweke mulih menyang omah kanthi rai kang tanpa mesem. Tekan ngomah, Beni nyendhekke pit lan ngaturke undangan jupuk rapot marang ibune. Ibune rada bingung weruh anake mulih kok raine mrengut gek meneng wae, nanging ibune ya ora takon apa-apa marang Beni, amarga Beni uga langsung njujug kamar. Ing kamar, Beni terus-terusan sedhih, dheweke semelang biji rapote elek. Dheweke kagolong siswa kang pinter, wiwit kelas siji tekan telu mesthi klebu ranking tiga besar. Nanging saiki dhewek

Murid Jaman Saiki

Gambar
Apa ta sejatine guru iku? Jare guru iku digugu lan ditiru Ananging kena apa kok ana guru lagi mulang Murid-murid padha ora gelem gatekne Ana kang crita dhewe karo kancane Ana kang malah turu Ana kang sms’an Lan ana uga kang saiki jamane lagi pesbuk’an ( facebook ) Jare sekolah bayare larang Kepengen pinter amrih mulya uripe Ananging pepingine kok ora jumbuh karo prihatine Oalah murid jaman saiki Sing dipengen anamung seneng-seneng B i ji apik lan isa oleh pagaweyan mapan Apa ya ana wong mulya tanpa rekasa? Dening :Wahyu Sulistiyaningsih Pendidikan Bahasa Jawa – FKIP UNS Komunitas “PULPEN IJO” Surakarta

Komunitas PULPEN IJO: Wisata Karya ke Museum Sangiran

Gambar
Berawal dari sebuah mata kuliah pilihan penyuntingan yang bergelut dalam dunia kepenulisan, seorang dosen pengampu mata kuliah tersebut (Budi Waluyo,S.S.,M.Hum) memiliki gagasan untuk membentuk sebuah komunitas menulis. Komunitas dibentuk dengan tujuan agar mahasiswa tidak hanya sekedar mampu menyunting naskah, tetapi juga mampu memainkan pena dalam wujud berbagai karya. Komunitas menulis tersebut memiliki identitas PULPEN IJO. PULPEN IJO merupakan akronim dari perkum PUL an PEN ul I s jawa (red: JO wo). Anggota komunitas PULPEN IJO adalah para mahasiswa program studi Pendidikan Bahasa Jawa, baik dari semester I, III, maupun V dan dengan karya-karya yang berbahasa Jawa. Namun seiring berjalannya waktu, komunitas PULPEN IJO kini tidak hanya menyajikan karya dalam bahasa Jawa, tetapi juga dalam bahasa Indonesia. Komunitas PULPEN IJO dirintis oleh dosen pengampu mata kuliah pilihan penyuntingan (yang kini merupakan pembimbing atau penasehat dalam komunitas) dengan para m

Siswa Becik ing Saklebeting Sekar Dhandhanggula lan Wajibe Dadi Murid

Miturut W.J.S. Poerwadarminta (1939:600), tembang utawi sekar inggih punika iketaning karangan awewaton guru lagu sarta guru wilangan kanthi lelagon. Dene miturut Sutardjo (2011:8), ingkang dipunwastani sekar inggih punika kasil utawi mupangat saking basa ingkang edi lan endah, awujud panunggalanipun tembung-tembung kanthi kaiket paugeran-paugeran tartamtu inggih punika lagu. Jinising sekar punika wonten sekar ageng, sekar tengahan, lan sekar alit. Sekar ageng utawi asring dipunwastani sekar kawi nggadhahi ciri wontenipun guru laku utawi lampah,   guru wilangan, lan boten kaiket dening guru lagu. Tuladhanipun sekar ageng antawisipun sekar ageng tabukasul, sekar ageng kusumastuti, sekar ageng pamularsih, lan sekar ageng retnamulya. Lajeng sekar tengahan inggih punika sekar ingkang kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tuladhanipun sekar tengahan antawisipun jurudemung, girisa, balabak, lan wirangrong. Dene sekar alit inggih punika sekar ingkang nggadhahi ciri sam

Akibat Menghafal Pancasila Secara Urut

Pancasila, tentu saja kata tersebut sudah tidak asing lagi di telinga kita. Teks Pancasila tersurat pada pembukaan Undang-Undang Dasar Negara Republik Indonesia 1945. Pancasila sudah dipatenkan mutlak dan tidak bisa diganti lagi, yang hingga saat ini masih dan akan terus dijadikan sebagai dasar negara Republik Indonesia, sabagai falsafah hidup bangsa Indonesia. Secara harfiah, kata Pancasila terdiri dari kata Panca dan Sila. Panca memiliki arti lima dan Sila merupakan dasar, jadi Pancasila adalah 5 butir dasar yang menjadi dasar dalam pelaksanaan pemerintahan dan ketatanegaraan negara Indonesia. Lima butir Pancasila tersebut yakni: 1.       Ketuhanan yang Maha Esa 2.       Kemanusiaan yang adil dan beradap 3.       Persatuan Indonesia 4.       Kerakyatan yang dipimpin oleh hikmat kebijaksanaan dalam permusyawaratan perwakilan 5.       Keadilan sosial bagi seluruh rakyat Indonesia Tentu saja Pancasila sering kita dengar tatkala dalam acara upacara rutin hari senin ma

Ilat Tanpa Balung

Basa Jawa kuwi satunggaling basa kang nduweni kasusastran akeh. Tembung kasusastran kadadean saka tembung susastra kang antuk ater-ater ka- lan panambang -an. Dene tembung susastra dhewe mono sejatine kadadean saka rong tembung yaiku tembung su lan sastra. Su nduweni teges apik, endah, utawa becik, lan sastra kuwi tegese sastra utawa basa. Dadi kang kinaran kasusastran yaiku sastra utawa basa kang ujude endah, jinise kasusastran kuwi werna-werna, kayata bebasan, paribasan, tembung saroja, tembung saloka, tembung garba, cangkriman, wangsalan, lan liya-liyane. Wong Jawa kuwi anggone ngrasa kanthi digalih, utawa teges liyane mono anggone ngomong utawa ngarani nora asipat blaka. Dadi ya nganggo basa pepindhan utawa kasusastran mau. Menawa kang diajak guneman kuwi padha-padha wong Jawane, kudune paham karo apa kang dikarepake dening wong kang guneman mau. Tuladhane, simbok ngendika “Le, kowe kuwi dakceluki kaet mau kok njangan gori wae.” pangandikan kuwi mau menawa ditegesake ka

Upacara Adhat Tumplak Punjen

Gambar
MAKALAH   UPACARA ADAT PENGANTEN TUMPLAK PUNJEN SAHA NILAI FILOSOFIS LAN SIMBOLIS   ING LAMPAHANING UPACARA LAN UBARAMPENIPUN DENING : WAHYU SULISTIYANINGSIH K4211065/ B Makalah Punika Dipunrakit Kagem Jangkepi Sarat Kuliah saha Lulusipun Kuliah Filsafat Jawa ingkang Kaasta Dening Drs. Imam Sutardjo, M. Hum. saha Djoko Sulaksono, S. Pd., M. Pd. Semester IV Prodi Pendidikan Bahasa Jawa JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS SEBELAS MARET SURAKARTA 2013 ATUR CECALA Assalamu’alaikum Wr. Wb. Pangripta tansah angonjukaken puji dalah syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang tansah paring rahmat, hidayah, saha berkahipun, satemah pangripta saged anyerat saha angracik makalah Filsafat Jawa punika kanthi irah-irahan “ Makalah Upacara Adat Penganten Tumplak Punjen saha Nilai Filosofis lan Simbolis ing Lampahaning Upacara lan Ubarampenipun.” Pangripta sanget ngaturaken