Teges, Jinis, lan Perkara kang Kudu Digatekake ing Geguritan



A. Teges
     Geguritan yaiku sawijining karya sastra kang ujude puisi jawa

B. Jinis
     Jinise geguritan kaperang dadi loro, yaiku miturut cacahe gatra lan miturut wektu.
      1. Miturut cacahe gatra
           a. Gita dwigatra          : geguritan 2 baris
           b. Gita trigatra            : geguritan 3 baris
           c. Gita caturgatra        : geguritan 4 baris
           d. Gita pancagatra       : geguritan 5 baris
           e. Gita sadgatra           : geguritan 6 baris
           f. Gita saptagatra         : geguritan 7 baris
           g. Gita asthagatra        : geguritan 8 baris
           h. Gita nawagatra        : geguritan 9 baris
           i. Gita dasagatra          : geguritan 10 baris
      2. Miturut wektu
           a. Geguritan gagrag lawas, titikane yaiku:
                1) Diwiwiti kanthi "Sun Gegurit"
                2) Cacahe wanda/ suku kata saben baris kudu padha
                3) Tibane swara ing akhir baris kudu padha
           b. Geguritan gagrag anyar, titikane yaiku:
                1) Cacahe wada saben baris bebas
                2) Tibane swara ing akhir baris bebas
                3) Ora kaiket paugeran

C. Perkara kang Kudu Digatekake
     Saperangan perkara kang kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku:
      1. Wicara    : Swarane kudu cetha
      2. Wirama   : Dhuwur cendhek, lan cepet alone irama maca kudu pas
      3. Wirasa    : Penjiwaan/ penghayatan kudu pener
      4. Wiraga    : Polahe awak lan ekspresi kudu jumbuh

Komentar