Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2020

Paugeran Tembang Macapat Sinom

Gambar
Paugeran tembang macapat ana telu, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tasih kemutan tegese apa? Menawa sampun kesupen saged maos malih ing  https://www.sulistiya-pratama.xyz/2020/07/paugeran-tembang-macapat.html   Ing ngisor ana salah sawijining tuladha tembang Sinom : Nuladha laku utama tumrape wong tanah Jawi wong agung ing Ngeksiganda Panembahan Senapati kapati amarsudi sudaning hawa lan nepsu pinesu tapa brata tanapi ing siyang ratri amemangun karyenak tyasing sasama Saka tembang kasebut saged ka-identifikasi paugerane dadi : Guru gatra                  : 9 gatra Guru wilangan         : 8 – 8 – 8 – 8 – 7 – 8 – 7 – 8 – 12                        Guru lagu                : a – i – a – i – i – u – a – i – a

Teges Sinom lan Watak Tembang Sinom

Gambar
Minangka salah sawijining jinis tembang macapat, tembung "Sinom" duweni teges anom, taruna, srinata, logondhang, weni, pangrawit, lan roning kamal. Watak saben tembang macapat uga beda-beda, mligi tembang Sinom watake tresna asih, canthas, trengginas, luwes, grapyak, lan seneng golek pangalembana.