Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2020

Tembang Pangkur Serat Wedhatama

Gambar
Serat Wedhatama kadadeyan saka 100 pada tembang macapat, kang kamot ing pupuh tembang Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi. Pupuh tembang kasebut antarane :                 Pupuh Pangkur - 14 pada tembang                  Pupuh Sinom - 18 pada tembang                  Pupuh Pocung - 15 pada tembang                  Pupuh Gambuh - 35 pada tembang                  Pupuh Kinanthi - 18 pada tembang  Kang diarani "pupuh tembang" yaiku kumpulaning sawetara tembang macapat kang jinise padha. Tuladha: Pupuh Pangkur - 14 pada tembang, duweni teges ana 14 tembang kanthi jinis tembang Pangkur, dene Pupuh Sinom - 18 pada tembang tegese ana 18 tembang kang jinise tembang Sinom, lsp. Tembung "pada" lan "padha" sinaosa namung kacek aksara "h" tegese wis beda. Menawa "pada" yaiku tembang, dene "padha" kuwi ora beda. Tembang Pangkur kang kamot ing sajroning Serat Wedhatama : PADA 1 Tembang  Pangkur Mingkar mingkuring angkara akarana ka

SERAT WEDHATAMA

Gambar
Serat Wedhatama yaiku salah sawijine kasusastran Jawa kang dianggit (dikarang) dening KGPAA Mangkunegara IV. Tembung "KGPAA" duweni cekakan: Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Dadi asma jangkepe kang nulis Serat Wedhatama yaiku Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV Sinebut Mangkunegara IV, amarga dheweke dadi raja ing keraton Mangkunegaran kang ke papat. Asma asline ngono sejatine Raden Mas Sudira. Dheweke lair nalika Senin Pahing 03 Maret 1811 lan seda ing surya 08 September 1881, dimakamake ing Astana Girilayu Raden Mas Sudira putra saking Kanjeng Pangeran Harya (KPH) Hadiwijaya lan Raden Ajeng (RA) Sekeli Dheweke mimpin keraton Mangkunegaran wiwit taun 1853 nganti sedane yaiku 1881 ==================================================== Tembung "WEHATAMA" ing Serat Wedhatama kadadeyan utawa gabungan saka tembung "WEDHA" lan "TAMA". "WEDHA" duweni teges ajaran, dene "TAMA" saka tembung utama kang tegese becik Bis

Paugeran Tembang Macapat

Gambar
Tembang macapat iku salah sawijining tembang kang duweni paugeran utawa pathokan. Paugeran utawa pathokan tembang kuwi wis gumathok, dadi anggone gawe tembang ora oleh sakarepe dhewe. Paugeran tembang macapat kaperang dadi telu, yaiku : 1. Guru gatra, yaiku cacahing gatra saben satembang 2. Guru wilangan, cacahing wanda saben sagatra 3. Guru lagu, tibaning aksara swara ing saben pungkasaning gatra Kang diarani "gatra" kuwi tegese "baris", lajeng "wanda" kuwi tegese "suku kata", dene "aksara swara" kuwi "aksara vokal". ================================================== Tuladha: Bapak Pocung renteng-renteng kaya kalung dawa kaya ula pencokanmu wesi miring sing disaba si Pocung mung turut kutha ================================================== Tembang ing dhuwur kadadeyan saka 4 gatra/baris Berarti guru gatrane ketemu 4 Baris 1 duweni wanda/suku kata cacah 12 (Ba - pak - Po - cung - ren - teng - ren - teng - ka - ya - ka - lung)

JENIS DAN MAKNA FILOSOFI TEMBANG MACAPAT

Gambar
Tembang macapat kaperang dadi sewelas jinis, kang antarane Mijil, Maskumambang, Sinom, Asmarandana, Gambuh, Kinanthi, Dhandhanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pocung. Sewelas jinis tembang macapat kuwi ngono sejatine ngemot makna filosofi kang nggambarake urut-urutane manungsa wiwit lair nganti seda. Ana akeh versi kang ngandharake urut-urutane sewelas tembang iki. Ing kene Sulis badhe ngandharake urutan kang umum wae. Urutan lan makna filosofi sewelas tembang macapat kasebut yaiku: 1. Mijil      tembang kapisan kang nggambarake manungsa lagi lair ing alam donya 2. Maskumambang      nggambarake manungsa mangsane dadi bocah kang duwe watak kaya piranti kang kumambang ing banyu, yaiku katut ilining banyu utawa durung duwe pendhirian. Apa-apa sarwa mung melu-melu. 3. Sinom      mangsane manungsa dadi wong enom utawa remaja 4. Asmarandana      manungsa kang mangsane duwene rasa kasmaran marang lawan jinis 5. Gambuh      saka tembung "jumbuh" kang tegese "cocok", yai

TEMBANG POCUNG SERAT WEDHATAMA

Gambar
Serat Wedhatama kadadeyan saka 100 pada tembang macapat, kang kamot ing pupuh tembang Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi. Pupuh tembang kasebut antarane :                 Pupuh Pangkur - 14 pada tembang                  Pupuh Sinom - 18 pada tembang                  Pupuh Pocung - 15 pada tembang                  Pupuh Gambuh - 35 pada tembang                  Pupuh Kinanthi - 18 pada tembang  Kang diarani "pupuh tembang" yaiku kumpulaning sawetara tembang macapat kang jinise padha. Tuladha: Pupuh Pangkur - 14 pada tembang, duweni teges ana 14 tembang kanthi jinis tembang Pangkur, dene Pupuh Sinom - 18 pada tembang tegese ana 18 tembang kang jinise tembang Sinom, lsp. Tembung "pada" lan "padha" sinaosa namung kacek aksara "h" tegese wis beda. Menawa "pada" yaiku tembang, dene "padha" kuwi ora beda. Tembang Pocung kang kamot ing sajroning Serat Wedhatama : PADA 1 Tembang Pocung

RPP BLENDED LEARNING BAHASA JAWA KELAS XI

RPP BLENDED LEARNING BAHASA JAWA KELAS X

RPP (SATU LEMBAR) BAHASA JAWA KELAS XI

SILABUS BAHASA JAWA KELAS XI

RPP (SATU LEMBAR) BAHASA JAWA KELAS X

SILABUS BAHASA JAWA KELAS X