Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2020

Teges, Titikan, Unsur Intrinsik lan Sinopsis Cerkak

Gambar
TEGESE CERKAK Crita cekak utawa cerkak yaiku sawijining crita kang diandharake kanthi cekak utawa cendhak TITIKAN (CIRI-CIRI) CERKAK Critane cendhak Cacahe paraga sithik Nggunakake alur tunggal Perkara kang dicritakake namung siji   Menawa ditulis ora luwih saka 10.000 tembung   UNSUR INTRINSIK CERKAK a.        Underan/tema : gagasan pokok kang dadi dhasaring crita b.       Alur/plot : urutan lakuning crita 1)      Maju : alur kang critane runtut (pengenalan – wiwit ana perkara – perkara klimaks – parampungan) 2)      Mundur : alur kang critane ora runtut (wiwit ana perkara – pengenalan – perkara klimaks – parampungan) (wiwit ana perkara – perkara klimaks – pengenalan – parampungan) (wiwit ana perkara – perkara klimaks – parampungan – pengenalan) 3)      Campuran : gabungan alur maju lan alur mundur c.        Paraga lan watak Jinis paraga 1)      Protagonis : paraga kang duwe watak becik 2)      Antagonis : paraga kang duwe watak ala 3)      Tritagonis :

6 CARA MENDAPATKAN KOIN SHOPEE

Gambar

Isining Novel "NGULANDARA"

Gambar
Novel NGULANDARA yaiku salah sawijining novel Jawa kang dianggit d ening  Margana Djajaatmadja. Kadadeyan saka 14 perangan, kang perangan kasebut  kaya ta : 1)      OTO MOGOK (TULUNG TINULUNG) Nalika mobil kulawarga Den Bei mogok ing alas parak surup, tumeka Rapingun lan Kasna aweh pitulungan. 2)      MEKSA BATAL (TULUNG TINULUNG TANPA PAMRIH) Den Bei, semah, lan putra arep menehi upah marang Rapingun awit sampun nulung ndandani mobil, ananging Rapingun ora kersa. Perkara kasebut njalari kulawarga Den Bei kesengsem marang Rapingun. 3)      NYONYAH OEI WAT HIEN (TOLERANSI TRADISI) Majikan Rapingun bangsa Thionghoa kang fasih krama. Oei Wat Hien saged adaptasi ing Jawa, kang adat, budaya lan tradisine beda. 4)      SAMPUN KRAOS (PENGABDIAN TULUS) Rapingun kerja marang Den Bei awit Nyah Hien adol mobil. Kerja minangka sopir kaleksanan kanthi becik. 5)      NGAJARI KAPAL (KETEKUNAN) Jaran Den Bei kang arane Hel kagolong liar lan angel dikendhaleni, ananging Rapingun kan

Unsur Intrinsik Novel

Gambar
a.        Underan/tema : gagasan pokok kang dadi dhasaring crita b.       Alur/plot : urutan lakuning crita 1)      Maju : alur kang critane runtut (pengenalan – wiwit ana perkara – perkara klimaks – parampungan) 2)      Mundur : alur kang critane ora runtut (wiwit ana perkara – pengenalan – perkara klimaks – parampungan) (wiwit ana perkara – perkara klimaks – pengenalan – parampungan) (wiwit ana perkara – perkara klimaks – parampungan – pengenalan) 3)      Campuran : gabungan alur maju lan alur mundur c.        Paraga lan watak Jinis paraga 1)      Protagonis : paraga kang duwe watak becik 2)      Antagonis : paraga kang duwe watak ala 3)      Tritagonis : paraga kang duwe watal netral (panengah) Jinis watak 1)      Fisiologis : ciri-ciri fisik (dhuwur, lemu, kriting, sipit, pesek, lsp) 2)      Psikologis : karakter (sabar, sombong, loma, grapyak, lsp) 3)      Sosiologis : status sosial (sugih, duda, bayan, lurah, guru, tani, lsp) d.       Setti

Tuladha Novel Jawa lan Kasusastran Jawa sarta Asma Pengarange

Gambar
Tuladha novel Jawa lan asma panganggit, antawise : 1. Ngulandara : Margana Djajaadmadja 2. Priyayi Abangan : Sapardi Djoko Damono 3. Hujan Bulan Juni : Sapardi Djoko Damono 4. Pada Suatu Hari Nanti : Sapardi Djoko Damono 5. Putri Tirtagangga : Any Asmara 6. Kumandhanging Katresnan : Any Asmara 7. Pangurbanan : Any Asmara 8. Mungsuh Sardi : Basoeki Rachmat 9. Kelangan Satang : Suparta Brata 10. Pawestri Tanpa Idhentiti : Suparta Brata 11. Liburan Penganten Anjar : Hardjana HP. 12. Lagune Putri Kasmaran : Hardjana HP. 13. Katresnan : Soeratman Sastradihardja 14. Perawan : Vidi Widajat 15. Dawet Aju : Vidi Widajat Sawetara tuladha kasusastran Jawa lan asma panganggit, yaiku : 1. Serat Ramayana : Empu Walmiki 2. Serat Mahabharata : Empu Wwiyasa 3. Serat Wulangreh : Sri Sultan Pakubuwana IV 4. Serat Wedhatama : KGPAA Mangkunegara IV 5. Serat Riyanta : RM Sulardi 6. Arjunawiwaha : Empu Kanwa 7. Arjunawijaya : Empu Tantular 8. Bharatayudha : Empu Sedah lan Empu Panuluh 9. Negarakertagama

Jenis Novel miturut Genre lan Isi/Tokoh

Gambar
  1.       Jenis novel miturut genre a.     Novel detektif : nggambarake paraga utawa kahanan kang gayutane karo penyelidikan/ deteksi b.       Novel roman : nggambarake kahanan kasmaran utawa katresnan c.        Novel misteri : nggambarake kahanan kang kebak ing misteri utawa kebak teka-teki d.      Novel kriminal : nggambarake kahanan kang gayutan karo tumindak kriminal/ kejahatan e.        Novel fiksi ilmiah : babagan panaliten lan karya ilmiah f.         Novel horor : nggambarake kahanan wingit, serem, lan medeni g.        Novel komedi : nggambarake kahanan lucu, humor, lan sipate santai h.  Novel inspiratif : babagan crita kang menginspirasi utawa memotivasi   2.       Jenis novel miturut isi lan paraga a.        Teenlit : crita babagan remaja b.       Chicklit : crita babagan wanita mudha lan samubarang perkarane c.        Songlit : crita adhedhasar lagu d.       Dewasa : crita babagan wong diwasa

Teges lan Titikan Novel

Gambar
  1.       Tegese novel Novel yaiku sawijining karya sastra kang awujud gancaran (prosa) dawa. Wong kang nulis novel diarani novelis.   2.       Asal tembung novel Novel asale saka basa Italia “novella” kang tegese sawijining kisah.   3.       Titikan utawa ciri-ciri novel a.        Ditulis kanthi narasi utawa dheskripsi b.       Critane dawa, luwih saka 10.000 tembung c.        Cacahe paraga akeh d.       Nggunakake alur kang luwih kompleks e.        Perkara kang dicritakake luwih saka siji

Tuladha Tembang Pangkur

Gambar
  Tema : Kasmaran   Aku tresna marang sira (8a) Ananging kok wis ana sing nduweni (11i) Ora bakal aku mundur (8u) Bakal terus berjuang (7a) Merga aku yakin yen sira jodhoku (12u) Tak enteni kanthi sabar (8a) Muga Gusti ngijabahi (8i)   >>> Ing tembang dhuwur baris kapindho ana tembung "ananging" kang asline ngono tembung "nanging" kalebu tuladha panggunaning tembung "uluran" (ditambah cacah wanda/suku kata)     Tema : Agustusan / Kamardikan   Indonesia wis mardika (8a) Umure pitu lima taun iki (11i) Kudu akeh nggone syukur (8u) Dhumateng Gusti Allah (7a) Ayo padha bareng-bareng nggone niru (12u) Perjuangane pahlawan (8a) Njaga mardikane negri (8i)   >>> Ing tembang dhuwur baris pungkasan ana tembung "negri" kang asline ngono tembung "negeri" kalebu tuladha panggunaning tembung "plutan" (disuda cacah wanda/suku kata sisih tengah)     Tema : Agustu