Murid Jaman Saiki



Apa ta sejatine guru iku?
Jare guru iku digugu lan ditiru
Ananging kena apa kok ana guru lagi mulang
Murid-murid padha ora gelem gatekne
Ana kang crita dhewe karo kancane
Ana kang malah turu
Ana kang sms’an
Lan ana uga kang saiki jamane lagi pesbuk’an (facebook)
Jare sekolah bayare larang
Kepengen pinter amrih mulya uripe
Ananging pepingine kok ora jumbuh karo prihatine
Oalah murid jaman saiki
Sing dipengen anamung seneng-seneng
Biji apik lan isa oleh pagaweyan mapan
Apa ya ana wong mulya tanpa rekasa?


Dening :Wahyu Sulistiyaningsih
Pendidikan Bahasa Jawa – FKIP UNS
Komunitas “PULPEN IJO” Surakarta



Komentar