Postingan

Menampilkan postingan dengan label Makul Budaya Jawa

Cerita Wayang Sesaji Rajasuya

Sesaji Rajasuya Ing salah satunggaling panggonan, Jarasanda mlaku-mlaku lan omongan dhewe, terus ketemu karo Werkudara. Wong loro trus padha omong-omong, suwe-suwe malah eyel-eyelan lan akhire padu, wong loro kuwi mau perang ananging Werkudara sing menang. Ing panggonan liya, Prabu Driyadata lagi ngeluh   nak dheweke pengen putra tapi dereng di paringi saking Gusti “Duh Gusti, punapa salah kula kok nganti sak punika kula dereng panjenengan paringi putra”. Banjur ketemu karo Pupulun, Prabu Driyadata crita marang Pupulun nak dheweke iku sejatine nduwe garwa loro, wis bebojoan 2 tahun nanging durung diparingi putra. Prabu Driyadata pengen putra kang mangke bisa nerusake titahe. Pupulun ngmong “ He Driyadata kowe bisa nduwe anak tapi ana syarate, kowe kudhu isa njaga amanah lan   mangan sing jenenge pelem pratanda jiwa, nanging nak kowe nganti mangan pelem iku uga ana resikone”. Amarga dipeksa, akhire Pupulun menehi pelem siji marang Prabu Driyadata. Saking pengene Prabu Driyadata nduwe

Tradisi Jawa Ruwahan

Ruwahan kadadosan saking tembung “Ruwah”, inggih menika wulan ingkang nomer pitu ing taun Jawa. Tembung “Ruwah” piyambak gadhahi asal inggih menika “arwah” utawi roh para leluhur ugi nenek moyang. Awit teges saking tembung arwah kala wau wulan ruwah dipundadosaken minangka wulan kangge ngemut-emut para leluhur. Ruwahan dipunlaksanaaken sedasa dinten sakderengipun wulan siyam dumugi. Kados pundi nglaksanaaken ruwahan wonten ing saben dukuh menika benten-benten, kagantung kalihan masarakat ingkang gesang wonten ing lebetipun. Wonten ing dukuh kula, ruwahan dipunwiwiti besrik, tegesipun ngresiki desa ugi pasarean ingkang dipunsarengi slametan kanthi alit-alitan utawi sederhana. Lajeng dalunipun katindakaken kenduren. Kenduren wonten ing dukuh kula katindakaken sak bibaripun sholad isya’ wonten ing serambi masjid, ing ngriku sedaya warga dukuh kempal kanthi mbeta panganan-panganan ingkang dipunwadhahi tampah. Biasanipun, panganan inti utawi kedah wonten ingkang dipunbeta inggih menika k

Sekar Dhandanggula

Dhandanggula Lamun sira anggeguru kaki Amiliha manungsa kang nyata Ingkang becik martabate Sarta kang wruh ing kukum Kang ngibadah lan kang wirangi Sokur oleh wong tapa Ingkang wus amungkur Tan mikir pawehing liyan Iku pantes sira guronana kaki Sartane kawruhana Gancaran : Menawa sira arek golek guru kang bakal dadi tiyang anggenipun nggeguru kedah tiyang ingkang leres sejati, inggih menika ingkang nggadahi martabat becik, mangertos babagan kukum supados mboten dolanan kukum sak penake piyambak kados peso landhep ing ngisor ananging tumpul ing inggil tegesipun nindes tiyang alit kang mboten gadhah arta, ananging tetep mbela tiyang kang gadhah arta senajan sampun jelas lepat. Guru ingkang taat dhateng Gusti, sregep ngibadah ugi njagi kehormatan. Sokur-sokur angsal tiang ingkang sampun nggadhahi ilmu ingkang sanget kathah, ingkang sampun dangu anggenipun nggeguru. Guru ingkang saged mikir sedaya amanahipun saking tiyang sanes. Kados menika guru ingkang pantes dipundadosaken pangg