Ilat Tanpa Balung



Basa Jawa kuwi satunggaling basa kang nduweni kasusastran akeh. Tembung kasusastran kadadean saka tembung susastra kang antuk ater-ater ka- lan panambang -an. Dene tembung susastra dhewe mono sejatine kadadean saka rong tembung yaiku tembung su lan sastra. Su nduweni teges apik, endah, utawa becik, lan sastra kuwi tegese sastra utawa basa. Dadi kang kinaran kasusastran yaiku sastra utawa basa kang ujude endah, jinise kasusastran kuwi werna-werna, kayata bebasan, paribasan, tembung saroja, tembung saloka, tembung garba, cangkriman, wangsalan, lan liya-liyane.
Wong Jawa kuwi anggone ngrasa kanthi digalih, utawa teges liyane mono anggone ngomong utawa ngarani nora asipat blaka. Dadi ya nganggo basa pepindhan utawa kasusastran mau. Menawa kang diajak guneman kuwi padha-padha wong Jawane, kudune paham karo apa kang dikarepake dening wong kang guneman mau. Tuladhane, simbok ngendika “Le, kowe kuwi dakceluki kaet mau kok njangan gori wae.” pangandikan kuwi mau menawa ditegesake kanthi blaka temtu nora temu ing nalar, jenenge diceluki kok tekan jangan gori barang. Menawa kang nampa guneman kuwi mau dudu wong Jawa lak ya mesti bakal slenco lan nora paham karo apa kang sejatine dikarepake. Nanging beda umpama kang nampa guneman kuwi mau wong Jawa. Jangan kang digawe saka gori kuwi jenenge gudheg. Dadi karepe simbok kuwi mau kok mbudhegi yen diceluki. Anggone simbok ngendika lak ya nora blaka alias nganggo basa endah ta? Kuwi mau tuladha salah siji jinise kasusastran kang kinaran wangsalan, yaiku tetembungan kang ngemot satunggaling batangan, nanging batangane wus ana senajan mung sakwanda utawa nora melok.
Kajaba kuwi, ana sijine tuladha kasusastran kang nduweni teges apik banget, yaiku paribasan “ilat tanpa balung”. Pancen bener menawa ujud ilat kang sejati kuwi tanpa balung, nanging kang dikarepake paribasan kuwi mono pitutur kanggo manungsa aja sok seneng mencla-mencle utawa ngomong sak penake dhewe kang bisa natoni atine liyan.
Uga ana satunggaling paribasan apik ing basa Indonesia kang ana gayutane karo babagan omong, yaiku bicaralah yang baik, apabila tidak dapat berbicara secara baik maka lebih baik diam. Paribasan kuwi prasasat ngemu teges kang jero banget. Paribasan kuwi nggambarake kaya ngapa pentinge omongan menawa wus ucul saka tuturan. Wong omongan kuwi nora kaya nulis ing satunggaling kertas utawa ngetik ing jerone laptop, kang tegese mono tulisan kuwi isih bisa dibusak lan diganti menawa kleru.
Omongan kuwi menawa wus ucul saka tuturan, padha kaya paku kang wus tumancep ing satunggaling kayu. Angel dijupuk maneh. Pancen iya isih bisa dicabut, nanging tetep gawe tatu ing kayu kang nora kena ditambal kaya nalika isih utuh. Semana uga manungsa menawa pisan wae ngomong utawa nyacat kang nganti gawe tatuning ati, tekan pati nora bakal bisa lali. Arepa wus njaluk ngapura, mesti isih tetep nilas ing ati lan isih kelingan. Mulane kudu ati-ati menawa ngomong.
Ilat kuwi pranyata bisa nemtokake beja lan cilakane uwong, embuh ing donya, apa dene ing akherat mbesuk. Menawa uwong bisa njaga omongane lan bisa ngomong kanthi apik, temtu lak ya bakal beja kanggo awake dhewe. Dene kosok walike menawa senenge mung ngomong ala, misuh, utawa nyatur wong liya, temtu ya bakal ndadekake cilakane awake dhewe. Wong kang senenge ngomong ala utawa nyacat wong liya, bisa gawe bubrahe silaturahmi lan sesrawungan ing masarakat.
Kisahe Malin Kundhang kang dikutuk dening simboke kae uga namung prekara omongan, kang sipate mono nora ngajeni wong tuwa nganti gawe laraning atine simbok. Banjur simboke ngutuk Malin Kundhang dadi watu. Menawa wus dadi watu lak ya nora bisa dadi uwong meneh ta? Kaya ngono kuwi ampuhe omongan. Apa maneh omongan kang metu saka tuturane simbok, bisa nguwalati, amarga ridhaning Gusti gumantung ridhaning wong tuwa utamane simbok.
Ana maneh cerita satunggaling pelawak kang kondhang ing Indonesia, kang kaancem karire mung gara-gara anggone ngomong kulina sak penake dhewe nganti gawe lara atine wong liya. Pancen niyate pelawak kuwi mono mesti lak ya mung guyon, nanging pranyata panampane wong liya kuwi durung mesthi apik. Mula ta mula, anggone nggunakake ilat kang tanpa balung kuwi kudu sing ngati-ati tenan. Aja nganti salah ngomong, amarga nganti prekara kuwi kadadean, awake dhewe sing bakal cilaka.
Banjur prekara ilat tanpa balung kang gampang diolak-alik anggone ngomong, aja gampang ngumbar janji utawa seneng ngapusi marang liyan, amarga cidra ing janji lan diprecaya malah ngapusi mono kalebu sipate para munafik. Sipat mangkono kuwi sipat kang paling nora disenengi dening Gusti. Kuwi mengko urusane ing akherat.

Dening :
Wahyu Sulistiyaningsih
Pendidikan Bahasa Jawa FKIP UNS
Komunitas PULPEN IJO Surakarta

Komentar