Siswa Becik ing Saklebeting Sekar Dhandhanggula lan Wajibe Dadi Murid



Miturut W.J.S. Poerwadarminta (1939:600), tembang utawi sekar inggih punika iketaning karangan awewaton guru lagu sarta guru wilangan kanthi lelagon. Dene miturut Sutardjo (2011:8), ingkang dipunwastani sekar inggih punika kasil utawi mupangat saking basa ingkang edi lan endah, awujud panunggalanipun tembung-tembung kanthi kaiket paugeran-paugeran tartamtu inggih punika lagu.
Jinising sekar punika wonten sekar ageng, sekar tengahan, lan sekar alit. Sekar ageng utawi asring dipunwastani sekar kawi nggadhahi ciri wontenipun guru laku utawi lampah,  guru wilangan, lan boten kaiket dening guru lagu. Tuladhanipun sekar ageng antawisipun sekar ageng tabukasul, sekar ageng kusumastuti, sekar ageng pamularsih, lan sekar ageng retnamulya. Lajeng sekar tengahan inggih punika sekar ingkang kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tuladhanipun sekar tengahan antawisipun jurudemung, girisa, balabak, lan wirangrong. Dene sekar alit inggih punika sekar ingkang nggadhahi ciri sami kalihan seakr tengahan, ingkang bentenaken inggih namung sekar tengahan punika langkung rumiyin tinimbang sekar alit. Sekar alit asring dipunwastani kanthi tembung sekar macapat. Sekar macapat wonten sewelas werni, inggih punika mijil, maskumambang, sinom, durma, asmaradana, kinanthi, dhandhanggula, gambuh, pangkur, megatruh, lan pocung.
Sutardjo (2011:38) ngandharaken bilih sekar macapat ingkang gunggungipun sewelas kalawau sejatosipun mengku werdi minangka pralambang lampahanipun tiyang gesang wiwit miyos dumugi seda. Kawiwitan saking sekar mijil inggih punika nggambaraken mijilipun jabang bayi, lajeng maskumambang nggambaraken mangsa kanak-kanak ingkang sarwi ngremenaken. Sekar sinom nggambaraken mangsa mudha, asmaradana nggambaraken mangsa para mudha sampun wiwit ngraosaken tresna asih dhumateng lawan jenis. Sekar kinanthi nggambaraken mangsa panganti badhe nglampahi gesang sesarengan kalihan garwa. Sekar dhandhanggula nggambaraken mangsa wiwitanipun palakrama ingkang taksih luber ing raos manis kadi gendhis. Sekar durma nggambaraken mangsa sepuh, sampun wiwit mundur utawi nilar saking tumindak malima. Sekar gambuh nggambaraken mangsa nalika jiwa karaos sampun mateng, antawis cipta, rasa, karsa, lan karya sampun jumbuh. Sekar pangkur nggambaraken mangsa nalika tiyang sampun wiwit mungkur saking prekawis duniawi. Sekar megatruh nggambaraken mangsa pegating ruh saking raga. Lajeng ingkang pungkasan inggih punika sekar pocung nggambaraken layon ingkang sampun seda lan dipunpocong.
Sekar macapat kalebet jinising puisi ing karya sastra Jawi tengahan, utawi taksih kalebet gagrak lawas. Awit saking punika, sekar macapat taksih kaiket peugeran ingkang gumathok. Paugeran-paugeran punika antawisipun guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Ingkang dipunwastani guru gatra inggih punika gunggungipun gatra/baris ing saklebetipun pada. Guru wilangan inggih punika gunggungipun wanda ing saben gatra. Dene guru lagu utawi dhong-dhing inggih punika tibaning swanten aksara swara ing pungkasanipun gatra.
Supados langkung gamblang, punika paugeranipun sewelas sekar macapat:
1.      Mijil                    : 10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u
2.      Maskumambang  : 12i – 6a – 8i – 12a
3.      Sinom                  : 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a
4.      Durma                 : 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i
5.      Asmaradana        : 8i – 8a – 8e/o – 8a – 7a – 8u – 8a
6.      Kinanthi              : 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i
7.      Dhandhanggula  : 10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 6u – 8a – 12i – 7a
8.      Gambuh              : 7u – 10u – 12i – 8u – 8o
9.      Pangkur               : 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i
10.  Megatruh                        : 12u – 8i – 8u – 8i – 8o
11.  Pocung                : 12u – 6a – 8i – 12a
Wonten satunggaling sekar macapat ingkang gegayutan kalihan kados pundi kedahipun para siswa milih dwija. Sekar punika kaserat ing saklebetipun Serat Wulang Reh anggitanipun I.S.K.S. Paku Buwono IV ingkang ujudipun sekar dhandhanggula. Sinaosa sampun kathah para winasis ingkang sampun ngandharaken babagan punika, ananging ing ngriki panyerat inggih kepengen nyobi ngandharaken.
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing kukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkur
Tan mikir pawehing liyan
Iku pantes sira guronana kaki
Sartane kawruhana
Suraosipun sekar dhandhanggula ing nginggil inggih punika wonten pitu prekawis ingkang wigati babagan kados pundi anggenipun para siswa milih dwija. Prekawis punika antawisipun:
1.      Manungsa ingkang nyata
2.      Martabatipun becik
3.      Paham lan mangertosi babagan kukum
4.      Ingkang sregep ngibadah
5.      Tiyang ingkang kagungan raos lingsem
6.      Sampun amungkur saking tumindak-tumindak kirang sae
7.      Boten nate mikir pawehipun tiyang sanes utawi tanpa pamrih
Kajawi seakar macapat dhandhanggula punika, taksih wonten satunggaling sekar ingkang gegayutan kalihan siswa ugi. Sekar ingkang dipunpikajengaken inggih punika sekar Wajibe Dadi Murid, ingkang sekaripun inggih punika:
Wajibe dadi murid
Ora kena pijer pamit
Kajaba yen lara, lara tenan
Ora lara mung ethok-ethokan
Lan...lan manehe kudu pamit nganggo layang
Yen wis mari larane
Kudu enggal mlebu nyang pamulangan
Aja enak-enakan
Suwe-suwe mundhak bodho
Longa-longo kaya kebo bo
Bocah bodho dho
Suk yen gedhe ngalor ngidul tansah mlongo
Sekar punika sampun awis dipunmangertosi dening para siswa. Kamangka ing saklebetipun sekar punika mengku werdi ingkang sae sanget. Saged dipuntingali saking saben gatranipun. Minangka siswa boten kepareng pamit kajaba pancen saestu nembe nandang sakit. Sinaosa sakit kemawon inggih kedah mawi serat ijin. Menawi sampun mantun, kedahipun enggal mlebet supados boten bodho kadi kebo.
Langkung saenipun menawi sekar punika dipuntepangaken marang para siswa kanthi werdinipun ugi katuduhaken supados para siswa punika mangertosi punapa kemawon ingkang dados jejibahanipun minangka siswa, satemah saged dados para siswa ingkang sae lan boten seneng bolos.

Dening : Wahyu Sulistiyaningsih
Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa FKIP UNS
Komunitas PULPEN IJO Surakarta

Komentar