Ranking Siji Dihadiahi Dolan Jurug




“Bocah-bocah, iki undangan kanggo jupuk rapot dina Setu sesuk, kudu diaturke dhateng bapak ibu.” Ngendikane Bu Sari, guru kelas papat. Kabeh siswa padha sorak-sorak seneng, amarga ngerti saben sakbubare jupuk rapot mesthi sekolah prei rong minggu, utawa umume mono diarani liburan. Nanging Beni ora, dheweke mung katon mrengut lan sedhih.
“Teng..teng...teng...” swara wesi kang dithuthuk ping telu mertandhake wis wancine sekolah bubar. Beni langsung jupuk pit onthele ing parkiran buri kelas. Banjur dheweke mulih menyang omah kanthi rai kang tanpa mesem.
Tekan ngomah, Beni nyendhekke pit lan ngaturke undangan jupuk rapot marang ibune. Ibune rada bingung weruh anake mulih kok raine mrengut gek meneng wae, nanging ibune ya ora takon apa-apa marang Beni, amarga Beni uga langsung njujug kamar.
Ing kamar, Beni terus-terusan sedhih, dheweke semelang biji rapote elek. Dheweke kagolong siswa kang pinter, wiwit kelas siji tekan telu mesthi klebu ranking tiga besar. Nanging saiki dheweke ngrasa yen pelajaran kelas papat iki saya angel, dheweke ya wis sinau, nanging pas semesteran dheweke rada kangelan anggone nggarap soal.
“Assalamu’alaikum” salame Yuni kang lagi mulih kuliah nalika mlebu omah. “Wa’alaikum salam” wangsulane ibu. “Beni pundi bu kok boten katon? Biyasane yahwene nonton tipi ning jogan?” pitakone Yuni. “Kae lho adhimu ki gur meneng wae ning kamar ket mulih sekolah mau, embuh kenek apa coba paranana.” ngendikane ibu. Yuni banjur menyang kamare Beni “Le, napa kok meneng wae?” Yuni nyoba takon. Beni ora mangsuli lan tetep meneng wae. Mbakyune ya rada bingung, ora kaya biyasane adhine kaya ngono. Tinimbang Beni malah nesu, Yuni ora mbacutake anggone neges marang adhine, dheweke ngira mbuk menawa Beni pancen lagi butuh wektu kanggo dhewe dhisik. Lan Yuni metu saka kamare Beni.
“Piye ndhuk?” pitakone ibu. Yuni mung gedhek, mertandhake menawa anggone dheweke ngajak ngomong adhine ora ana asil. “Mengke dalu kula cobi malih ngomong kalihan Beni Bu” omonge Yuni nenangke pikirane ibune.
“Le Beni, mbuk ngomong ta le, ana apa? Kowe nyuwun apa?” pitakone Yuni nalika mlebu kamar. Beni malah nangis. “Lho, ditakoni kok malah nangis ta? Kene crita karo mbak”. Beni langsung ngamplok mbakyune. “Mmmbakk aku wedi.” omongane Beni sambi misek-misek nangis. “Lha wedi apa ta le?” Yuni takon penasaran. “Sesuk jipuk rapot mbak. Aku wingi garape soal semesteran kayane akeh sing salah mbak, soale angel, aku wedi nek bijiku elek, aku wedi nek ra oleh ranking tiga besar meneh” critane Beni. Yuni mung mesem krungu adhine crita. “Oalah, gur perkara kuwi kowe mrengut, nangis, lan ra gelem maem? Hemmm.” takone Yuni karo mesem. “He’em” semaure Beni cendhak.
“Ngene le, kowe lak ya wis sinau ta? Kowe ya mesthi wis tenanan anggone garap semesteran. Prekara asile apik apa elek, uwis ra usah dipikir nemen. Nek wis usaha maksimal lan dikantheni donga, mesthi Gusti ya bakal menehi asil apik. Gusti ki ora nate sare le.” jelase Yuni marang adhine. Nanging Beni isih misek-misek. “Wis, ngene wae. Saiki maem terus gek bobog, ra oleh nangis meneh. Sesuk nek kowe entuk ranking lima besar, dina  minggu tak jak ning Jurug.” Yuni ngrayu sambi guyu mesem. Krungu mbakyune ngomong kaya ngunu dheweke langsung sumringah, Beni seneng banget amarga pancen wis suwe dheweke pengin weruh kang jenenge Jurug.
Krungu adzan subuh, Beni langsung gregah tangi banjur wudhu lan shalat jama’ah karo bapak, ibu lan mbakyune. Sakwise shalat Subuh Beni mlayu menyang kamar mandi amarga dhisik-dhisikan adus karo mbakyune. Dheweke katon seneng lan sumringah ora kaya wingi awan. Ibune kang weruh ya melu seneng banjur mesem.
Rampung adus, Beni dandan nganggo sragam pramuka. Dheweke katon tambah gantheng nek nganggo sragam rapi. “Bu, aku mangkat ning sekolahan bareng bapak ya?” pitakone Beni marang ibu sinambi metu saka kamar. “Lha bapak durung kondur ko sawah ki, apa mengko kowe ora kawanen?” “Boten, Bu.” semaure Beni rada ngeyel. “Ya mengko tak omongne bapak.” wangsulane ibu.
“Pak, kae Beni jare mengko pengin mangkat sekolah bareng bapak.” ature ibu marang bapak kang lagi tekan ngomah. “Iya ta le, kowe arep bareng bapak? Tapi bapak nganggo pit onthel lho, kowe ra isin karo kanca-kancamu?” bapak takon. “Boten pak.” semaure Beni semangat sambi ngguya-ngguyu. “Yawis, bapak tak adus dhisik.”
Sakwise kabeh siap, bapak lan Beni boncengan nganggo pit onthel kebo menyang sekolahan. Beni bonceng ning buri karo nyanyi-nyanyi. Bapake kang krungu ya mung mesem karo nggenjot pite alon. Tekan sekolahan, Bapak nyendhekke pit ing parkiran banjur mlaku tumuju kelas papat kanthi gandhengan karo Beni.
Bu Sari, wali kelase Beni nimbali jenenge siswa siji-siji. Nalika jenenge Beni ditimbali, Bapake Beni ngadeg lan maju ing kelas saprelu nampa asil ulangan semesterane Beni. “Punika bijinipun Beni sae sanget, Bapak. Beni pikantuk ranking setunggal.” ngendikane Bu Sari marang bapake Beni. “Inggih matur nuwun Bu.” wangsulane bapak kanthi astane nampa rapot. Bapake Beni seneng banget weruh bijine anake apik lan entuk ranking siji.
Beni ning jaba kelas nunggoni bapake kanthi ati kang sarwa was-was lan wedi, amarga dheweke tetep isih ngrasa sumelang karo asile ulangan semester iki. “Pripun pak?” takone Beni marang bapake kang lagi metu saka kelas. “Bijimu elek.” wangsulane bapak galak kang ethok-ethok nggarapi Beni. Beni krungu bapake ngomong kaya mengkono langsung nangis kejer ngamplok bapake. Dheweke ngrasa apa kang dadi pangirane saiki dadi kasunyatan.
Weruh anake nangis, bapak langsung njunjung anak lanange kuwi lan ngumbul-ngumbulake dhuwur sambi ngomong menawa sejatine bijine Beni apik lan dheweke oleh ranking siji. Beni njaluk mudhun lan takon bapake kanthi penasaran semu ora percaya “Tenan boten pak?” “Iya le, iki rapotmu.” bapak mesem. Beni ngguyu seneng sambi iluhe dleweran lan ngamplok bapake meneh.
“Yes, alhamdulillah.” batine Beni ing jero ati. Dheweke banjur mulih karo bapake nganggo pit kebone kanthi ati lega lan seneng. Tekan ngomah Beni bengok-bengok ngandhani ibune menawa dheweke oleh ranking siji. Ibune kang krungu melu seneng lan langsung ngambungi Beni. “Sesuk aku ning Jurug bu.” bengoke Beni karo mlayu mlebu kamar. Ibune bingung krungu anake ngomong kaya ngono.
Jam loro awan Yuni lagi mulih saka omahe Murni, amarga mau nggarap tugas kuliah ing kana. Beni kang ngerti mbakyune mulih langsung mlayu metu. Crita marang mbakyune menawa dheweke bijine apik lan oleh ranking siji. Krungu adhine crita, Yuni seneng lan ngambung pipine adhine. “Tak tagih janjimu lho mbak.” peksane Beni. “Iya iya le.” Yuni mangsuli mesem.
Dina minggu wis teka, Beni wis siap dandan mlithit, dene Yuni ya wis rapi. Ora lali kekarone nganggo jaket, amarga arep lungo adoh. Beni lan Yuni pamit marang bapak lan ibu saprelu arep ning Jurug. Bapak lan ibu mung bisa menehi restu lan maringi sangu seket ewu. “Ati-ati ya.” piwelinge bapak ibu. “Oke.” semaure Beni kemaki.
Beni numpak ngarepe Yuni kanthi gocekan sepion. Nalika teka Jurug, Yuni markirke pit, banjur tuku tiket. Kekarone mlebu lan mlaku-mlaku ngubengi Jurug. Ing Jurug, Beni weruh macan, singa, baya, kethek, manuk, ula, lan liya-liyane. Dheweke seneng, lambene criwis takon lan crita-crita marang mbakyune. Yuni ya mangsuli kabeh kang ditakokne Beni kanthi mesem. Yuni uga rumangsa seneng weruh adhine seneng kaya mengkono.
Sakwise rampung lan puas mubeng-mubeng Jurug. Beni lan Yuni metu banjur mulih. Sakdurunge tekan ngomah, Yuni ngampirne adhine ning warung mie ayam bakso. Beni pesen bakso, dene Yuni pesen mie ayam. Kekarone mangan karo huwa-huwa kepedhesen, ditambah hawane sumuk banget. Beni bola-bali ngomong matur nuwun marang mbakyune, Beni seneng banget akhire dheweke isa ngerti Jurug lan mbesok nalika wancine mlebu sekolah bakal bisa crita marang kanca-kancane.

Dening: Wahyu Sulistiyaningsih
Pendidikan Bahasa Jawa FKIP UNS
Komunitas PULPEN IJO Surakarta

Komentar