Upacara Adhat Tumplak Punjen
MAKALAH UPACARA ADAT
PENGANTEN
TUMPLAK PUNJEN
SAHA
NILAI FILOSOFIS LAN SIMBOLIS
ING LAMPAHANING UPACARA
LAN
UBARAMPENIPUN
DENING :
WAHYU SULISTIYANINGSIH
K4211065/ B
Makalah Punika Dipunrakit
Kagem Jangkepi Sarat Kuliah
saha Lulusipun Kuliah Filsafat Jawa
ingkang Kaasta Dening Drs. Imam Sutardjo, M. Hum.
saha Djoko Sulaksono, S. Pd., M. Pd.
Semester IV Prodi Pendidikan Bahasa Jawa
JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS SEBELAS MARET
SURAKARTA
2013
ATUR CECALA
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Pangripta
tansah angonjukaken puji dalah syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang
tansah paring rahmat, hidayah, saha berkahipun, satemah pangripta saged anyerat
saha angracik makalah Filsafat Jawa punika
kanthi irah-irahan “Makalah Upacara
Adat Penganten Tumplak Punjen saha Nilai
Filosofis lan Simbolis ing Lampahaning Upacara lan Ubarampenipun.”
Pangripta
sanget ngaturaken panuwun dhumateng kanca-kanca saha sadaya pihak ingkang sampun paring pambiyantu
anggenipun damel makalah punika,
satemah sakpunika makalah saged
rampung kanthi sae. Pangripta ugi nglenggana inggih makalah punika temtu tasih kathah kekiranganipun, pramila pangripta
badhe rumaos bingah sanget bilih para pamaos sami paring pamrayogi ingkang
watakipun mbangun, amrih makalah
punika samangke dados seratan ingkang linangkung sampuna ugi migunani dhumateng
para pamaos. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
PRATELAN WOS
Kaca ngajeng ......................................................................................... i
Atur Cecala ........................................................................................... ii
Pratelan Wos ......................................................................................... iii
BAB I WIWITAN
A.
Pawadaning
Prekawis .............................................................. 1
B.
Momotaning
Prekawis .............................................................. 1
C.
Ancasing
Panyeratan ................................................................ 2
D.
Mupangating
Seratan ............................................................... 2
BAB II ANDHARAN
A.
Lampah-lampahaning
Pawiwahan ......................................... 3
B.
Paningset
.................................................................................... 8
C.
Tatacara
Adat Panggih ............................................................ 11
D.
Upacara
Adat Sakbibaripun Penganten Panggih ................. 13
E.
Pangertosan
Upacara Tumplak Punjen ................................. 17
F.
Lampahaning
Upacara Tumplak Punjen .............................. 18
G.
Ubarampenipun
Upacara Tumplak Punjen .......................... 19
H.
Nilai
Filosofis saha Simbolis Ubarampenipun
Upacara Tumplak Punjen ............................................................. 19
BAB III PANUTUP
A.
Dudutan
..................................................................................... 20
B.
Pamrayogi
.................................................................................. 21
Kapustakan ........................................................................................... 22
Dhaptar Laman .................................................................................... 23
BAB I
WIWITAN
A.
Pawadaning
Prekawis
Ngrembak babagan pawiwahan saha
pahargyan punika boten uwal saking pirembakan budaya Jawi, awit saking
pawiwahan punika inggih salah setunggalipun perangan saking adat saha budaya
Jawi, ingkang dumugi sakpunika upacara punika tasih lestari dipunlampahi dening
para masarakat ing tlatah Jawi, mliginipun para masarakat dhusun, ingkang raos
budayanipun tasih kenthel sanget. Masarakat pitados inggih wonten ing lebeting
upacara adat pawiwahan punapa dene pahargyan penganten Jawi punika ngemot werdi
ingkang lebet sanget. Kathah pangajab ingkang dipunsasmitakaken lumantar
ubarampe ingkang dipun-ginakaken wonten ing pawiwahan. Pangajab ingkang
dipunsasmitakaken kaliyan ubarampe punika awujud pangajabipun tiyang sepun
punapa dene penganten kekalih, supados anggenipun mbangun bale wisma samangke
tansah manggihi sedaya kabecikan, saha sadaya kacilakan sageda sumingkir,
satemah ing pungkasan dados keluwarga ingkang nemahi kebaking kabagyan, inggih
punika keluwarga ingkang sakinah, mawadah
saha warahmah.
Upacara pawiwahan tumplak punjen punika
katindakaken nalika ngundhuh mantu ingkang putra wuragil utawi ingkang
pungkasan. Tatacaranipun samangke ginakaken piranti pundhi ingkang lebetipun
kaisi kacang-kacangan, beras kuning, arta saha permen, lajeng dipunparingaken
dhateng para putra wayah sedaya.
B.
Momotaning
Prekawis
1. Kados
pundi lampahaning pawiwahan penganten?
2. Kados
pundi ujudipun paningset punika?
3. Kados
pundi lampahaning tatacara adat panggih?
4. Kados
pundi upacara adat sakbibaripun penganten panggih?
5. Kados
pundi pangertosanipun upacara tumplak punjen?
6. Kados
pundi lampahanipun upacara tumplak punjen?
7. Kados
pundi ubarampenipun upacara tumplak punjen?
8. Kados
pundi nilai filosofis saha simbolisipun ubarampe upacara tumplak punjen?
C.
Ancasing
Panyeratan
1. Ngandharaken
lampahaning pawiwahan penganten
2. Ngandharaken
ujudipun paningset
3. Ngandharaken
lampahaning tatacara adat panggih
4. Ngandharaken
upacara adat sakbibaripun penganten panggih
5. Ngandharaken
pangertosanipun upacara tumplek punjen
6. Ngandharaken
lampahanipun upacara tumplak punjen
7. Ngandharaken
ubarampenipun upacara tumplak punjen
8. Ngandharaken
nilai filosofis saha simbolisipun upacara tumplak punjen
D.
Mupangatipun
Seratan
1. Nambah
pangertosanipun para pamaos babagan upacara adat Jawi mliginipun upacara
tumplak punjen
2. Nuduhaken
nilai filosofis saha simbolis ingkang sinengker ing ubarampe upacara pawiwahan
dhumateng para pamaos
3. Supados
para pamaos mliginipun, saha sadaya masarakat Jawi umumipun, tansah mangertos
saha nindakaken upacara adat pawiwahan Jawi punika, ingkang sejatosipun mengku
werdi ingkang lebet sanget, satemah putra wayah samangke ugi mangertos saha
tansah nindakaken
4. Supados
budaya Jawi ugi tansah lestari
BAB II
ANDHARAN
A.
Lampah-Lampahaning
Pawiwahan
Boten
mokal menawi lampahaning upacara punika ing kutha saha ing padhusunan satunggal
lan satungggalipun boten sami, jumbuh kaliyan paribasan desa mawa cara, negara
mawa tata. Manut peprincen tuwin reroncening tatacara upacara, malakramakaken
putra kakung utawi putri punika ing nguni mawi nglangkungi pinten-pinten
tataran. Miturut Supardi (1992: 1-5), tataranipun inggih punika:
1. Utusan
Ingkang
winastan utusan punika tiyang ingkang kautus dening ingkang badhe hamengku
karsa, sesepuh calon penganten kakung ngawontenaken pirembagan kaliyan tiyang
sepuhipun calon penganten putri. Utusan punika ugi asring dipunsebat congkok.
2. Salar
Salar
inggih punika lumampahing congkok dhateng griyanipun tiyang sepuhipun calon
penganten putri, nyuwun katrangan inggih ingkang badhe kapundhut mantu punika
taksih lamban punapa sampun sinengker dening jejaka.
3. Nontoni
Nontoni
punika ningali kawontenan calon penganten putri ing griyanipun tiyang sepuhipun
ingkang katindakaken dening caraka utawi congkok mawi anganthi calon penganten
kakung.
4. Nglamar
Nglamar
inggih punika nglajengaken pirembagan ingkang ateges sampun wonten pasarujukan
para calon besan. Nglamar punika katindakaken dening congkok utawi utusan
kanthi surat.
5. Ningseti
Ningseti
inggih punika nyakup:
a. Masrahaken
paningset saking calon penganten kakung dhumateng calon penganten putri
b. Masrahaken
asok tukon
c. Netepaken
dinten, tanggal saha wulan badhe dhaupipun penganten, ingkang winastanan gethak
dina
Ing
jaman sakpunika limrah mawi upacara liru kalpika rukmi calon penganten kakung kaliyan
calon penganten putri, minangka tandha pepancangan.
6. Dhapukan
panitya
Dhapukan
panitya dipun-adani wonten ing griyanipun calon besan ingkang badhe ngayahi
gadhah damel mantu. Pandhapuking panitya punika gumantung kersanipun ingkang
badhe mantu. Menawi badhe amiwaha kanthi ageng-agengan, mila prelu kadhapuk
panitya, nanging menawi namung kanthi reringkesan, cekap miji para sanak kadang
tanggi tepalih kemawon.
7. Kumbakarnan
Kumbakarnan
punika ngaturi para pinisepuh, sanak kadang, tanggi tepalih sakcekapipun.
Ancasipun inggih punika biyowaraken anggenipun badhe gadhah damel mantu, dhapuk
para ingkang badhe sinaraya suka biyantu bot repotipun kaperluan mantu, ugi
para mudha-mudhi ngideraken serat ulem.
8. Jonggolan
Jonggolan
punika titiwanci calon penganten kakung saha putri atur palapuran dhateng
Kantor Urusan Agama (KUA), saprelu katitipriksa anggenipun sami badhe
palakrama.
9. Pasang
tarub, tuwuh, pasren
Pamasanging
tarub utawi tuwuhan punika kalampahinpu gumantung ingkang gadhah damel mantu,
awit adhedhasar titi wanci pamasanging tarub utawi tuwuhan punika kedah mawi
petang. Ingkang limrah punika nunggil dinten utawi kirang sedinten dumugining
damel.
a. Sepasang
taneman pisang raja saktuntutipun, pikajengipun supados kados wit pisang
ingkang saged tuwuh saha urip ing pundi papan, sarta saged nyesuaiaken dhiri
pribadi. Dene miturut Supardi (1990: 10), pisang raja saktuntutipun kalih
tundhun, panggegadhangipun rama ibu mugi putra penganten ngenggenana watak lan
jiwaning raja, inggih punika berbudi bawa leksana, asih marang sesami. Tuntut,
mugi-mugi putra penganten enggal atut runtut rerentengan, sih-sinisihan.
b. Sepasang
tebu wulung, tebu punika antebing kalbu, dene wulung punika alus utawi mateng.
Ingkang werdinipun penganten kekalih anggenipun badhe nindakaken punapa kemawon
kedah sampun dipunpikir kanthi mateng, lajeng katindakaken kanthi tekad ingkang
tuhu saha pantang mundur (mulat
sarira hangrasawani).
c. Cengkir
gadhing kalih janjang, klapa gadhing punika salah satunggaling klapa ingkang
kulitipun taksih kuning. Klapa mudha punika dipunwastani cengkir, ingkang
tegesipun kencenging pikir utawi kemauan
keras anggenipun nggayuh ancas pagesangan ing bale winangun.
d. Pantun
kalih unting, pralambanging tedha, mugi-mugi putra penganten kacekapan ing
boga.
e. Cindhe
utawi emban-mbanan kalih lembar, pralambanging sandhang, menawi kagandhengaken
kaliyan pantun nglambangaken sandhang boga. Mugi-mugi putra penganten kacekapan
sandhang tuwin tedhanipun.
f. Ron-ronan
(waringin, kara, alang-alang, lan apa-apa), werdinipun mugi-mugi punapa ingkang
dados pepinginanipun penganten kekalih sageda kasembadan, tebih saking sadaya
alangan, lan boten nemahi apa-apa.
10. Srah-srahan
utawi serahan
Srah-srahan
punika masrahaken ubarampe ingkang dados adat tatacara ingkang lumampah ing kutha
utawi dhusun, wondene ujudipun kadosta:
a. Ubarampe
wajib, antawisipun panjang ilang, majemukan, sanggan tumpeng lss.
b. Kudangan,
minangkaning pamundhutipun calon besan utawi tiyang sepuhipun calon penganten
putri.
c. Pamesing,
arupi pangageman kagem embahipun calon penganten putri (sarung, badhe rasukan
lss).
d. Pelangkah,
mligi kangge sedherek sepuh (kakang utawi mbakyu) menawi calon penganten putri
nglangkahi sedherekipun sepuh.
e. Taksih
wonten panunggilipun, inggih kados arta, pangageman kangge calon penganten
putri lss. Ingkang boten mujudaken kudangan.
11. Siraman
Upacara
siraman katindakaken kirang sedinten sakderengipun tempuking damel, mapan
wonten ing griyanipun calon penganten putri. Wancinipun kirang langkung tabuh
10.00 – 11.00. Ingkang nindakaken siraman inggih punika pinisepuh putri,
ingkang tasih wonten sesambetanipun kulawarga.
12. Paes
Upacara
paesing calon penganten putri sinungging paes werni cemeng punika katindakaken
sakbibaripun siraman, dening juru paes. Caranipun: rikma ing athi-athi lan
sinoman kapagas sekedhik, supados amimbuhi kasulistyanipun. Upacara punika
dipunwastani dialub-alubi (pethet rikma)
13. Midodareni
utawi pangarip-arip
Midodareni
inggih punika malem badhe dumugining pawiwahan penganten. Ing malem midodareni
punika ngrawuhaken tamu, utaminipun para sesepuh. Ndungkap tabuh 23.00/24.00,
kalajengaken upacara panebusing kembar mayang winangun saha upacara wilujengan
midodareni.
14. Nyantri
Nyantri
inggih punika rawuhipun calon penganten kakung ing griyanipun calon penganten
putri, ingkang kairing dening para mudha taruna ingkang dipunwastani sentana
penganten.
15. Nebus
kembar mayang
Cak-cakanipun
panebusing kembar mayang punika wonten kalih werni, inggih punika:
a. Katindakaken
dening dhukun penganten minangka panebus/ingkang ngupadi kembar mayang, sarta
ingkang kajibah tengga kembar mayang.
b. Katindakaken
dening paraga piniji sarta mawi upacara jangkep, wonten ingkang apindha dhalang
kanthi kairing gangsa tape recorder.
Ingkang kapiji ngupadi utawi nebus kembar mayang kanthi pangiring sakcekapipun,
sarta wonten ingkang maragani minangka panguwosing kembar mayang.
Reroncen
kembar mayang punika asring dipunwastani Sekar Kalpataru Dewandaru Jayandaru,
ingkang yasa para widadari cacah pitu, ingkang kaprahipun lajeng sinebat sekar
mancawarna. Sekar mancawarna punika kajawi kinarya nugraha kangge mberat
sukertaning jagad, ugi kangge ubarampenipun penganten. Miturut Imam Sutardjo
(2008: 89), isining sekar adi mancawarna punika mengku pasemon:
1) Oyodipun
winastan bayu bajra, minangka pasemoning kekiyatan, tegesipun penganten kedah
kiyat lair batosipun, amrih gesangipun saged teguh santosa, boten gampil
kasempyok ing pangrencana.
2) Witipun
nama purwa sejati, dados pasemon wiwitaning mangun gesang bebrayan linambaran
kiyat sentosaning batos, ingkang tundhonipun bebrayan saged ayem tentrem, kalis
ing godha rencana.
3) Pang-ipun
sinebat keblat papat, minangka pasemon mugi jumangkahipun padha penganten
anggenipun ngupadi kabetahan agesang tansah pinaringan gampil
4) Ronipun
sinebat pradapa mega rumembe, gegambaranipun badhe tumuruning toya jawah, toya
minangka salah satunggaling kabetahan para titah.
5) Sekaripun
winastan Dewandaru Jayandaru, minangka pasemon pangawakaning penganten putri.
6) Uwohipun
sinebat daru utawi kilat, kinarya pasemon sipating penganten putri
saksampunipun winengku priya, ginadhang sageda nuwuhaken putra.
Sangandhapipun
sekar mancawarna wonten degan kalih utawi sajodho, ingkang isi toya wening
ingkang sampun meneb. Sekar mancawarna punika boten kenging tumbas, nanging
cekap liniru ing sarana sadak lawe sajodho saha klasa bangka, ingkang kedah
dipunwangsulaken.
16. Majemukan
Majemukan
inggih punika upacara wilujengan ingkang katindakaken sakbibaripun upacara
panebusing kembar mayang. Ubarampenipun ingkang tinampi saking calon penganten
kakung ing rikalanipun upacara srah-srahan.
17. Temuking
damel utawi pahargyan pawiwahan
Lumapahing
tatacara pawiwahan utawi pahargyan penganten punika saged katindakaken tatacara
ijabing penganten, upacara dhaup utawi panggihipun penganten, upacara adat
sakbibaripun, penganten panggih, upacara kirab, sabdatama lan donga pamuji.
B.
Paningset
Miturut
pamanggihipun dalem Ingkang Sinuhun Pakoe Buwono V, suraosipun paningset punika
mengku werdi minangka haningseti, tegesipun haningseti rembag ingkang sampun
gumolong, tumrapipun para pinisepuh ingkang badhe bebesanan sarana andhaupaken
putranipun. Miturut Suparjo wonten ing lebeting makalah (2012: 3-5), ujudipun
paningset punika kaperang dados paningset baku, abon-abon saha pangiring,
inggih punika:
1. Paningset
baku, antawisipun:
a. Sesupe
seser, inggih punika sesupe ingkang boten mawi mripat sarta lus, utawi saged
dipunwastani sesupe ingkang bongkot pucukipun gathuk tanpa watesan. Punika
dados pasemon bilih ingkang dipunsingseti sampun mawi ater-ater miwah tanpa
aling-aling. Panganggenipun wonten ing driji manis kiwa. Dene calonipun menawi
sampun dhaup, kapindhah wonten driji manis tengen. Menawi tasih kiwa naminipun
kalpika, mila tatacara masang ing kiwa dipunwastani upacara angrasuk kalpika,
dene menawi sampun ing tengen naminipun kalpika tresna.
b. Setagen,
tumrap setagen punika ingkang kapendhet bebakalanipun, inggih punika lawe.
Keplasipun, bebakalaning sandhang. Werdinipun mengku pangajab mugi
jejodhohanipun kiyata nandhang seliring lelampahan, mekaten ugi tumraping
ingkang bebesanan.
c. Sindur
utawi slindur, punika ulasanipun abrit lan pethak. Dados sasmitaning estri lan
jaler, ingkang kaajab sageda manunggal, temah hanjalari tuwuhipun wiji gesang
utawi wiji dadi inggih turun.
d. Semekan,
punika kapendhet minangka lambang pangageming wanodya ingkang kalebet baku.
Kajawi tetamenging taleng tedhaning jabang bayi, ugi dados pepenget dhateng bab
kasusilan saha bab tatakramaning mangagem.
e. Sinjang
truntum, kapilihaken ingkang carik truntum punika dados pepengeting gesang,
inggih bilih gesang punika kawengku ing padhang lan peteng. Awit ing truntum
wau, wonten pepethan gebyaring lintang ing akasa wanci dalu. Dados
pangajabipun, nadyan ta boten saged oncat saking pepeteng, nanging mugi ugi
pinaringan raos padhang sawetawis. Kapetha ing gambar gebyaring lintang.
Kosokwangsulipun, minangka gebyaring pepadhang, nanging sampun ngantos
kalimput, jer ngagesang taksih adhakan linimputan ing pepeteng.
2. Abon-abon,
antawisipun:
a. Jeram
gulung, pasemon gumolonging gegebengan. Liripun anggenipun bebesanan sarta
tumrap pengantenipun, sumagah lan ngandhemi sedaya kwajibaning lungguhipun
kanthi sampun kamanah panjang. Dados mor misah kaliyan pikajengipun.
b. Sekul
golong, ingkang keplasipun inggih punika gumolong lan ndhadha sedaya temahaning
bebesanan lan jejodhoanipun anak ingkang dados penganten.
c. Tebu
wulung, mengku jarwa tuking memanis, inggih pangajab tumrap gegayuhan ingkang
sarwa enak lan kepenak. Mekaten malih dados pasemon suprih raket lan
rumaketipun bebesanan lan jejodhoaning anak.
d. Pisang
ayu suruh ayu
3. Pangiring,
antawisipun:
a. Wulu
pamedalipun pasiten, kados ta bangsanipun kapendhem. Punika nama rangken.
Tegesipun naming minangka nelakaken pratandha hanggadhahi kwajibaning jaler
atasipun dhateng estri. Menggah tumrapipun ngandhap dhateng nginggilan, nama
bulubekti. Menawi nginggilan dhateng sor-soranipun, winastan panjurung sih.
Tarkadhang wonten ingkang kawujudaken.
b. Kabetahanipun
tiyang estri ugi jangkeping kapreluan balegriya. Kados ta panganggen, pirantos-pirantos
wingking lan sesamenipun.
Menawi
pengetan penggalih dalem Sinuhun Pakoe Buwono IV, upacara paningset saged mawi
katambahan cengkir gadhing sajodho, naming menawi pasrahipun paningset kaliyan
titimasa badhe dhaupipun taksih dangu, cengkir gadhing boten
dipun-prayogakaken, awit cengkir punika pasemoning wadhah bebakalaning
manungsa. Dados kirang prayogi menawi cengkir wau dipunjangkepaken ing
paningset, saged dipunwastani gage mangsa, amargi saged dipun-werdeni supados
estri tumuli hanggarbini.
Dene
miturut Sugeng Surjanto, Muljono Djojomartono lan Moh. Oemar, paningset punika
awujud jadah, jenang, saha pisang raja. Jadah punika dhaharan ingkang kadamel
saking ketan kaliyan klapa, pikajengipun supados penganten kekalih sarta
kaluarwarganipun saged tansah raket-supeket. Jenang dipundamel saking ketan
kaliyan gendhis lan klapa ingkang raosipun manis, supados penganten kekalih
saged gesang sesarengan kanthi raos manis lan kebak ing kabagyan. Lajeng pisang
raja, ngemot pangajap inggih punika penganten kekalih samangke gesangipun
sageda nemahi kabagyan kados dene raja.
C.
Tatacara
Adat Panggih
Upacara
panggihipun penganten jangkep, cak-cakanipun inggih punika:
1. Ubarampenipun
kedah sampun dipunsamektakaken.
2. Upacara
panggih limrahipun katindakaken ing wiwaraning sasana wiwaha.
3. Penganten
putri dipunkanthi saking sasana rinengga tumuju ing wiwaraning sasana wiwaha,
kadherekaken kembar mayang kang ngiringi penganten putri.
4. Upacara
panggihing penganten dipunpangarsani dening dhukun utawi rias penganten.
5. Upacara
panggihing penganten punika warni-warni
Miturut
Supardi (1990: 1), inggih punika :
a. Wonten
ingkang mawi nglangkahi ron kluwih, pikajengipun supados penganten kekalih
saged pikantuk kaluwihan anggenipun ngupadi boga wastra, sasana, saha
katentremaning gesang.
b. Wonten
ingkang namung kanthi jawat asta.
c. Dene
ingkang jangkep, inggih punika:
1) Gantal,
sedhah liniting tinangsulan lawe wenang cacahipun kalih. Balanganipun penganten
putri sinebat gondhang kasih, dene balanganing penganten kakung sinebat
gondhang tutur. Miturut Drs. Udik Siswanto wonten ing blog Ari Zulaicha, gantal
ingkang saking ron sirih punika ngemot pasemon serasi, selaras, saha seimbang. Limrahipun wonten ing adicara
balangan gantal, pambiwara ngendika “godhong suruh lumah lan kurebe, yen
ginigit padha rasane,” werdinipun inggih punika penganten kekalih samangke
kedah saged nglampahi gesang kanthi raos bungah utawa susah dipuntanggung
sesarengan.
2) Pasangan,
pasemon mugi anggenipun sami mangun bebrayan sageda mujudaken pasangan ingkang
cundhuk lair batosipun, boten nalisir saking angger-anggering kautamen.
3) Ron
pisang raja, pasemon mugi-mugi anggenipun mangun brayan sinung kawibawan kados
jejering narendra ingkang mahambeg berbudi bawa leksana.
4) Tigan
ayam, tigan ayam kapidak pecah liripun anggenipun mangun brayan lajeng sageda
mecah (misah) saking tanggel jawabing tiyang sepuh, mandhiri pribadi.
5) Bokor
setaman, pasemon mugi anggenipun mangun brayan dados kembanging bebrayan
ingkang pantes sinudarsana ing akathah.
6) Pipisan,
pasemon mugi anggenipun mangun brayan ngemungna sepisan punika kemawon ing
salamining gesang.
7) Tilam
lampus, pasemon mugi anggenipun mangun brayan tansah sinisihan ing donya dumugi
delahan.
8) Clupak,
ingkang murup mentir punika dadosa pralampita amrih gesanging bebrayan pikantuk
pendhamping lampah, tumuju kabegjan saha karaharjan gesang.
9) Kendhi
isi toya wening, pasemon mugi penganten kekalih pinaringan weninging penggalih,
murih samubarang ingkang kaesthi kaparengaken dening Gusti Ingkang Maha Mirah.
6. Panggihing
penganten jangkep manut tilaraning tiyang sepuh (leluhur) ingkang taksih limrah
katindakaken kanthi ubarampe jangkep.
Miturut
Imam Sutardjo (2008: 91), inggih punika:
a. Penganten
kakung putri sami balang-balangan gantal gondhang kasih saha gondhang tutur.
b. Penganten
putri sami mancik pasangan, ingkang kalemekan roning pisang raja sapapah.
c. Penganten
kekalih nyaketi tigan ayam, tumunten penganten kakung amidak tigan ayam ngantos
pecah. Penganten putri lajeng sumembah saha mijiki sukunipun penganten kakung
mawi toya ingkang dipunwadhahi bokor kencana (sekar setaman).
d. Penganten
kekalih jumeneng jajar sumandhing saprelu kaunjukan toya wening ingkang
winadhahan kendhi pratala.
e. Penganten
kekalih kinepyok sekar mancawarna.
f. Penganten
kekalih dipunsingepi sindur ingkang werninipun abrit pethak, ingkang nindakaken
ibunipun penganten putri utawi dhukun penganten ingkang manggihaken.
g. Penganten
kekalih tumuli kairing manjing sasana rinengga saha kalenggahaken, penganten
kakung wonten sisih tengen utawi kanan, penganten putri wonten sisih kiwa utawi
kering.
D.
Upacara
Adat Sakbibaripun Penganten Panggih
Upacara
sakbibaripun penganten panggih, inggih punika upacara adat krobongan. Miturut
Imam Sutardjo (2008: 92-95), cak-cakanipun inggih punika:
1. Kacar-kucur,
penganten kakung jumeneng ngasta tilam lampus (klasa bangka) isi arta receh
dipuncampuri uwos utawi ketos lajeng kasuntak ing pangkonipun penganten putri.
Penganten putri nedhahi mawi sindur utawi slendhang.
Pralambang
jejibahanipun penganten kakung wajib tanggel jawab dhateng rabinipun, guna kaya
wohing pakartinipun kakung kedah kapasrahaken dhateng ingkang putri, mekaten
ugi putri gadhah tanggel jawab nyekap-nyekapaken anggenipun ngecakaken guna
kaya ingkang tinampi saking lakinipun.
2. Dulangan,
penganten kakung putri sami ngasta (ngepel) sekul pethak lajeng sami
dulang-dulangan, cekap kaping sepisan kemawon. Saksampunipun dulang-dulangan,
piring ingkang isi sekul pethak tirahanipun ingkang dipunkepel dipunpupuki
lawuhan, lajeng dipuntangkepaken dados setunggal kaliyan piring ingkang mentas
kangge wadhah lawuhan, dipunwastani gambuhan.
Pralambanging
mugi sageda tumangkep manunggal sih tresnanipun penganten kakung putri, jumbuh
ingkang ginayuh, sembada ing sinedya.
Kalajengaken
ngunjuk rujak degan. Kawiwitan penganten kakung, nunten penganten putri.
Ingkang kangge rujak punika prayogi milih klapa ingkang wala, tegesipun klapa
nembe uwoh sepisan.
Pralambang
kekudangan para sepuh, mugi-mugi penganten enggal kaparingan momongan utawi
wohing palakrami, sarta ginadhang mugi sri penganten saged nguwohaken kautamen
ingkang pantes tinulat dening bebrayan sesami.
3. Timbangan
Miturut
Supardi (2005: 4), timbangan katindakaken dening ramanipun penganten putri
kanthi lenggah mangku, asta karangkulaken ing pamidhanganipun penganten
kekalih. Ibunipun penganten putri lenggah ing sangajengipun penganten, lajeng
rama ibunipun penganten sami wawan pangandikan, tembungipun:
Ibu
: “Kepriye Bapak? Panjenengan dakaturi nimbang putramu sakloron, abot endi?”
Rama
: “Ibu, saka pangrasaku padha, timbang bobote”
Ibu
: “Sokur Bapak, yen mengkana ayo padha nyenyuwun dhateng Gusti muga-muga bobot
kang wis timbang kuwi bisaa tumus tekan ing ati, tegese timbang boboting
katresnane bocah sakloron.
Rama
: “Iya Ibu, aku jumurung ing ati, sarta tut wuri handayani. Muga-muga bocah
sakloron kinembeng ing kamulyan, kinembong ing karaharjan.
Pralambang
pangrengkuhipun rama ibunipun penganten putri dhumateng penganten kekalih,
boten emban cindhe emban siladan. Kaanggepa putra piyambak, sanajan putra
mantu.
4. Sungkeman
Miturut
Supardi (2005: 4), ingkang dipunsungkemi dening penganten kekalih inggih punika
rama ibunipun penganten kakung, rama ibunipun penganten putri, saha eyangipun
menawi taksih sugeng.
Urut-urutanipun
ingkang dipunsungkemi inggih punika eyang putri, eyang kakung, ibu penganten
putri, rama penganten putri, ibu penganten kakung, rama penganten kakung.
Ingkang sungkem penganten kakung rumiyin, lajeng penganten putri.
Cak-cakanipun
sungkem inggih punika asta katangkepaken, kauswaing pucaking grana kaleres
poking jempolan, nunten katumpangaken ing pangkonipun ingkang dipunsungkemi.
Anggenipun
gilir gumatos sungkeman penganten kekalih, penganten kakung boten ngungkuraken
penganten putri, nanging ngajengaken.
Amrih
timanem ing raos, penganten sungkem punika boten kesesa, boten kaereh dening
dhukun penganten, nanging tuwuh saking raosing penganten piyambak. Dangunipun
sumungkem ing pangkoning eyang, ibu, saha rama punika kirang langkung gangsal
ngantos sedasa unjaling napas.
5. Upacara
Kirab
Upacara
kirab inggih punika penganten kekalih dipunkirab ingkang lampahipun miyos saha
nglangkungi pendhapi, gadri utawi emper, pawon, sumur, lajeng sasana santun
busana. Punika kalawau pralambang jejibahanipun penganten kekalih sakderengipun
mbangun bale wisma sesarengan. Kirap punika kaperang dados kalih, inggih punika
kirab kanalendran lan kirab kasatriyan.
a. Kirab
kanalendran
Miturut
Imam Sutardjo (2008: 93), busananipun kirab inggih punika:
1) Basahan
(gerbong kadhem), ngagem kampuh utawi dodot, makutha mathak (klawu), lancingan
cindhe.
2) Singkepan
(kanigaran), jas tutup ngagem dhasi, nanging boten kakancingaken, werninipun
kuluk cemeng.
3) Langenarjan,
jasipun wingking cekak, ngajeng bikakan, ngagem rompi, dhasi kupu, nyamping,
saged ngagem kuluk utawi dhestar.
Lampahing
kirab kanalendran punika werni-werni, kadosta:
1) Paraga
pamethuk sami sawega caket wiwaraning sasana pawiwahan, jumeneng jajar
kalih-kalih (kajawi subamanggala), lajeng sami lumampah kanthi dipun-iringi
gendhing tumuju dhateng sangajengipun sasana rinengga. Saksampunipun dumugi,
lajeng dipunpiyak nganan ngering (ajeng-ajengan), subamanggala nunten sasmita
dhumateng penganten kekalih, saprelu jengkar saking palenggahan.
2) Menawi
boten dipun-iringi gendhing, cekap kairing rerepen (tembang macapat) utawi mawi
sulukan, dening paraga ingkang sampun piniji.
3) Tanpa
pethukan, sedaya paraga pamethuking kirab sampun sami satata wonten sangajengipun
sasana rinengga, kantun bidhal.
Tataning
paraga kirab inggih punika:
1) Subamanggala
(cucuking lampah) cacah 1
2) Manggalayuda
(satriya kembar) cacah 2
3) Patah
sakembaran (patahing penganten) cacah 2
4) Penganten
kekalih (kakung putri)
5) Putri
dhomas cacah 8
6) Para
warga wandawa (kakung putri), 3 – 4 sarimbit
7) Besan
(rama ibunipun penganten kakung)
8) Panutuping
kirab ingkang kagungan damel (rama ibunipun penganten putri)
b. Kirab
kasatriyan
Kirab
kasatriyan punika pangiringipun sami kados kirab kanalendran, inggih mawi putri
dhomas saha para warga wandawa (sanak kadang), ingkang beda namung agemanipun
kemawon.
6. Sabdatama
Sabdatama
punika sejatosipun boten upacara baken, menawi boten dipunwontenaken inggih
boten punapa. Menawi dipunwontenaken, ingkang paring sabdatama punika kedah
priyantun ingkang sampun kapiji, inggih punika ingkang wasis micara, mumpuni,
saha badhe mimbuhi kawibawanipun upacara pawiwahan. Suraosipun sabdatama punika
prayoga kajumbuhaken kaliyan kawontenanipun penganten kekalih.
7. Doa
Doa
limrahipun katindakaken dening ingkang ngayahi jejibahan paring sabdatama
sekaliyan, nanging inggih boten mesthi, saged dipuntindakaken dening tiyang
sanes ugi.
8. Pawiwahan
paripurna
Pratandhanipun
pawiwahan sampun paripurna inggih punika menawi penganten kekalih ingkang
dipunkanthi dening rama dalasan ibu, jumeneng ing wiwaraning sasana pawiwahan,
saprelu nguntapaken konduripun para tamu kanthi ajawat asta.
E.
Pangertosan
Upacara Tumplak Punjen
Dipuntingali saking werdi etimologinipun, frase “Tumplak Punjen” punika kadadosan saking tembung “Tumplak”
saha tembung “Punjen”. Tembung “Tumplak” punika tegesipun dipun-esohaken, ka-esohake,
kawetahake, kawutuhake, dene tembung “Punjen” punika tegesipun mantu,
mantokaken putra ingkang wuragil utawi barang darbe ingkang dipunpunji-punji
utawi dipunklempak-klempakaken wiwit dados temanten (tiyang sepuhipun) taksih
tirah lajeng dipunparingaken dhateng para putra wayah.
F.
Lampahaning
Upacara Tumplak Punjen
Acara tumplak punjen katindakaken
ing acara krobongan, saksampunipun dhahar kembul lan ngunjuk toya wening. Besan
dereng karawuhaken ing pajangan sakcelakipun penganten, amargi tumplak punjen
punika kalebet acara intern ingkang
hamengku gati. Saksampunipun penganten pinaringan unjukan toya wening,
penganten kajengkaraken saking palenggahan, tumuli kursi dhampar rinengga
penganten kagem lenggah rama lan ibu. Para putra wayah atur sungkem utawi atur
pangabekti wonten ngarsanipun rama dalah ibu, dipun-adani wiwit putra pambayun
ngantos wuragil. Sungkem punika inggih perangan ingkang baken ing upacara
tumplak punjen, awit mralambangaken atur pangabekti wonten ngarsanipun rama
tuwin ibu bilih para putra tansah rumaos dipun-gulawenthah ngantos dados
piyantun ingkang berhasil, inggih awit para putra sampun mentas sedaya. Mila
para putra wayah tansah atur pangabekti kanthi sungkem lan ngaturaken panuwun
wonten ngarsanipun rama lan ibu.
Saksampunipun upacara sungkem, rama
dalasan ibu lajeng maringaken pundhi-pundhi kanthong dhateng para putra wayah
utawi nyebar arta cring. Nggambaraken bilih ngaturaken raos sokur wonten
ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, karana putra ingkang wuragil sampun
dhaup palakrama, tanggel jawabipun utawi ayahanipun minangka tiyang sepuh rama
ibu sampun rampung. Mila bandha ingkang taksih tirah lajeng dipundum-dumaken
dhateng para putra wayah.
Wonten ing saklebetipun acara
tumplak punjen, pambiwara ngrenggani mawi rerepen sekar Mintajiwa, inggih
punika:
Dhuh kulup, putraningsun
Sira iku wus wanci, pisah lan
jeneng ing wang
Ywa kogung ing budi
Becik sira wirya sembada
Mandhireng pribadi
Amungta, wekas ing wang
Ywa pegat, teteki
Utawi dipunsarengi ladrang Santi
Mulya. Purnaning acara tumplak punjen, penganten ingkang kawiwaha kalenggahaken
malih ing dhampar rinengga, dene ingkang hamengku gati jengkar saking papan
tunuju wiwara ngajeng mapag rawuhipun besan, tumuli kadherekaken lenggah ing
sakcelakipun saprelu badhe nampi sungkem pangabektenipun penganten.
G.
Ubarampenipun
Upacara Tumplak Punjen
Ubarampe
ingkang dipunbetahaken ing upacara tumplak punjen inggih punika:
1. Kanthong
utawi pundhi ingkang dipunhias
2. Kacang-kacangan
3. Empon-empon
4. Beras
kuning
5. Arta
utawi redana
6. Emas
utawi jene, saha
7. Permen
H.
Nilai Filosofis saha
Simbolis Ubarampenipun Upacara Tumplak Punjen
Nilai
filosofis saha simbolisipun saben ubarampe ingkang dados isinipun pundhi ing
upacara tumplak punjen:
1. Kacang-kacangan,
mralambangaken kemakmuran utawi saged berhasil
2. Empon-empon,
mralambangaken kesarasan
3. Beras
kuning, mralambangaken sumber patedhan utawi rejeki
4. Arta
utawi redana, mralambangaken sarana kabetahanipun tiyang gesang
5. Emas
utawi jene, mralambangaken kadonyan
6. Permen,
mralambangaken kawigatosanipun raos tresna asih dhateng para wayah
BAB
III
PANUTUP
A.
Dudutan
1. Lampah-lampahanipun
pawiwahan inggih punika: a) utusan; b) salar; c) nontoni; d) nglamar; e)
ningseti; f) dhapukan panitya; g) kumbokarnan; h) jonggolan; i) pasang tarub,
tuwuh, pasren; j) srah-srahan; k) siraman; l) paes; m) midodareni; n) nyantri;
o) nebus kembar mayang; p) majemukan; q) tempuking damel utawi pahargyan
pawiwahan.
2. Paningset
punika kaperang dados paningset baku, abon-abon lan pangiring. Ingkang kalebet
paningset baku, kadosta: sesupe seser, setagen, sindur, semekan, lan sinjang
truntum. Lajeng abon-abon inggih punika: jeram gulung, sekul golong, tebu
wulung, pisah ayu suruh ayu. Dene pangiring inggih punika: wulu pamedaling
pasiten lan kabetahan tiyang estri ugi jangkeping kepreluan balegriya (panganggen,
pirantos-pirantos wingking, lsp.)
3. Tatacara
adat panggih inggih punika: ubarampe kedah sampun dipunsamektakaken, penganten
putri dipunkanthi tumuju wiwaraning wiwaha, lajeng nembe nindakaken upacara
panggihing penganten jangkep kanthi dipunpangarsani dhukun utawi rias
penganten.
4. Upacara
adat sakbibaripun penganten panggih inggih punika: kacar-kucur, dulangan,
timbangan, sungkeman, upacara kirab, sabdatama, doa, lan pawiwahan paripurna
5. Tumplak
Punjen, tumplak tegesipun dipun-esohaken, ka-esohake, kawetahake, kawutuhake.
Punjen tegesipun mantu, mantokaken putra ingkang wuragil.
6. Tumplak
punjen katindakaken ing acara krobongan, saksampunipun dhahar kembul lan
ngunjuk toya wening. Para putra wayah atur sungkem utawi atur pangabekti wonten
ngarsanipun rama dalah ibu, dipun-adani wiwit putra pambayun ngantos wuragil. Mralambangaken
atur pangabektinipun putra dhumateng rama tuwin ibu bilih para putra tansah
rumaos dipun-gulawenthah ngantos dados piyantun ingkang berhasil, inggih awit
para putra sampun mentas sedaya. Lajeng rama dalasan ibu maringaken
pundhi-pundhi kanthong dhateng para putra wayah utawi nyebar arta cring.
Nggambaraken bilih ngaturaken raos sokur wonten ngarsanipun Gusti ingkang
murbeng dumadi, karana putra ingkang wuragil sampun dhaup palakrama, tanggel
jawabipun utawi ayahanipun minangka tiyang sepuh rama ibu sampun rampung.
7. Ubarampenipun
upacara tumplak punjen inggih punika: a) kanthong utawi pundhi ingkang
dipunhias; b) kacang-kacangan; c) empon-empon; d) beras kuning; e) arta; f)
emas; g) permen
8. Nilai filosofis
lan simbolis ubarampenipun upacara tumplak punjen, inggih punika:
a. Kacang-kacangan,
mralambangaken kemakmuran
b. Empon-empon,
mralambangaken kesarasan
c. Beras
kuning, mralambangaken rejeki
d. Arta,
mralambangaken sarana kabetahanipun tiyang gesang
e. Emas,
mralambangaken kadonyan
f. Permen,
mralambangaken kawigatosaniun raos tresna asih dhateng para wayah
B.
Pamrayogi
Minangka tiyang
Jawi, inggih punika tiyang sepuh ingkang badhe malakramakaken putra, kedahipun
inggih tansah ngginakaken lampah-lampahanipun upacara adat penganten kanthi
runtut saha jangkep, awit ing lebeting upacara adat punika ngemot pangajab saha
suraos ingkang lebet sanget werdinipun. Budaya Jawi kedah tansah dipunjagi saha
dipun-uri-uri amrih boten diaku-aku dening bangsa sanes malih. Ampun nggadhahi
watak kagetan saha gumunan, kang senenge naming melu-melu budaya sanes inggih
upacara panganten katindakaken ing lebeting gedhung, busana saha reroncening
adicara ugi memper budaya sanes.
KAPUSTAKAN
Imam, Sutardjo.
2008. Kajian Budaya Jawa. Surakarta:
Jurusan Sastra Daerah – FSSR UNS
Soenarwan,
Hadipoernomo. 1998. Rantaman Jangkep
Upacara Pahargyan Temanten. Sukoharjo: Cendrawasih
Sugeng,
Surjanto, Muljono Djojomartono dan Moh. Oemar. 1978. Adat dan Tatacara Perkawinan Daerah Jawa Tengah. Jawa Tengah:
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan
Supardi, HP.
1990. Upacara Ngadat Tatacara Jawi
Tumplak Punjen. Sragen: Pawiyatan Pambiwara saha Pamedhar Sabda Permadani
Supardi, HP.
1990. Upacara Penganten. Sragen:
Pawiyatan Pambiwara saha Pamedhar Sabda Permadani
Supardi, HP.
1992. Upacara Penganten Miturut Tata Cara
Kajawen Wonten ing Sekar Setaman. Sragen: Pawiyatan Pambiwara saha Pamedhar
Sabda Permadani
Supardjo (dalam
makalah). 2012. Sawetawis Bab Kabetahan
Gadhah Damel Mantu Sambetipun lan Tatacara Adat Jawi (Surakarta). Surakarta
DHAPTAR
LAMAN
Udik,
Siswanto dalam blog Ari Zulaicha. 2013. Makna
Piranti Perkawinan Adat Jawa. http://ari_zulaicha-fisip12.web.unair.ac.id/artikel_detail-72802-Indonesia-Makna
Piranti Perkawinan Adat Jawa.html
diunduh pada hari Selasa, 14 Mei 2013 pukul 09.50 WIB.
_____________.
2005. Adat Istiadat Jawa. http://karatonsurakarta.com/mantu.html
diunduh pada hari Selasa, 14 Mei 2013 pukul 10.00 WIB.
Matur nuwun saget nambahi seserepan.
BalasHapusboleh izin copas enggak nih , buat tugas basa jawa? lengkap sekali makasih
BalasHapusDyah Parameka Kumala : inggih sami-sami, bilih wonten ingkang kirang jumbuh, nyuwun tulung pamanggihipun nggih :)
BalasHapusQoid Hasan : iya sama-sama, boleh. Asal sourse tetap dicantumkan yaa :) makasih
BalasHapus