Postingan

Menampilkan postingan dengan label Materi Pembelajaran

Perangan Omah Adat Jawa

Gambar
    1. Empyak : kayu/pring ragangan payon     2 . Gendheng : tutup payon     3. Wuwung : gendheng kang ditrap ing tumpukan payon dhuwure molo     4. Talang : urung-urung saka seng kanggo ngilekake banyu    5. Molo : balungan omah kang ana dhuwur dhewe, mujur tumumpang wuwung    6. Saka : cagak kang nyangga payon    7. Blandar : balungan kang nyangga empyak    8. Pangeret : kayu pambenggange cagak    9. Ander : cagak molo kang tumumpang ing pangeret    10. Gebyog : tembok kayu kanggo mbatesi ruwangan omah    11. Lawang : perangan omah kanggo dalan mlebu metune uwong    12. Cendhela : perangan omah kanggo mlebu metune angin/ sinar srengenge    13. Tutup keyong : perangan omah kang awangun maju telu ing iringane empyak    14. Jobin : lapisan jrambah (bisa saka bata, semen, kramik, lsp)    15. Ompak : watu kanggo nyangga cagak / ganjel cagak

Materi Bahasa Jawa SMA Kelas XII 'Pakaian Adat Jawa'

Gambar
                      Pakaian adat jawa kuwi biasa sinebut kanthi ageman "kejawen". Antaraning ageman piyayi kakung lan putri kuwi ana sawetara kang padha lan uga ana kang beda. Saben perangan ageman kasebut duweni pralambang becik utawi makna filosofi. Pratelan ageman kejawen lan makna filosofine yaiku : 1.       Ageman Adat Jawa Kakung a.        Udheng Asale saka tembung “mudheng” kang tegese paham. Makna filosofis: piyayi kakung kudu mudheng ing samubarang perkara, amarga dheweke diwenehi akal, nalar, utawa pikiran kang linuwih. b.       Rasukan Asale saka tembung “rasuk” kang tegese masuk utawa memahami Makna filosofis: piyayi kakung kudu bisa ngrasuk ing babagan agama kanthi linuwih, amarga piyayi kakung nduweni tanggung jawab minangka imam kang bakal mimpin kulawarga. c.        Benik Asale saka tembung “nik” kang tegese pilah Makna filosofis: piyayi kakung kudu bisa ngenik-nik (milah) sawijining perkara kanthi setiti lan ngati-ati d.       Bebed Asal

UNSUR INTRINSIK NOVEL JAWA "TRESNA TOH PATI" KARYA ANY ASMARA

Gambar
Gaweya analisis unsur intrinsik saka novel kang irah-irahane "TRESNA TOH PATI" ing ngisor ! Garapan saged langsung ditulis ing kolom komentar website, ampun kesupen ditulisi nama lan kelas. ================================================================================================== TRESNA TOH PATI Karya : ANY ASMARA Penerbit             : USAHA “KAWAN” CV Tanggal terbit    : 15 Juni 1962              Piyayi kuna kuwi yen arep ndojohake anake nganggo dipetung dhisik. Neptune dina pasaran bocah lanang lan wadon dietung, digunggung, banjur dipara-para yen tinemu ala ora sida digathukake. Saiki jamane wis maju, petungan kuwi ora mesti benere. Sing arep nglakoni kuwi bocahe, dudu wong tuwane, mula yen ana tindak sing peksan kaya mengkono, kuwi klebu tindak kleru. Ahmad, pengarang muda, sugih crita, sugih kasusastran kang edi, peni, luwes, nganti bisa gawe sengseming para pamaose kabeh, nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga dayaning kawin peksan. Dheweke

Aksara Jawa Murda

Gambar
                         Aksara Murda yaiku aksara gedhe/ kapital. Pigunane padha karo aksara swara A, E, I, O, U, ananging aksara Murda iki ujude sigeg/ konsonan, yaiku kanggo nulis asma piyayi, jeneng papan panggonan, pangkat kehormatan, lsp.           Anggone nggunakake aksara Murda namung nalika digunakake minangka wiwitan/ awalan tembung, ora bisa dipapanake ing satengahe tembung. Tuladha : Kanjeng Susuhunan - aksara "Ka" lan "Su" kang dadi wiwitaning tembung nggunakake aksara Murda, amarga tembung kasebut kalebu sawijining pangkat kehormatan.             Cacahe namung ana pitu, antarane : Na - Ka - Ta - Sa - Pa - Ga - Ba, kang ujude kaya ing ngisor :          Aksara Murda uga duweni pasangan, kang digunakake nalika kepethuk aksara kang padha-padha sigeg/ konsonan. Ujude pasangan aksara Murda kayata ing ngisor iki :                    Na : kaya aksara Ga, nanging ditambahi sikil siji meneh                    Ka : kaya aksara Ka legena, nanging sisih buri langsu

Aksara Angka Jawa

Gambar
 Sumangga para putra, kita sareng-sareng sinau babagan angka Jawa. 

Makna Filosofi Panganan Tradisional Jawa

Gambar
  Tumpeng Yaiku sega kang bentuke kayadene kurucut, ngemu makna filosofi mralambangake pangarep-arep (harapan) kang sansaya ningkat, luwih becik saka wektu saiki. Tumpeng biasane digunakake ing adicara upacara adat nikahan, kelahiran, ngedegake omah, utawa wayah panen. Ing masarakat Jawa, tumpeng cekakan saka “metu dalan kang lempeng”, tegese urip kanthi dalan kang lurus/rata. 2.        Kupat Yaiku panganan kang digawe saka beras kanthi dibungkus nggunakake janur. Kupat biasane digunakake ing adicara lebaran/bakda. Kupat cekakan saka “ngaku lepat”, ngemu makna filosofi ngakoni kalepatan/kesalahan. 3.        Apem Yaiku panganan kang dimasak kanthi nggunakake cithakan, ujude kayadene serabi ananging luwihb kandel. Asring digunakake ing samubarang kenduri masarakat Jawa. Apem saka tembung basa Arab afwan/ affuwun, ngemu makna filosofi maaf/pangapura. 4.        Lemper Yaiku panganan kang digawe saka ketan, jerone ana isine abon, daging sapi suwir, utawa daging ayam suwir, lan

Seni Pagelaran Tradhisional

Gambar
Kang diarani seni pagelaran tradhisional yaiku sawijining pagelaran utawa tontonan khas kang asale saka tlatah tertemtu uga biyasane nggunakake basa kang khas saka tlatah asla kasebut. Ujude pagelaran bisa arupa karawitan, kethopak, tari, tembang, campursari, reog, lsp. Ing ngandhap ana sawetara tuladha seni pagelaran saka para putra SMA N 2 Boyolali.

Panganan Tradhisional Jawa

Gambar
Kang diarani panganan tradhisional yaiku sawijining panganan utawa omben khas kang asale saka tlatah tertemtu lan biyasane digawe saka asil bumi tlatah kasebut. Ing ngisor ana tuladha tembang macapat Dhandhanggula babagan sawetara aran panganan tradhisional lan asal dhaerahe. Coba disimak!           Tahu gejrot Banyumas sayekti           dhawet ayu asli saka Banjar           Jepara randha royale           jenang lan dodol Kudus           Karanganyar sate kelinci           dumbeg clorotan Blora           Sukoharjo welut           Semarang kondhang lumpia           srabi Solo bothok yuyu Purwodadi           nyangking bandeng Yuwana Ujude tembang ugi saged kasimak lumantar video ing ngandhap. Saka tembang kasebut bisa kajupuk ringkesan kanthi pratelan aran panganan lan asale yaiku : 1. Taju gejrot saka Banyumas 2. Dhawet ayu saka Banjarnegara 3. Randha royal saka Jepara 4. Jenang dodol saka Kudus 5. Sate kelinci saka Karanganyar 6. Dumbeg clorotan saka Blora 7. Welut saka Sukoharjo 8. Lum

Tuladha Pariwara Ujud Cetak

Gambar
 

Tuladha Pariwara Siswa SMA N 2 Boyolali

Gambar
Para siswa saged ningali tuladha pariwara (iklan basa Jawa) ingkang kaparagakake dening siswa SMA N 2 Boyolali

Teges, Ujud, Titikan, lan Unsur Pariwara

Gambar
               1.       Tegese Pariwara Yaiku sarana informasi lan ngrimuk (mbujuk/mempengaruhi) supaya padha ngerti lan kepincut, banjur nggunakake barang utawa jasa kang ditawakake   2.       Ujude Pariwara a.        Cetak               : ariwarti (koran), kalawarti (majalah), spanduk, pamflet,    brosur, poster, lsp b.       Elektronik      : TV, radhio, lan internet 3.       Titikane Pariwara a.        Tembunge prasaja (sederhana) b.       Gampang dimangerteni c.        Narik kawigaten d.       Sopan e.        Logis (masuk akal)   4.       Unsur Pariwara a.        Barang utawa jasa kang ditawakake b.       Kahanan utawa manfaat barang lan jasa kang ditawakake c.        Wong kang masang pariwara d.    Alamat kang masang pariwara

Paramasastra (Widyaukara lan Widyamakna)

Widyaukara yaiku perangan saka paramasatra kang ngrembug babagan ukara utawa kalimat. Jinise ukara ana lima yaiku ukara crita, pakon, pitakon, sambawa lan sananta.                  1.       Ukara Crita (berita) Yaiku ukara kang ngandharake sawijining kadadeyan utawa kaanan Tuladha    : Pakdhe lan Budhe tindak Solo tabuh lima sonten   2.       Ukara Pakon (perintah/imperatif) a.        Pakon Tumandang/Lumrah Tuladha          : Tutupen lawang kuwi! b.       Pakon Pangajak Tuladha          : Ayo ndang gage diresiki bareng! c.        Pakon Pamenging/Larangan Tuladha          : Aja kulina mangan ning ngarep lawang! d.       Pakon Panantang Tuladha          : Kirik kae balangen nek wani! e.        Pakon Paminta Tuladha          : Tulung, jupukna buku ning dhuwur meja!   3.       Ukara Pitakon (pertanyaan) a.        Pitakon Lumrah Tuladha          : Omahmu ngendi? b.       Pitakon Retoris Tuladha          : Sapa yok’an kang pengen uripe sengsara?