Postingan

Menampilkan postingan dengan label Artikel Jawa

Siswa Becik ing Saklebeting Sekar Dhandhanggula lan Wajibe Dadi Murid

Miturut W.J.S. Poerwadarminta (1939:600), tembang utawi sekar inggih punika iketaning karangan awewaton guru lagu sarta guru wilangan kanthi lelagon. Dene miturut Sutardjo (2011:8), ingkang dipunwastani sekar inggih punika kasil utawi mupangat saking basa ingkang edi lan endah, awujud panunggalanipun tembung-tembung kanthi kaiket paugeran-paugeran tartamtu inggih punika lagu. Jinising sekar punika wonten sekar ageng, sekar tengahan, lan sekar alit. Sekar ageng utawi asring dipunwastani sekar kawi nggadhahi ciri wontenipun guru laku utawi lampah,   guru wilangan, lan boten kaiket dening guru lagu. Tuladhanipun sekar ageng antawisipun sekar ageng tabukasul, sekar ageng kusumastuti, sekar ageng pamularsih, lan sekar ageng retnamulya. Lajeng sekar tengahan inggih punika sekar ingkang kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tuladhanipun sekar tengahan antawisipun jurudemung, girisa, balabak, lan wirangrong. Dene sekar alit inggih punika sekar ingkang nggadhahi ciri sam

Ilat Tanpa Balung

Basa Jawa kuwi satunggaling basa kang nduweni kasusastran akeh. Tembung kasusastran kadadean saka tembung susastra kang antuk ater-ater ka- lan panambang -an. Dene tembung susastra dhewe mono sejatine kadadean saka rong tembung yaiku tembung su lan sastra. Su nduweni teges apik, endah, utawa becik, lan sastra kuwi tegese sastra utawa basa. Dadi kang kinaran kasusastran yaiku sastra utawa basa kang ujude endah, jinise kasusastran kuwi werna-werna, kayata bebasan, paribasan, tembung saroja, tembung saloka, tembung garba, cangkriman, wangsalan, lan liya-liyane. Wong Jawa kuwi anggone ngrasa kanthi digalih, utawa teges liyane mono anggone ngomong utawa ngarani nora asipat blaka. Dadi ya nganggo basa pepindhan utawa kasusastran mau. Menawa kang diajak guneman kuwi padha-padha wong Jawane, kudune paham karo apa kang dikarepake dening wong kang guneman mau. Tuladhane, simbok ngendika “Le, kowe kuwi dakceluki kaet mau kok njangan gori wae.” pangandikan kuwi mau menawa ditegesake ka

Kawruh Tembang Jawa

Tembang jawa mocopat wonten 11 (sewelas) cacahe, kang gambarake jejering manungsa awit wonten garbane ibu ngantos kapundut ing ngarsane kang Maha Kuwaos, nggih meniko : Tembang jawa mocopat dapat digolongkankan menjadi 11 tembang, yang menggambarkan jalannya kehidupan manusia sejak didalam kandungan ibunda sampai meninggalnya untuk menghadap Yang Maha Kuasa, yaitu : 1.  Maskumambang , gambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibu, sing durung kawruhan lanang apa wadon. Mas tegese durung weruh lanang dan wadon. Kumambang tegese uripe ngambang nyang kandhutane ibune. Melambangkan embrio yang masih dalam kandungan ibunya, yang belum diketahui laki atau perempuan. Mas, artinya belum diketahui laki atau perempuan, sedangkan Kumambang, artinya hidupnya masih dialam kandungan ibundanya. 2.  Mijil , ateges wis lahir jabang bayine wujud lanang apa wadon Artinya sudah lahir didunia jenis kelamin laki atau perempuan. 3.  Kinanthi,  saha tembung kanthi utawa tuntun, kang ateges dituntun su