Paramasastra (Widyaukara lan Widyamakna)

Widyaukara yaiku perangan saka paramasatra kang ngrembug babagan ukara utawa kalimat. Jinise ukara ana lima yaiku ukara crita, pakon, pitakon, sambawa lan sananta.

             1.      Ukara Crita (berita)

Yaiku ukara kang ngandharake sawijining kadadeyan utawa kaanan

Tuladha    : Pakdhe lan Budhe tindak Solo tabuh lima sonten

 

2.      Ukara Pakon (perintah/imperatif)

a.       Pakon Tumandang/Lumrah

Tuladha          : Tutupen lawang kuwi!

b.      Pakon Pangajak

Tuladha          : Ayo ndang gage diresiki bareng!

c.       Pakon Pamenging/Larangan

Tuladha          : Aja kulina mangan ning ngarep lawang!

d.      Pakon Panantang

Tuladha          : Kirik kae balangen nek wani!

e.       Pakon Paminta

Tuladha          : Tulung, jupukna buku ning dhuwur meja!

 

3.      Ukara Pitakon (pertanyaan)

a.       Pitakon Lumrah

Tuladha          : Omahmu ngendi?

b.      Pitakon Retoris

Tuladha          : Sapa yok’an kang pengen uripe sengsara?

 

4.      Ukara Sambawa (harapan)

Yaiku ukara kang ngandharake pangajap utawa pangarep-arep

Tuladha    : Muga-muga ana panas, supaya klambine padha bisa garing

 

5.      Ukara Sananta (niatan)

Yaiku ukara kang kang ngandharake karep utawa niatan

                  Tuladha          : Aku sesuk bakal ngancani dolan menyang Yogyakarta

======================================
Widyamakna yaiku ngelmu basa kang ngrembug babagan teges. Jinise ana sinonim, antonim, homonim, homofon, lan homograf.
1. Sinonim
    Tembung loro utawa luwih, WUJUDE BEDA, nanging TEGESE PADHA
    Tuladha:
    Bocah kuwi JENENGE sapa? - Bocah kuwi ARANE sapa?

2. Antonim/ kosok balen
     Tembung kang duwe teges WALIKAN karo tembung liyane.
     Tuladha:
      AWAN BENGI tansah sregep anggone ngibadah.

3. Homonim
     TULISAN lan PANGUCAPANE PADHA, nanging TEGESE BEDA
    Tuladha:
    Aja cedhak-cedhak MAWA (bara) kuwi. Lani seneng mangan roti MAWA (dengan) selai nanas.

4. Homofon
     PANGUCAPANE PADHA, nanging TULISAN lan TEGESE BEDA.
    Tuladha: 
     Bobotku saiku luwih ANTEB (berat). Yen duwe kekarepan, kudu kanthi ANTEPING (mantap) ati.

5. Homograf
    TULISAN PADHA, nanging PANGUCAPAN lan TEGESE BEDA.
      Tuladha:
       Kabare Ukraina nembe GEGER (rusuh). GEGERMU (punggung) kok pating blaker?




Komentar