Materi Bahasa Jawa SMA Kelas XII 'Pakaian Adat Jawa'

 

                


Pakaian adat jawa kuwi biasa sinebut kanthi ageman "kejawen". Antaraning ageman piyayi kakung lan putri kuwi ana sawetara kang padha lan uga ana kang beda. Saben perangan ageman kasebut duweni pralambang becik utawi makna filosofi. Pratelan ageman kejawen lan makna filosofine yaiku :

1.      Ageman Adat Jawa Kakung

a.       Udheng

Asale saka tembung “mudheng” kang tegese paham.

Makna filosofis: piyayi kakung kudu mudheng ing samubarang perkara, amarga dheweke diwenehi akal, nalar, utawa pikiran kang linuwih.

b.      Rasukan

Asale saka tembung “rasuk” kang tegese masuk utawa memahami

Makna filosofis: piyayi kakung kudu bisa ngrasuk ing babagan agama kanthi linuwih, amarga piyayi kakung nduweni tanggung jawab minangka imam kang bakal mimpin kulawarga.

c.       Benik

Asale saka tembung “nik” kang tegese pilah

Makna filosofis: piyayi kakung kudu bisa ngenik-nik (milah) sawijining perkara kanthi setiti lan ngati-ati

d.      Bebed

Asale saka tembung “ubed” kang tegese rajin, giat

Makna filosofis: piyayi kakung kudu tansah ubed utawa sregep anggone nyambut damel.

e.       Epek Timang

Anggone nganggo kudu bakoh.

Makna filosofis: piyayi kakung kudu duwe prinsip kang bakoh (aja ragu2)

f.        Jarik

Asale saka tembung “serik” kang tegese iri utawa dengki

Makna filosofis: piyayi kakung aja nganti duwe watak serik marang liyan

g.       Wiru

Cekakan saka wiwiren aja nganti kliru

Makna filosofis: piyayi kakung kudu bisa milahi perkara endi kang kudu diprioritasake

h.      Canela

Cekakan saka canthelna ing sajroning nala

Makna filosofis: piyayi kakung kudu tansah nyumanthelake Gusti ing jero ati

 

2.      Ageman Adat Jawa Putri

a.       Kondhe utawa sanggul

Mapane ana ing buri mustaka kang tegese kondhe kuwi mau ngono didhelikake.

Makna filosofis: piyayi putri kudu bisa njaga aib lan wadine kulawarga

b.      Kebaya

Kebaya sipate prasaja.

Makna filosofis: piyayi putri kudu duwe watak kang prasaja (sederhana)

c.       Stagen

Stagen kuwi ujude dawa

Nilai filosofis: piyayi putri kudu duwe usus kang dawa (sabar)

d.      Jarik

Asale saka tembung “serik” kang tegese iri utawa dengki

Makna filosofis: piyayi putri aja nganti duwe watak serik marang liyan

e.       Wiru

Cekakan saka wiwiren aja nganti kliru

Makna filosofis: piyayi putri kudu bisa milahi perkara endi kang kudu diprioritasake

f.        Canela

Cekakan saka canthelna ing sajroning nala

Makna filosofis: piyayi putri kudu tansah nyumanthelake Gusti ing jero ati

Komentar