Perangan Omah Adat Jawa

    1. Empyak : kayu/pring ragangan payon

    2. Gendheng : tutup payon

    3. Wuwung : gendheng kang ditrap ing tumpukan payon dhuwure molo


    4. Talang : urung-urung saka seng kanggo ngilekake banyu



   5. Molo : balungan omah kang ana dhuwur dhewe, mujur tumumpang wuwung

   6. Saka : cagak kang nyangga payon

   7. Blandar : balungan kang nyangga empyak

   8. Pangeret : kayu pambenggange cagak

   9. Ander : cagak molo kang tumumpang ing pangeret


   10. Gebyog : tembok kayu kanggo mbatesi ruwangan omah

   11. Lawang : perangan omah kanggo dalan mlebu metune uwong

   12. Cendhela : perangan omah kanggo mlebu metune angin/ sinar srengenge

   13. Tutup keyong : perangan omah kang awangun maju telu ing iringane empyak

   14. Jobin : lapisan jrambah (bisa saka bata, semen, kramik, lsp)

   15. Ompak : watu kanggo nyangga cagak / ganjel cagak

Komentar

Posting Komentar