Panganan Tradhisional Jawa

Kang diarani panganan tradhisional yaiku sawijining panganan utawa omben khas kang asale saka tlatah tertemtu lan biyasane digawe saka asil bumi tlatah kasebut.


Ing ngisor ana tuladha tembang macapat Dhandhanggula babagan sawetara aran panganan tradhisional lan asal dhaerahe. Coba disimak!


        Tahu gejrot Banyumas sayekti
        dhawet ayu asli saka Banjar
        Jepara randha royale
        jenang lan dodol Kudus
        Karanganyar sate kelinci
        dumbeg clorotan Blora
        Sukoharjo welut
        Semarang kondhang lumpia
        srabi Solo bothok yuyu Purwodadi
        nyangking bandeng Yuwana

Ujude tembang ugi saged kasimak lumantar video ing ngandhap.



Saka tembang kasebut bisa kajupuk ringkesan kanthi pratelan aran panganan lan asale yaiku :

1. Taju gejrot saka Banyumas

2. Dhawet ayu saka Banjarnegara

3. Randha royal saka Jepara

4. Jenang dodol saka Kudus

5. Sate kelinci saka Karanganyar

6. Dumbeg clorotan saka Blora

7. Welut saka Sukoharjo

8. Lumpia saka Semarang

9. Srabi saka Solo

10 Bothok yuyu saka Purwadadi

11. Bandeng saka Yuwana

=========================================================================

Ing ngandhap wonten latihan soal saged dipunwangsuli.

Komentar

Posting Komentar