Makna Filosofi Panganan Tradisional Jawa



 Tumpeng

Yaiku sega kang bentuke kayadene kurucut, ngemu makna filosofi mralambangake pangarep-arep (harapan) kang sansaya ningkat, luwih becik saka wektu saiki. Tumpeng biasane digunakake ing adicara upacara adat nikahan, kelahiran, ngedegake omah, utawa wayah panen. Ing masarakat Jawa, tumpeng cekakan saka “metu dalan kang lempeng”, tegese urip kanthi dalan kang lurus/rata.


2.       Kupat

Yaiku panganan kang digawe saka beras kanthi dibungkus nggunakake janur. Kupat biasane digunakake ing adicara lebaran/bakda. Kupat cekakan saka “ngaku lepat”, ngemu makna filosofi ngakoni kalepatan/kesalahan.


3.       Apem

Yaiku panganan kang dimasak kanthi nggunakake cithakan, ujude kayadene serabi ananging luwihb kandel. Asring digunakake ing samubarang kenduri masarakat Jawa. Apem saka tembung basa Arab afwan/ affuwun, ngemu makna filosofi maaf/pangapura.


4.       Lemper

Yaiku panganan kang digawe saka ketan, jerone ana isine abon, daging sapi suwir, utawa daging ayam suwir, lan dibungkus nggunakake godhong gedhang. Biasane ana ing adicara nikahan, pengajian, khitanan, arisan, lsp. Lemper cekakan saka “yen dialem atimu aja memper”, tegese menawa dialem/dipuji aja nganti dadi sombong.


5.       Klepon

Yaiku panganan kang digawe saka tepung ketan banjur dibentuk bunderan cilik-cilik, kanthi jeroni isi gula jawa.


6.       Lonthong

Yaiku panganan kang digawe saka beras lan dibungkus nggunakake godhong gedhang. Lonthong biasane ana ing adicara sakwise pasa utawa wayah lebaran. Cekakan saka “olone wis kothong” kang ngemu teges ala/kejelekan wis ilang.


7.       Sega Wiwit

Yaiku sega kanthi campuran gudhangan, irisan tempe goreng, endhog godhog, ayam, rempeyek, gereh, bubuk kacang, lsp. Ngemot tembung “wiwit” duweni teges ngewiwiti, kang biasane sega wiwit iki digunakake nalika arep ngewiwiti panen pari. Sega wiwit duweni makna filosofi minangka ujud syukur dhateng Gusti awit asil panen.


8.       Sambel Tumpang

Yaiku masakan yang digawe saka tempe bosok lan dicampur kanth samubarang bumbu. Biasane dicampuri tahu utawa krecek. Sambel tumpang ngemu makna filosofi pangarepan kang tansah tumumpang dhateng Gusti


9.       Kolak

Yaiku panganan kang digawe saka gedhang lan tela kanthi digodhog nggunakake santen lan gula jawa. Tembung kolak asale saka tembung basa Arab “Khaliq” kang tegese sang pencipta, ngemu makna filosofi supaya bisa langkung nyerak marang Gusti minangka Sang Pencipta jagad raya. Kolak biasane digunakake ing sasi pasa.

 

 

 


Komentar