Aksara Jawa Murda

            

        Aksara Murda yaiku aksara gedhe/ kapital. Pigunane padha karo aksara swara A, E, I, O, U, ananging aksara Murda iki ujude sigeg/ konsonan, yaiku kanggo nulis asma piyayi, jeneng papan panggonan, pangkat kehormatan, lsp.

        Anggone nggunakake aksara Murda namung nalika digunakake minangka wiwitan/ awalan tembung, ora bisa dipapanake ing satengahe tembung. Tuladha : Kanjeng Susuhunan - aksara "Ka" lan "Su" kang dadi wiwitaning tembung nggunakake aksara Murda, amarga tembung kasebut kalebu sawijining pangkat kehormatan.

         Cacahe namung ana pitu, antarane : Na - Ka - Ta - Sa - Pa - Ga - Ba, kang ujude kaya ing ngisor :


        Aksara Murda uga duweni pasangan, kang digunakake nalika kepethuk aksara kang padha-padha sigeg/ konsonan. Ujude pasangan aksara Murda kayata ing ngisor iki :



                Na : kaya aksara Ga, nanging ditambahi sikil siji meneh
                Ka : kaya aksara Ka legena, nanging sisih buri langsung dibablaske munggah
                Ta : kaya aksara Wa, ananging ditambahai tendha cereg ing ngisor tengah
                Sa : kaya aksara Ga, ananging diwenehi garing lengkung sisih tengah
                Pa : kaya aksara angka 8
                Ga : kaya aksara Dha, ananging ngarepe ditambahi sikil siji dhisik
                Ba : kaya pasangan aksara Sa, ananging nulise diwalik






Komentar