Sigaraning Nala




Raka.. kang arsa dumadi sigaraning nala
Coba mirengna, ingung arep kandha
Ing ratri iki, lumintang nora sedya nuduhake cahya
Cinandra uga lingsem anamung ndhelik ing wurinya mega
Lumantar bayu, dak titipake rasa katresnanku
Kabeh rasa kangenku marang sira
Kang samengko durung mangerti sapa
Anamung pangajap dhumateng Gusti akarya jagad
Sira lan ingung arsa pinanggih saha manunggal
Supaya janma ing marcapada padha weruha
Iya ingung tresna marang sira
Angga iki bakal setya nengga rawuhipun sira

Dening : Wahyu Sulistiyaningsih
Pendidikan Bahasa Jawa – FKIP UNS
Komunitas “PULPEN IJO” Surakarta

Komentar