Molen dening Wahyu Sulistiyaningsih


 Pernah diterbitkan Majalah Mingguan Panjebar Semangat Edisi 28 Desember 2013

“Bapak, meluuuu..” bengoke Alip marang bapake kang lagi mlaku ing dalan arep mangkat kerja bakti. Bapak noleh ing buri ya namung mesem krungu anake mbengok. Alip mlayu nututi bapake. “Kok dengaren arep melu bapak kerja bakti thole cah bagus? Mengko kowe kesel hlo.” Ature bapak sinambi mesem. Alip kang isih ngos-ngosan mung isa ngelek idu cenggelukan karo nyoba ngomong “Po po pokoke melu bapak.” Bapak ora bisa nglarang anake melu kerja bakti “Yo wis cah bagus, entuk melu tapi ra oleh nakal hlo ya,” bapak nggoda Alip. “Siap komandan!” jawabe Alip kemaki.
Dina minggu warga kampunge Alip kerja bakti ngecor dalan, “Iki hlo le, sing jenenge molen.” bapak nduduhi Alip mesin kang kanggo ngudhak jenangan pasir. Alip rada bingung merga lagi weruh pisan kuwi. Tapi Alip ya manthuk-manthuk. “Woooo.. iya pak.” Kabeh warga dha nyandhak gaweyan dhewe-dhewe, padha semangat nyambut gawe ngecor dalan ing kampunge. Alip ya gandheng lagi bocah kelas loro SD, mung ngewangi sakbisane, melu njunjung jenangan pasir nganggo ember cilik. Nek kesel, Alip ya leren sambi ngombe es teh kang diwadhahi ceret sing wis cumepak ing sandhinge.
Sansaya awan, srengenge sansaya panas. Ora krasa wis wanci bedhug dhuhur, wayahe rolasan. Bapak-bapak padha leren, sendhen lesehan ning ngisor wit utawa ning emperan omah, nyambi ngombe es teh lan nyamik-nyamik cemilan kanggo nambani kesele. “Bapaaak, Alip pengen mantok.” penjaluke Alip. “Hehe, wis kesel ta kowe le?” pitakone bapak karo ngguyu nggodha anake. Banjur bapak nggendhong Alip menyang omah. Tekan omah, Alip langsung dipakpungi karo ibune amarga klambine pating gloprot reget jenangan pasir garing. Mbarang bar pakpung Alip langsung turu, ketoke bocah kuwi pancen kekeselen tenan.
“Le, tangi le, wis sore hlo.” ibu kang nggugah Alip. “Hoooaamm, iyaa bu.” saure Alip karo angop merga isih ngantuk. “Ibu ameh ning pasar, kowe melu ora le?” krungu ibu matur ngono, Alip langsung gregah tangi lan pengen melu ibune nyang pasar. Angen-angene Alip nek melu ning pasar mengko bakal ditumbaske  dhawet cendhol senengane dheweke.
Nalika mlaku menyang pasar Alip crewet banget crita thethek bengek marang ibune. Pancen bocah kelas 2 SD ki lagi wasis-wasise ngomong, amarga umur semono pancen lagi masane bocah aktif lan bocah nduweni rasa pengen ngerti apa-apa banjur nyritakake marang wong liya. “Bu, mengke tumbas dhawet cendhol ya?” omonge Alip marang ibune. “Nek sore yawis entek ta thole cah bagus, wis entek dhawet cendhole, bakule wis mantok.” saure ibu. Krungu ibune matur ngono, Alip rada mbregudul.
Ing pasar ibu njujug ing bakul jajanan pasar, kang ing kono ana werna-werna jajanan pasar, kayata dhadhar gulung, semar mendem, lapis, srabi, molen, lsp. “Bu, nyuwun molene gangsal ewu nggih.” ature ibu marang bakul. “Nggih Bu” wangsulane yu bakul sambi ngadhahne molen ing plastik. Alip krungu tembung molen bingung ngukur sirahe. Dheweke mbatin ing atine, mau esuk lagi diweruhi wujud molen dening bapake, yaiku mesin kang kanggo ngudhak jenangan pasir, nanging saiki ibune tumbas panganan kok jenenge iya molen. “Molen, jare bapak mesin, tapi saiki ing pasar kok ibu tumbas molen panganan?” gembrenenge Alip sambi mikar-mikir.
“Bu, ibu mau tumbas apa?” pitakone Alip. “Iki hlo le, ibu tumbas molen, limang ewu oleh 10, kowe gelem le?” wangsulane ibu. “Jenenge molen ta bu?” pitakone Alip sing isih penasaran. “Iyo le, lha piye? semaure ibu. Ibu mbatin kena apa kok anake leh takon kaya ana rasa ora percaya. Banjur ibu lagi eling menawa Alip pancen lagi pisan kuwi weruh wujud panganan kang jenenge molen. “Ndhek esuk ing kerja bhaktian, aku diweruhi bapak mesin kang jenenge molen, Bu. Mesin kuwi isa mubeng, kanggo ngudhak jenangan pasir. Tapi kok ibu tumbas panganan ing pasar jenenge padha, Aliph bingung Bu.” jelase Alip. Ibune ya namung mesem krungu anake ngomong kaya ngono. “Ngene thole cah bagus, pancen jenenge padha, nanging wujude beda. Ya kuwi mau, mesin kang diweruhi bapak marang kowe kae jenenge molen, dene panganan iki jenenge ya molen. Iki digawe saka adonan glepung trus jerone diiseni irisan gedhang. Ya iki mujudake keluwihane basa jawa karo basa liyane, Le. Ing basa Jawa iku ana piranti kang beda ujude nanging padha jenenge, ya tuladhane molen mau. Nanging uga ana kang ujude padha nanging anggone ngarani iku beda, yaiku kang diarani dasanama. Maksude dasanama kuwi, ujude saji nanging jenenge akeh. Tuladhane kanggo nyebut gunung iku bisa nganggo arga, wukir, giri, ancala, lsp. ngono le.” ibu njlentrehake. Alip ndomblong ra mudheng dasanama kang dijlentrehake dening ibune. Ibune ya gur guyu “Hehe, ra usah bingung le, besuk nek kowe wis gedhe bakal diterangake dening pak guru utawa bu guru, makane sinau sing pinter ben bijine apik trus munggah kelas ya le.” ature ibu. “Iya bu.” saure Alip karo mesem. “Tapi kowe wis ra bingung ta perkara molen mau?” pitakone ibu. “Pun mudheng kok bu. Hehehe..”

Dening :
Wahyu Sulistiyaningsih
Pendidikan Bahasa Jawa FKIP-UNS
Komunitas “PULPEN IJO” Surakarta


Komentar