Mlaku-mlaku Sinambi Golek Ilmu ing Musium Sangiran




Dina iki dina setu
Kuliahku prei alias ora mlebu
Tinimbang ing omah mung tura-turu
Luwih becik aku mlaku-mlaku
            Banjur aku sms kanca-kancaku
            Prelune ngajak dolan metu
            Kanca-kanca padha mbales smsku
            Kanthi wangsulan “Oke, aku setuju!
Kencan lan nglumpuk ing prapatan
Bareng-bareng dolan menyang Sangiran
Mangkat mrana kanthi motoran
Supaya ringkes, njur padha boncengan
            Tekan Sangiran padha urunan
            Kanggo tuku tiket lan tuku panganan
            Ora dinyana jebul Sangiran uapik tenan
            Bangunane pancen manteb tenan
Mlaku bareng-bareng tumuju jero
Nonton-nonton sinambi poto-poto
Pranyata Sangiran iku wus diakui dening UNESCO
Minangka salah sijine warisan budaya donya
            Ing jero akeh diorama
            Kang nggambarake uripe manungsa purba
            Ing jaman semana
            Nalika durung ana klambi lan clana
Ing kana akeh lulang kewan
Kang umure wus ewon taunan
Uga ana lemah kang umure mayuta taunan
            Wah, seneng tenan rasaning atiku
            Bisa mlaku-mlaku, nanging uga oleh ilmu
            Ora ngira jebul wus jam telu
Ora lali oleh-oleh dituku
            Patung gajah ginawe saka watu
            Kang regane namung limalas ewu

                                                            Dening :
Wahyu Sulistiyaningsih
                                                            Pendidikan Bahasa Jawa FKIP UNS                                                    Komunitas “PULPEN IJO” Surakarta

Komentar