Lamun Sira


Pernah diterbitkan Majalah Mingguan Panjebar Semangat Edisi  31 Agustus 2013

Lamun sira dumadi putra
Kedah sira nduweni patrap kang utama
Kedah sira bisa ngabekti dhumateng tiyang sepuh
Kedah bisa mikul dhuwur mendhem jero
Kedah njagi perji piyambak, ugi rama kaliyan biyung
Lamun sira dumadi murid
Murid sira kang kedah nduweni laku becik
Satuhu anggone padha sinau
Tememen anggone golek ilmu
Kinurmat dhumateng bapak saha ibu guru
 
Dening : Wahyu Sulistiyaningsih



Komentar