BBM Mundhak, Rakyat Kepidak




BBM yaiku Bahan Bakar Minyak
Tipi, radhio, internet padha mbengok
“BBM mundhak..!”
Saka patang ewu limang atus
Dadi enem ewu limang atus
Mundhake rong ewu
Dudu dhuwit kang sithik kanggone wong cilik kaya aku
Dhuwit rong ewu ping telung puluh
Dadine sewidak ewu
Wus bisa kanggo nyukupi liyane butuhku
BBM mundhak rakyat kepidak
Lha kepiye?
Menawa BBM mundhak
Lak mesthi kabeh ya melu mundhak
Bisa-bisa wong mlarat dadi sangsaya mlarat
Mikir urip, bisa-bisa nyawa oncat
Mbok ya dhuwite rakyat ki aja dikorupsi
Apa jek kurang anggone ngisi laci?
Wong bandha mono ora digawa mati
Mbok rakyate ki dirumati
Wong jenenge wae wakil rakyat
Rak kudune tatarane kuwi sak ngisore rakyat
Kayadene wakil ketua
Mesthi rak tatarane ya ngisore ketua
Kudune bisa dadekake rakyat ki mulya
Ora kosok walike
Uripe rakyat mung digawe sengsara
Kaya ngene Nuswantara?
Jare negara sugih?
Kok sih akeh rakyate keluwen?
Patut? Patut ora?

Dening:
Wahyu Sulistiyaningsih
Pendidikan Bahasa Jawa FKIP - UNS
Komunitas “PULPEN IJO” Solo

Komentar