Tradisi Jawa Ruwahan


Ruwahan kadadosan saking tembung “Ruwah”, inggih menika wulan ingkang nomer pitu ing taun Jawa. Tembung “Ruwah” piyambak gadhahi asal inggih menika “arwah” utawi roh para leluhur ugi nenek moyang. Awit teges saking tembung arwah kala wau wulan ruwah dipundadosaken minangka wulan kangge ngemut-emut para leluhur.
Ruwahan dipunlaksanaaken sedasa dinten sakderengipun wulan siyam dumugi. Kados pundi nglaksanaaken ruwahan wonten ing saben dukuh menika benten-benten, kagantung kalihan masarakat ingkang gesang wonten ing lebetipun. Wonten ing dukuh kula, ruwahan dipunwiwiti besrik, tegesipun ngresiki desa ugi pasarean ingkang dipunsarengi slametan kanthi alit-alitan utawi sederhana. Lajeng dalunipun katindakaken kenduren. Kenduren wonten ing dukuh kula katindakaken sak bibaripun sholad isya’ wonten ing serambi masjid, ing ngriku sedaya warga dukuh kempal kanthi mbeta panganan-panganan ingkang dipunwadhahi tampah. Biasanipun, panganan inti utawi kedah wonten ingkang dipunbeta inggih menika ketan, kolak, kalihan apem. Ketan ingkang sipatipun lengket menika minangka simbol ngraketaken tali silaturahmi. Kolak ingkang manis ugi wonten santenipun minangka simbol ngajak pasederekan supados langkung dewasa ugi gesang raos barokah. Dene apem minangka simbol menawi wonten ingkang gadhahi kalepatanan, saenipun saged sami-sami paring pangapunten. Lajeng panganan-panganan kala wau dipunkempalaken dados setunggal wonten ing tengah ugi didongani kanthi sesarengan. Nalika enjingipun katindakaken nyadran, lajeng sakbibaripun menika dipunpungkasi kalihan padusan wonten ing dinten sakderengipun siyam.
Ruwahan menika sejatosipun nglambangaken kesucian ugi raos bingah amargi badhe mlebet wonten ing wulan siyam, ingkang sedaya tiyang muslim nglaksanaaken siyam, minangka wujud ngabekti dening Gusti ugi supados iman saha taqwanipun tiyang saged mundhak.
Boten kesumpen ugi wonten tradisi ingkang dipunwastani nyadran, ingkang biasanipun katindakaken sakbibaripun dhuhur. Nyadran utawi nyekar inggih menika ziarah makam kangge ngemut-emut para leluhur. Nyadran dipunwiwiti kanthi ngresiki makam, lajeng maosaken tahlil lan yasin, donga dateng Gusti Allah supados ingkang sampun boten wonten kaparingan rahmat saking Gusti ingkang Maha Kuwaos.
Nyadran piyambak kadadosan saking tembung “sradha”, inggih menika tradisi ingkang dipunwiwiti dening Ratu Tribuana Tunggadewi, Raja nomer tiga kerajaan Majapahit. Nalika jaman menika, Kanjeng Ratu badhe ngunjukaken donga kangge Ibunda Ratu Gayatri. Dene nalika jaman penyebaran agama islam dening Walisongo, tradisi kasebat dipunadopsi dados upacara nyadran amargi gadhahi tujuan kangge dongaaken tiang sepuh ingkang sampun wonten ing alam baka. Wonten ing satunggaling hadist, inggih tiyang sampun seda ugi wonten ing alam barzah, sedaya amal kasaenan nalika wonten ing donya bakal pedhot kajaba 3 prekawis, inggih menika amal jariyah, ilmu ingkang bermanfaat, ugi donga saking putra ingkang sholeh lan solehah. Awit saking menika, sampun dados kewajibanipun putra wayah dongaaken arwah sederek-sederek ingkang sampun seda. Nydran ugi dipunwastani nyekar (Sekar=kembang), inggih menika nyekar warna-warna jenis kembang wonten ing inggilipun makam tiyang ingkang kita tresnani, ingkang dados simbol kangge ngenang sedaya ingkang endah ugi ingkang sae saking tiyang ingkang sampun ngrumiyini kita. Kanthi mekaten, nyadran maringi semangat kangge tiyang ingkang tasih gesang supados berlomba-lomba babagan kasaenan (fastabiqunal khoirat).
Intinipun ruwahan inggih menika makmuraren masjid, ningkataken kualitas syukur dhateng Gusti, ugi ngraketaken raos pasederekan.

Komentar