Apresiasi Geguritan


Kudune Kowe Wis Nangis

Kudune kowe wis nangis
Wineh-wineh piweling kang ko deder ing pelataraning langit
Rajake ora jumbuh karo poncere
Apa kowe iseh wani kandha marang awang-awang
Menawa atose tanganmu wagang mbedang eseme lintang
Apa kowe iseh wani kandha marang Ajisaka
Menawa ha – na – ca – ra – ka selawase bakal nyungging lumite budhaya Jawa
Apa kowe iseh wani nulis tembang kanggo Ranggawarsito
Minangka pratandha menawa sastra Jawa
Selawase tansah kumandhang ing langit wetan
Pancen kudune kowe wis nangis
Jalaran pun cicir anggonmu nengeri
Endi watese kulon lan etan
Apa bedane bengi lan awan
Pancen kudune kowe wis nangis














Jilbab Kuning

Marang jilbab kuning
Esemu nabet gawe seger ati
Katon ngeglo wela-wela yen kowe aleman
Katon gandhes lan pantes tumrap aku kang nyawang
Jilbab kuning, sapa aranmu
Rembulan nanggal las-lasan mesem weruh klidhangmu
Dalan sapecak kang nembe mbok ambah
Njerit nirpati kasulistiyanmu
Kaya dene watu gunung kae, jilbab kuning
Ing kana ana ati kang dumunung sungup
Kepengin ngerti, banjur ngronce endahing alam wadang
Ngronce pangangen kang mumbul ing ngawiyah
Watu kae watu item, jilbab kuning
Ning ya gene, kena tetesane banyumu bisa ajur mumur
Kaya dene lendhut kalen patisan
Impen muspra, lakon mbengkas jagad kasengsaran
Ning iki dudu kodrat keparat
Kasunyatan dadi katresnan edi
Jilbab kuning, aku tresna kowe











1.      Bandingane geguritan “Jilbab Kuning” lan “ Kudune Kowe Wis Nangis” inggih menika wonten ing geguritan “Jilbab Kuning” anggenipun ngucapaken kaganggu kaliyan tembangipun, dadosaken angenipun pelafalan boten radi cetho. Koherensi ukaranipun inggih kirang trep, awrat dipunpahami. Dene geguritan “Kudune Kowe Wis Nangis” tekanan anggenipun ngucapaken geguritan kirang.
2.      Ingkang luwih endah inggih menika “Kudune Kowe Wis Nangis”, kanthi alesan, pamilihaning tembung gampil dipunpahami, surasanipun ugi sae, inggih menika medharaken kasunyatan jaman samenika ingkang sampun owah trap-trapipun, tingkah manungsa ingkang sampun kesupen kaliyan budhaya Jawa ugi boten paring kawigatosan.
3.      Gancaran geguritan “Kudune Kowe Wis Nangis” inggih menika kasunyatan gesang manungsa ingkang sampun nyimpang saking piweling-piweling becik, kahanan sampun boten jumbuh kaliyan poncere. Para manungsa ingkang sami boten paring kawigatosan dhateng budhaya Jawa, ugi manungsa boten ngraosaken gela utawi kuciwa ingkang samesthine kedah sampun nangis awit saking kasunyatan menika. Manungsa sampun kesupen kaliyan tiyang-tiyang ingkang sampun berjasa dhateng budhaya Jawa.
4.      Kaendahan kang wonten ing salebeting geguritan “Kudune Kowe Wis Nangis” inggih menika :
·         Tibaning swanten ing pungkasan saben gatra (guru lagu) kathah kaginaaken, ingkang dadosaken geguritan tansah sakeco dimirengaken. Kados nangis kaliyan langit, awang kaliyan lintang, ajisaka kaliyan Jawa, nangis kaliyan negeri, etan kaliyan awan.
·         Wonten dwi lingga ing sajroning geguritan. Kados wineh-wineh lan awang-awang.
·         Ginaaken majas personifikasi, kados kandha marang awang-awang, lan eseme lintang
·         Ginaaken antonim, kados kulon etan, bengi awan

Komentar

  1. Menika mbak sulistya mahasiswi prodi basa Jawa UNS nggih...sae sanget mbak, sampun nyerat kados makaten, dipunlajengaken nggih mbak, nyerat-nyerat saking tugas bapak/ibu dosen wonten blog menika

    BalasHapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  3. Kenapa versi Kudune Kowe Wis Nangis beda sama yg dulu aku lombakan tingkat kota. Hanya bagian depan yg sama, selanjutnya beda. Tp sayang naskah geguritan punya ku hilang, aq penen nyari tp gak ada

    BalasHapus
  4. ,kurang tahu juga saya Prima Aquino, itu teks saya dapat dari dosen. MP3-nya juga ada :)

    BalasHapus

Posting Komentar