Cerita Wayang Cupu Manik Astagina


Resi Gutomo anggadhahi garwa ingkang naminipun Dewi Windradi utawi saged dipunsebat Dewi Indradi. Saking Dewi Windradi, Resi pikantuk putra ingkang cacahipun tiga, inggih menika Dewi Anjani, Guwarsi, ugi Guwarsa. Dewi Anjani dados putra ingkang paling dipuja dening ibunipun tinimbang sedherek kekalihipun.
            Dewi Windradi menika salah sawijing widadari saking kahyangan. Sanadyan sampun anggadhahi garwa ugi tiga putra, ananging Dewi Windradi tasih asring sowan wonten kahyangan kanthi alesan badhe panggih kalihan rencang-rencang ugi sedherekipun. Sayektosipun Dewi Windradi sowan wonten kahyangan menika anamung pengin panggih kalihan Bathara Surya utawi Dewa Srengenge.
            Bathara Surya tresna sanget kalihan Dewi Windradi, awit saking raos tresnanipun kala wau, Bathara Surya maringi pusaka kanthi sinebat “Cupu Manik Astagina” wujudipun endah sanget, menawi dipunbikak saged ningali sedaya kawontenan ing arcapadha. Lajeng cupu menika dipunparingaken dening Dewi Windradi dhateng  putrinipun, Dewi Anjani kanthi boten pareng wonten tiyang ingkang mangertos.
            Ing sawijining dinten, Dewi Anjani nembe ningali kawontenan jagad saking cupu menika, ananging konangan kalihan sedherek kekalihipun. Lajeng Guwarsi lan Guwarsa ugi pengin cupu kados menika kanthi matur dhateng ramanipun, Resi Gutomo. Resi Gutomo rumaos boten nate maringi cupu dhateng Dewi Anjani, lajeng Dewi Anjani dipuntimbali lan kasuwun matur babagan cupu menika saking pundi. Amargi ingkang dangu menika ramanipun, Dewi Anjani kedah jujur lan matur menawi cupu menika dipunparingi saking ibunipun, Dewi Windradi. Mangertos kasunyatan menika, Resi Gutomo lajeng nimbali Dewi Windradi. Dewi Windradi boten saged mangsuli pitakenan saking Resi Gutomo, ingkang dadosaken Resi Gutomo duka lan nyabdani garwanipun dados reca. Awit saking Resi Gutomo menika sakti mandraguna, saben ujaranipun dados kasunyatan lan Dewi Windradi dados reca. Reca menika dipunbucal dening Resi Gutomo wonten negari Alengka.
            Cupu ugi dipunbucal kanthi tutup lan cupunipun kapisah. Cupunipun dhawah wonten ing negari Ayodya dados telaga kanthi sinebat “Telaga Nirmala”, dene tutupipun dhawah wonten wana ugi dados telaga kanthi sebatan “Telaga Sumala”. Dewi Anjani, Guwarsi lan Guwarsa tetep pengin anggadhahi cupu menika, lajeng madosi wonten wana. Amargi ing ngajengipun wonten telaga, Guwarsi lan Guwarsa lajeng nyemplung wonten telaga kasebat, kekalihipun perang wonten ing sajroning telaga. Dewi Anjani ingkang romaos sayah, ugi masuh pasuryan, asta, lan sukunipun ngangge toya ing telaga kala wau. Sesampunipun masuh ngangge toya ing telaga menika, wujudipun Dewi Anjani dados wanara. Dewi Anjani anamung saged kendel lan susah. Sayektosipun Guwarsi lan Guwarsa ugi dados wanara.
            Wonten ing kahyangan, wonten raja para dewa ingkang naminipun Sang Girinata ingkang tansah ningali sedaya kawontenan ing arcapada. Sang Girinata mangertos kadadosan wonten ing keluarga Resi Gotama, lajeng Sang Girinata ngutus Bathara Narada, supados manggihi Dewi Anjani, Guwarsi lan Guwarsa. Bathara Narada kasuwun maringi wejangan kados pundi ingkang kedah dipunlampahi supados Dewi Anjani, Guwarsi lan Guwarsa dados tiyang ingkang migunani.
            Dewi Anjani kasuwun tapa “nyantuka”, utawi nglampahi gesang kados kodok. Dene Guwarsi kasuwun tapa “ngalong” kados lawa, inggih menika anaming pareng nedha wonten ing wayah dalu. Lajeng Guwarsa kasuwun nglampahi gesang kados kidang, ingkang lampahipun mbrangkang lan anaming pareng nedha suket.
            Ing sawijining dinten, Sang Girinata kaliyan sedaya dewa pangiring, manggihi Dewi Anjani ingkang nembe tapa. Sadugine wonten ing panggenan Dewi Anjani tapa, lajeng dados manungsa malih kanthi tanpa busana. Sang Girinata ingkang ningali kawontenan kala wau, mboten saged nahan nafsunipun, tanpa sadar, spermanipun medal lan netes ing godhong asem ing cerakipun Dewi Anjani. Amargi wonten angin, godhong sinom ingkang kena tetesan sperma kala wau lajeng dawah wonten pangkuanipun Dewi Anjani lan dipuntedhi dening Dewi Anjani. Sedaya kadadosan menika dipunmangertosi dening Sang Girinata lan sedaya para dewa pangiring. Lajeng Sang Girinnata lan sedaya dewa pangiring kondur dhateng kahyangan.
            Dewi Anjani ingkang sampun nedhi sinom kang kenging sperma Sang Girinata kala wau, dadosaken Dewi Anjani anggarbini. Dewi Anjani rumaos susah amargai piyambakipun anggarbini tanpa garwa.
            Nalika Dewi Anjani badhe babaran, wonten angin ribut lan jawah ageng, sarta kilat nyamber-nyamber, lajeng para widadari nulung Dewi Anjani anggenipun babaran, lan widadari kasuwun mboyong Dewi Anjani kalihan putranipun dhateng kahyangan. Putranipun Dewi Anjani awujud wanara pethak ingkang nami Raden Hanoman. Raden Hanoman kala wau lajeng dipun pasrahaken dening Bathara Bayu, supados angsal wejangan lan kawruh kasekten lan kanuragan. Amargi sampun dangu kalihan Bathara Bayu, Raden Hanoman lajeng diakoni minangka putra Bathara Bayu, pramila asring nyebat piyambakipun Bayu Putra (Putra Bathara Bayu).

Komentar