Cerita Wayang Sesaji Rajasuya


Sesaji Rajasuya
Ing salah satunggaling panggonan, Jarasanda mlaku-mlaku lan omongan dhewe, terus ketemu karo Werkudara. Wong loro trus padha omong-omong, suwe-suwe malah eyel-eyelan lan akhire padu, wong loro kuwi mau perang ananging Werkudara sing menang.
Ing panggonan liya, Prabu Driyadata lagi ngeluh  nak dheweke pengen putra tapi dereng di paringi saking Gusti “Duh Gusti, punapa salah kula kok nganti sak punika kula dereng panjenengan paringi putra”. Banjur ketemu karo Pupulun, Prabu Driyadata crita marang Pupulun nak dheweke iku sejatine nduwe garwa loro, wis bebojoan 2 tahun nanging durung diparingi putra. Prabu Driyadata pengen putra kang mangke bisa nerusake titahe. Pupulun ngmong “ He Driyadata kowe bisa nduwe anak tapi ana syarate, kowe kudhu isa njaga amanah lan  mangan sing jenenge pelem pratanda jiwa, nanging nak kowe nganti mangan pelem iku uga ana resikone”. Amarga dipeksa, akhire Pupulun menehi pelem siji marang Prabu Driyadata. Saking pengene Prabu Driyadata nduweni putra, prabu Driyadata langsung mangan pelem kuwi mau tanpa mikir lan ngetungke apa mengko resikone, banjur pelem kuwi mau disigar dadi loro.
Sak bibare kuwi mau, salah satunggaling garwa Prabu Driyadata ngandung. Wancine bayi kuwi lahir malah  gawe kaget, wujud bayi jan nganeh-anehi. Awak bayi ora gathuk alias tugel antarane awak dhuwur lan awak ngisor. Prabu Driyadata isin amarga anake ora sempurna lan ora bakal bisa nerusake titahe. Awit saking ngrasa isin, banjur nduwe niat arep mbuwang anake ing alas.
Prabu Driyadata teka ing alas, sejatine Prabu Driyadata ora tega mbuwang anake ing alas kono, ananging ya kudhu piye Prabu Driyadata bingung. “Ngger anakku, bapak njaluk ngapura bakal ninggal kowe ing alas kene, muga-muga kowe ing kene bisa dadi sempurna”, omonge Prabu Driyadata marang bayi kang wis dideleh ana njero tembaga. Banjur bayi kuwi mau dideleh ing lemah lan ditinggal Prabu Driyadata.
Ora let suwe, ana jin kang jenenge Jinjara krasa luwih lan golek pangan ing alas. Jinjara wis kulina mangan daging kewan utawa daging manungsa. Ora kewan kang ditemu, ananging Jinjara nemu buntelan tembaga ing alas, banjur buntelan kuwi dibuka, Jinjara kaget ana bocah bayi tugel awake kang ana ing njero tembaga kuwi. Dening Jinjara bayi kuwi mau digathukne awake. Sak bibare digathuke,bayi kuwi malih dadi gedhe lan akhire padu  karo Jinjara. Ana ing perang kuwi Jinjara kalah lan akhire ngabdi karo bayi mau. “He Jin, kowe wis kalah karo aku, kowe ngerti aq luwih sakti tinimbang kowe”, omonge bayi marang Jinjara. Jinjara ya naming lemah lan ora nduwe daya awit saking kalah karo bayi kuwi mau. “Jinjara, aku iki sapa? kena apa aku bisa ing kene?”, pitakone bayi. Banjur Jinjara mangsuli “Kula nemu panjenengan ing alas kene nalika kula padhos maem, jenengan ana ing njero buntelan tembaga kang badan panjenengan punika tugel, kula naming nyobi nggatukaken, panjenengan dipun buwang kaliyan rama panjenengan awit nalika panjenengan lahir panjenengan mboten sampurna lan panjenengan kula caosi name Jayasanda”. Jayasanda ngrasa ora trimo bapake wis mbuwang dheweke ing alas amarga dheweke ora sempurna. “O ngono, matur nuwun kowe wis nggathukne awakku lan wis menehi aku jeneng”, omonge Jayasanda. “Inggih raden”, Jinjara genti mangsuli. Jayasanda takon maneh “Apa kowe gelem tak jaluki tulung?”, “Nulung punapa raden?” Jinjara genti takon kanthi bingung. “Ayo melu aku moro ing bapaku lan mateni mateni bapakku”. Jinjara ya naming manut wae amarga dheweke wedi karo Jayasanda.
Jayasanda lan Jinjara moro ing omahe bapake. Sak tekane ing kono, Jayasanda langsung murka karo bapake. Bapake ora kuasa apa-apa lan kaget ora ngerti kuwi mau sapa. Jayasanda banjur ngomong nak dheweke kuwi anake kang wis dibuwang ing alas dening bapake. Prabu Driyadata seneng ngerti anake wis gedhe lan malih sampurna, anangin Jayasanda ora luluh lan ngukir saka niat nak bakal mateni bapake. Prabu Driyadata njaluk ngapura marang anake, ananging Jayasanda wis ora nduwe ampun karo bapake lan akhire Prabu Driyadata dipateni dening Jayasanda, anake dewe. Kulite bapake banjur dibeset lan dinggo nambal utawa gathukke awake kang pernah tugel.
Jayasanda gawe negara ing gunung Setiyoko. Jayasanda pengen dadi penguasa kabeh Negara. Akhire wis 97 negara bisa dikuasai dening Jayasanda. Ananging iseh ana 3 negara kang durung dikuasai, yaiku Ngamarta, Dwarawati lan Mandura.
Ing Ngastina geger amarga wis krungu kabar nak pasukane Jayasanda bakal teka lan ngobrak-abrik negarane.Ananging pandhawa lima wis gawe persiapan supayane bisa ngadepi Jayasanda lan pasukane. Jayasanda uga ngorak-arik negara Ngamarta lan Dwarawati. Pasukane pandhawa wis padha akeh sing kalah, lan pandhawakrasa kangelan arep mateni Jayasanda amarga durung ngerti apa kelemahane Jayasanda. Prabu Kresna ngutus Werkudara ngadepi Jayasanda ananging uga durung bisa kasil. Prabu Kresna sak wise ngerti apa kelemahane Jayasanda banjur ngmong marang Werkudara nak ana kulite bapake kang dingo mlebet wetenge, lan kuwi gamane Jayasanda. Yen kulit iku bisa dipedhot, Jayasanda uga bisa gampang dipateni.
Sak durunge Jayasanda dipateni dening Werkudara, Werkudara ngakon Jayasanda jaluk ngapura dhateng wong tuane kang wis dipateni Jayasanda. Ananging Jayasanda ora sudi jaluk ngapura marang wong tuane kang wis mbuwang dheweke ana ing alas. Amarga Jayasanda nekat ora gelem jaluk ngapura akhire ora tanggung-tanggung wetenge Jayasanda langsung disuwek Werkudara nganggo kukune, kang disebat kuku pancanaka, yaiku kang dadi gamane Werkudara. Jayasanda mati lan awake tugel dadi loro. Perang wis rampung amarga Jayasanda mati. 97 negara kang wis diobrak abrik dening Jayasanda bias merdika malih.
Tokoh :
Protagonis (watak becik) :                        Antagonis (watak ala) :
1.      Werkudara                                          5.  Jarasanda
2.      Prabu Driyadata                                  6.  Pupulun
3.      Werkudara                                          7.  Jinjara
4.      Prabu Kresna                                       8.  Jayasanda

Amanat :
ü  Menawa durung oleh apa kang di pengeni aja namung gersula, nanging kudhu usaha lan diakehi anggone donga, nyuwung dhateng Gusti.
ü  Menawa ameh nglakune apa-apa kudhu dipikir dhisik, ora oleh ceroboh lan langsung dilakune tanpa mikir apa kang bakal dadi resikone.
ü  Kudhu bisa narima apa kang dadi paringane Gusti sanajan iku ora sempurna kangge kita.
ü  Ora oleh durhaka dhateng tiang sepuh senajan tiang sepu sampun agawe kuciwa kita, kita tansah bisa nyaosi ngapura.
ü  Ora oleh uga kang jenenge nganti mateni tiang sepuh.
ü  Dadi wong aja sok sombong lan gumedhe.
ü  Aja sok seneng gawe rugine liyan kaya ta ngbrak-abrik lan nyengsarane wong akeh.
ü  Tumindak ala iku akhire bakal kalah karo tumindak becik, senajan ing awale katon menang.

Komentar