Sekar Dhandanggula


Dhandanggula

Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing kukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkur
Tan mikir pawehing liyan
Iku pantes sira guronana kaki
Sartane kawruhana

Gancaran :
Menawa sira arek golek guru kang bakal dadi tiyang anggenipun nggeguru kedah tiyang ingkang leres sejati, inggih menika ingkang nggadahi martabat becik, mangertos babagan kukum supados mboten dolanan kukum sak penake piyambak kados peso landhep ing ngisor ananging tumpul ing inggil tegesipun nindes tiyang alit kang mboten gadhah arta, ananging tetep mbela tiyang kang gadhah arta senajan sampun jelas lepat. Guru ingkang taat dhateng Gusti, sregep ngibadah ugi njagi kehormatan. Sokur-sokur angsal tiang ingkang sampun nggadhahi ilmu ingkang sanget kathah, ingkang sampun dangu anggenipun nggeguru. Guru ingkang saged mikir sedaya amanahipun saking tiyang sanes. Kados menika guru ingkang pantes dipundadosaken panggenan ngluru ilmu ugi sedaya ingkang dados patrap lan ucapipun pantes dipunconto.

Komentar