Postingan

BBM Mundhak, Rakyat Kepidak

BBM yaiku Bahan Bakar Minyak Tipi, radhio, internet padha mbengok “BBM mundhak..!” Saka patang ewu limang atus Dadi enem ewu limang atus Mundhake rong ewu Dudu dhuwit kang sithik kanggone wong cilik kaya aku Dhuwit rong ewu ping telung puluh Dadine sewidak ewu Wus bisa kanggo nyukupi liyane butuhku BBM mundhak rakyat kepidak Lha kepiye? Menawa BBM mundhak Lak mesthi kabeh ya melu mundhak Bisa-bisa wong mlarat dadi sangsaya mlarat Mikir urip, bisa-bisa nyawa oncat Mbok ya dhuwite rakyat ki aja dikorupsi Apa jek kurang anggone ngisi laci? Wong bandha mono ora digawa mati Mbok rakyate ki dirumati Wong jenenge wae wakil rakyat Rak kudune tatarane kuwi sak ngisore rakyat Kayadene wakil ketua Mesthi rak tatarane ya ngisore ketua Kudune bisa dadekake rakyat ki mulya Ora kosok walike Uripe rakyat mung digawe sengsara Kaya ngene Nuswantara? Jare negara sugih? Kok sih akeh rakyate keluwen? Patut? Patut ora? Dening: Wahyu S

Molen dening Wahyu Sulistiyaningsih

Gambar
 Pernah diterbitkan Majalah Mingguan Panjebar Semangat Edisi 28 Desember 2013 “Bapak, meluuuu..” bengoke Alip marang bapake kang lagi mlaku ing dalan arep mangkat kerja bakti. Bapak noleh ing buri ya namung mesem krungu anake mbengok. Alip mlayu nututi bapake. “Kok dengaren arep melu bapak kerja bakti thole cah bagus? Mengko kowe kesel hlo.” Ature bapak sinambi mesem. Alip kang isih ngos-ngosan mung isa ngelek idu cenggelukan karo nyoba ngomong “Po po pokoke melu bapak.” Bapak ora bisa nglarang anake melu kerja bakti “Yo wis cah bagus, entuk melu tapi ra oleh nakal hlo ya,” bapak nggoda Alip. “Siap komandan!” jawabe Alip kemaki. Dina minggu warga kampunge Alip kerja bakti ngecor dalan, “Iki hlo le, sing jenenge molen.” bapak nduduhi Alip mesin kang kanggo ngudhak jenangan pasir. Alip rada bingung merga lagi weruh pisan kuwi. Tapi Alip ya manthuk-manthuk. “Woooo.. iya pak.” Kabeh warga dha nyandhak gaweyan dhewe-dhewe, padha semangat nyambut gawe ngecor dalan ing kampunge. Ali

Lamun Sira

Gambar
Pernah diterbitkan Majalah Mingguan Panjebar Semangat Edisi  31 Agustus 2013 Lamun sira dumadi putra Kedah sira nduweni patrap kang utama Kedah sira bisa ngabekti dhumateng tiyang sepuh Kedah bisa mikul dhuwur mendhem jero Kedah njagi perji piyambak, ugi rama kaliyan biyung Lamun sira dumadi murid Murid sira kang kedah nduweni laku becik Satuhu anggone padha sinau Tememen anggone golek ilmu Kinurmat dhumateng bapak saha ibu guru   Dening : Wahyu Sulistiyaningsih

Tibak’e Dudu Ondhel-Ondhel dening Wahyu Sulistiyaningsih

Gambar
Pernah diterbitkan Harian Solopos Edisi 13 Juni 2013       Kaya padatan, Siti tangi jam 04.00, ngewangi Mak’e masak ing pawon. Mak’e Siti pakartine dodol sarapan ing ngarep omahe. Wis keprungu adzan Subuh, Siti lan Mak’e nyelakne wektu kanggo sholat jamaah. “Adzan Mak, sholat riyin ngga.” a jake Siti. “Iya Ndhuk, kana masmu gugahen dijak sholat bareng.” Siti banjur nggugah mas’e “Tangi Mas, wis subuh ayo sholat!” Mas’e Siti jenenge Mukti, bocahe pancen rada males, gugahane angel, nanging nek digugah perkara sholat, dheweke ya gage tangi. “Uhooah, iya!” saurane Mukti karo ngolet. Mukti, Siti lan Emak gage wudhu, banjur wong telu sholat jamaah.       Sakwise sholat, Emak lan Siti nglanjutne masak, dene Mukti nimb a banyu ing sumur kanggo adus. “Lalalala, yeyeye lala yeye” Mukti adus mbi nyanyi ra cetha. “Mas, ndang uwis, rasah nyanyi-nyanyi, gek ndang genten aku!” bengoke Siti. “L