TEMBANG POCUNG SERAT WEDHATAMA


Serat Wedhatama kadadeyan saka 100 pada tembang macapat, kang kamot ing pupuh tembang Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi. Pupuh tembang kasebut antarane :

                Pupuh Pangkur - 14 pada tembang 

                Pupuh Sinom - 18 pada tembang 

                Pupuh Pocung - 15 pada tembang 

                Pupuh Gambuh - 35 pada tembang 

                Pupuh Kinanthi - 18 pada tembang 

Kang diarani "pupuh tembang" yaiku kumpulaning sawetara tembang macapat kang jinise padha.

Tuladha: Pupuh Pangkur - 14 pada tembang, duweni teges ana 14 tembang kanthi jinis tembang Pangkur, dene Pupuh Sinom - 18 pada tembang tegese ana 18 tembang kang jinise tembang Sinom, lsp.

Tembung "pada" lan "padha" sinaosa namung kacek aksara "h" tegese wis beda. Menawa "pada" yaiku tembang, dene "padha" kuwi ora beda.

Tembang Pocung kang kamot ing sajroning Serat Wedhatama :

PADA 1

Tembang Pocung

Ngelmu iku, kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

PADA 2

Tembang Pocung

Angkara gung, neng angga anggung gumulung
Gogolonganira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda

PADA 3

Tembang Pocung

Bada lamun, kang wus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martatama

PADA 4

Tembang Pocung

Taman limut, durgameng tyas kang weh limput
Karem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngreda sahardi pengira

PADA 5

Tembang Pocung

Yeku patut tinulad-tulad tinurut
Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mudhi diri lapal makna

PADA 6

Tembang Pocung

Durung becus kesusu selak besus
Amaknani rapal
Kaya sayid weton Mesir
Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma

PADA 7

Tembang Pocung

Kang kadyeku kalebu wong ngaku aku
Akale alangka
Elok jawane denmohi
Paksa langkah ngangkah met kawruh ing Mekah

PADA 8

Tembang Pocung

Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh
Lumeketing angga
Anggere padha marsudi
Kana-kene kaanane nora beda

PADA 9

Tembang Pocung

Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu
Yen kabul kabuka
Ing drajat kajating urip
Kaya kang wus winahya sekar srinata

PADA 10

Tembang Pocung

Basa ngelmu mupakate lan panemune
Pasahe lan tapa
Yen satria tanah Jawi
Kuna kuna kang ginilut tripakara

PADA 11

Tembang Pocung

Lila lamun kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman
Sakserik semeng dumadi

Tri legawa nalangsa srah ing bathara

PADA 12

Tembang Pocung

Bathara gung inguger graning jajantung
Jenek Hyang Wisesa
Sana pasenedan suci
Nora kaya si mudha mudhar angkara

PADA 13

Tembang Pocung

Nora uwus kareme anguwus uwus
Uwuse tan ana
Mung janjine muring muring
Kaya buta buteng betah anganiya

PADA 14

Tembang Pocung

Sakeh luput ing angga tansah linimput
Linimpet ing sabda
Narka tan ana udani
Lumuh ala ardane ginawa gada

PADA 15

Tembang Pocung

Durung punjul ing kawruh kaselak jujul
Kaseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa

 

 

 

 

 


Komentar