Paugeran Tembang Macapat


Tembang macapat iku salah sawijining tembang kang duweni paugeran utawa pathokan. Paugeran utawa pathokan tembang kuwi wis gumathok, dadi anggone gawe tembang ora oleh sakarepe dhewe.

Paugeran tembang macapat kaperang dadi telu, yaiku :
1. Guru gatra, yaiku cacahing gatra saben satembang
2. Guru wilangan, cacahing wanda saben sagatra
3. Guru lagu, tibaning aksara swara ing saben pungkasaning gatra

Kang diarani "gatra" kuwi tegese "baris",
lajeng "wanda" kuwi tegese "suku kata",
dene "aksara swara" kuwi "aksara vokal".

==================================================

Tuladha:
Bapak Pocung renteng-renteng kaya kalung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba si Pocung mung turut kutha

==================================================

Tembang ing dhuwur kadadeyan saka 4 gatra/baris
  • Berarti guru gatrane ketemu 4


Baris 1 duweni wanda/suku kata cacah 12 (Ba - pak - Po - cung - ren - teng - ren - teng - ka - ya - ka - lung)
Baris 2 duweni wanda/suku kata cacah 6 (da - wa - ka - ya - u - la)
Baris 3 duweni wanda/suku kata cacah 8 (pen - cok - an - mu - we - si - mi - ring)
Baris 4 duweni wanda/suku kata cacah 12 (sing - di - sa - ba - si - Po - cung - mung - tu - rut - ku - tha)
  • Berarti guru wilangan ketemu 12 - 6 - 8 - 12


Baris 1 aksara swara pungkasan yaiku "u" ing tembung "kal(u)ng"
Baris 2 aksara swara pungkasan yaiku "a" ing tembung "ul(a)"
Baris 3 aksara swara pungkasan yaiku "i" ing tembung "mir(i)ng"
Baris 4 aksara swara pungkasan yaiku "a" ing tembung "kuth(a)"
  • Berarti guru lagune ketemu u - a - i - a


Simpulan:
paugeran tembang macapat kasebut ing dhuwur ketemu
guru gatra : 4
guru wilangan : 12 - 6 - 8 - 12
guru lagu : u - a - i - a 

Komentar