JENIS DAN MAKNA FILOSOFI TEMBANG MACAPAT


Tembang macapat kaperang dadi sewelas jinis, kang antarane Mijil, Maskumambang, Sinom, Asmarandana, Gambuh, Kinanthi, Dhandhanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pocung.

Sewelas jinis tembang macapat kuwi ngono sejatine ngemot makna filosofi kang nggambarake urut-urutane manungsa wiwit lair nganti seda.

Ana akeh versi kang ngandharake urut-urutane sewelas tembang iki. Ing kene Sulis badhe ngandharake urutan kang umum wae.

Urutan lan makna filosofi sewelas tembang macapat kasebut yaiku:
1. Mijil
    tembang kapisan kang nggambarake manungsa lagi lair ing alam donya
2. Maskumambang
    nggambarake manungsa mangsane dadi bocah kang duwe watak kaya piranti kang kumambang ing banyu, yaiku katut ilining banyu utawa durung duwe pendhirian. Apa-apa sarwa mung melu-melu.
3. Sinom
    mangsane manungsa dadi wong enom utawa remaja
4. Asmarandana
    manungsa kang mangsane duwene rasa kasmaran marang lawan jinis
5. Gambuh
    saka tembung "jumbuh" kang tegese "cocok", yaiku mangsane manungsa njumbuhake/nyocokaken karep menawa wis padha-padha duweni rasa tresna mau
6. Kinanthi
    saka tembung "kanthi" kang duweni teges "gandheng", utawa mangsane manungsa dinikahake
7. Dhandhanggula
    nggambarake manungsa sakwise rabi kang duwe pikiran luwih dewasa, bisa bisa nampa kaluwihan lan kakurangane pasangan, ing pungkasan bisa ngrasakake legining urip utawa tentrem
8. Durma
    cekakan "mundur saka malima" kang dikarepake ninggalake malima tumindak ala yaiku maling, main, madhat, mendem, lan madon.
9. Pangkur
    saka tembung "mungkur" tegese ngedohi. Nggambarake mangsane manungsa ngedohi sakabehe tumindak ala lan wiwit mikir sangu akhirat, utawa ngakehi amal kabecikan
10. Megatruh
    cekakan saka "pegat ing ruh" kang tegese ruh pisah saka ragane utawa mangsane manungsa ngalami kang jenenge sekarat
11. Pocung
    tembang pungkasan kang nggambarake manungsa dipocong utawa sampun seda

==================================================

Dadi urutaneng makna filosofi saka sewelas tembang kuwi yaiku manungsa lair - dadi bocah - wong enom - kasmaran - njumbuhake karep - rabi - duweni pikiran dewasa - mundur saka malima (tuwa) - ngedohi tumindak ala (sansaya tuwa) - sekarat - seda

Komentar