SERAT WEDHATAMA

Serat Wedhatama yaiku salah sawijine kasusastran Jawa kang dianggit (dikarang) dening KGPAA Mangkunegara IV.

Tembung "KGPAA" duweni cekakan:
Kanjeng
Gusti
Pangeran
Adipati
Arya

Dadi asma jangkepe kang nulis Serat Wedhatama yaiku Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV

Sinebut Mangkunegara IV, amarga dheweke dadi raja ing keraton Mangkunegaran kang ke papat.

Asma asline ngono sejatine Raden Mas Sudira. Dheweke lair nalika Senin Pahing 03 Maret 1811 lan seda ing surya 08 September 1881, dimakamake ing Astana Girilayu

Raden Mas Sudira putra saking Kanjeng Pangeran Harya (KPH) Hadiwijaya lan Raden Ajeng (RA) Sekeli

Dheweke mimpin keraton Mangkunegaran wiwit taun 1853 nganti sedane yaiku 1881

====================================================
Tembung "WEHATAMA" ing Serat Wedhatama kadadeyan utawa gabungan saka tembung "WEDHA" lan "TAMA".

"WEDHA" duweni teges ajaran, dene "TAMA" saka tembung utama kang tegese becik

Bisa dijupuk dudutan "WEDHATAMA" tegese "Ajaran kang Utama" / "Ajaran kang Becik"

Komentar