Tembang Pangkur Serat Wedhatama

Serat Wedhatama kadadeyan saka 100 pada tembang macapat, kang kamot ing pupuh tembang Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi. Pupuh tembang kasebut antarane :

                Pupuh Pangkur - 14 pada tembang 

                Pupuh Sinom - 18 pada tembang 

                Pupuh Pocung - 15 pada tembang 

                Pupuh Gambuh - 35 pada tembang 

                Pupuh Kinanthi - 18 pada tembang 

Kang diarani "pupuh tembang" yaiku kumpulaning sawetara tembang macapat kang jinise padha.

Tuladha: Pupuh Pangkur - 14 pada tembang, duweni teges ana 14 tembang kanthi jinis tembang Pangkur, dene Pupuh Sinom - 18 pada tembang tegese ana 18 tembang kang jinise tembang Sinom, lsp.

Tembung "pada" lan "padha" sinaosa namung kacek aksara "h" tegese wis beda. Menawa "pada" yaiku tembang, dene "padha" kuwi ora beda.

Tembang Pangkur kang kamot ing sajroning Serat Wedhatama :

PADA 1

Tembang Pangkur

Mingkar mingkuring angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
kang tumrap neng tanah Jawa
agama ageming aji

PADA 2

Tembang Pangkur

Jinejer neng Wedhatama
mrih tan kemba kembenganing pambudi
mangka nadyan tuwa pikun
yen tan mikani rasa
yekti sepi asepa lir sepah samun
samangsane pasamuan
gonyak ganyuk nglelingsemi

PADA 3

Tembang Pangkur

Nggugu karsaning priyangga
nora nganggo peparah lamun angling
lumuh ing ngaran balilu
uger guru aleman
nanging janma ingkang wus waspadeng semu
sinamun ing samudana
sesadon ingadu manis

PADA 4

Tembang Pangkur

Si penggung nora nglegawa
sangsayarda denira cacariwis
ngandhar-andhar angendhukur
kandhane nora kaprah
saya elok alangka longkanganipun
si wasis waskitha ngalah
ngalingi marang si pingging

PADA 5

Tembang Pangkur

Mangkono ngelmu kang nyata
sanyatane mung weh reseping ati
bungah ingaranan cubluk
sukeng tyas yen denina
nora kaya si punggung anggung gumrunggung
ugungan sadina dina
aja mangkono wong urip

PADA 6

Tembang Pangkur

Urip sepisan rusak
nora mulur nalare ting saluwir
kadi ta guwa kang sirung
sinerang ing maruta
gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
pindha padhane si mudha
prandene paksa kumaki

PADA 7

Tembang Pangkur

Kikisane mung sapala
palayune ngendelken yayah wibi
bangkit tur bangsaning luhur
lha iya ingkang rama
balik sira sarawungan bae durung
mring atining tata krama
nggon anggon agama suci

PADA 8

Tembang Pangkur

Socaning jiwangganira
jer katara lamun pocapan pasthi
lumuh asor kudu unggul
semengah sesongaran
yen mangkono keno ingaran katungkul
karem ing reh kaprawiran
nora enak iku kaki

PADA 9

Tembang Pangkur

Kekerane ngelmu karang
kekarangan saking bangsaning gaib
iku boreh paminipun
tan rumasuk ing jasad
amung aneng sajabaning daging kulup
yen kapengok pancabaya
ubayane mbalenjani

PADA 10

Tembang Pangkur

Marma ing sabisa-bisa
bebasane muriha tyas basuki
puruita-a kang patut
lan traping angganira
ana uga angger ugering kaprabun
abon aboning panembah
kang kambah ing siyang ratri

PADA 11

Tembang Pangkur

Iku kaki takonana
marang para sarjana kang martapi
mring tapaking tepa tulus
kawawa nahen hawa
wruhanira mungguh sanyataning ngelmu
tan mesthi neng janma wredha
tuwin mudha sudra kaki

PADA 12

Tembang Pangkur

Sapantuk wahyuning Allah
gya dumilah mangulah ngelmu bangkit
bangkit mikat reh mangukut
kukutaning jiwangga
yen mengkono kena sinebut wong sepuh
lire sepuh sepi hawa
awas roroning atunggil

PADA 13

Tembang Pangkur

Tan samar pamoring sukma
sinuksmaya winahya ing ngasepi
sinimpen telenging kalbu
pambukaning warana
tarlen saking liyep layaping aluyup
pindha pesating sumpena
sumusuping rasa jati

PADA 14

Tembang Pangkur

Sejatine kang mangkana
wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
bali alaming ngasuwung
tan karem arameyan
ingkang sipat wisesa winisesa wus
mulih mula ulanira
mulane wong anom sami



 

 

 

 


Komentar

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. Ayo padha ing sekolah
    Sinau supoyo dadi wong sugih
    Ning sugih budi pakarti
    Lan sugih ilmu kang liyo
    Ilmu penting kanggo anak putu
    Supoyo ngerti berjuang
    Kanggi pangguripan sing asli

    Nama ; Sri Yulianti
    No ; 30
    Kelas; X Mipa 5

    BalasHapus

Posting Komentar