legenda SRAGEN


TUGAS KETERAMPILAN MENULIS II
Disusun guna untuk memenuhi tugas Mata Kuliah Keterampilan Menulis II
Dosen Pengampu : Budi Waluyo, S. S., M. Pd.


Oleh :
WAHYU SULISTIYANINGSIH
K4211065

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS SEBELAS MARET
SURAKARTA
2012





LEGENDA NAMA KABUPATEN “SRAGEN”

Ing sejarah, wonten satunggaling peperangan ingkang dipunsebat Perang Mangkubumen, inggih menika awit warsa 1746 ngantos 1757, antaraning pasukan Pangeran Mangkubumi (Hamengku Buwono I) kaliyan tentara Kolonial Walanda. Pangeran Mangkubumi dipunparingi Tombak Pusaka Keraton “Kangjeng Kyai Pleret” dening kangmasipun, Sunan Paku Buwono II.
Wonten ing lampahan perang, Pangeran Mangkubumi kaliyan pasukanipun dugi Desa Pandak Karangnongko ingkang kalebet tlatah Sukowati. Ing ngriku Pangeran Mangkubumi damel Pamarintahan Pambarontak. Desa Pandak Karangnongko dipundadosaken pusat pamarintahan, ugi Pangeran Mangkubumi ngresmiaken asmanipun dados Pangeran Sukowati.
Awit saking Desa Pandak Karangnongko mapan wonten ing pinggir Margi Lintas tentara Kolonial Walanda Surakarta-Madiun, pusat pamarintahan dipunanggep kirang aman, lajeng dipunpindhah wonten ing Desa Gebang, ingkang mapan ing wetan kidulipun Desa Pandak Karangnongko. Saklajengipun menika, Pangeran Sukowati langkung ngluasaken wilayah kakuasanipun sarta langkung nguataken pasukanipun kanthi dipunsengkuyung dening sederekipun, Raden Mas Said lan Adipati saking Grobogan, inggih menika K. R. T. Martopuro.
Pusat pamarintahan Pangeran Sukowati ing Desa Gebang dipunmangertosi dening Walandi, lajeng Walandi kaliyan Kasunanan damel rencana badhe nyerang Desa Gebang, ingkang dipunpimpin dening Patih Pringgalaya, inggih menika Patihipun Paku Buwono II. Ananging rencana menika dipunmangertosi dening Pangeran Sukowati, ingkang lajeng pusat pamarintahan dipunpindhah malih wonten ing Desa Jekawal/ Desa Tangen.
Nalika boyongan saking gerbang dhateng Jekawal, menika ngliwati Padepokan ingkang dipunpimpin dening Kyai, inggih menika Kyai Srenggi. Kyai Srenggi inggih menika salah satunggaling Panglima Perang saking Sunan Amangkurat ing Kartosuro, ingkang sejatosipun asma asli Kyai Srenggi inggih menika Tumenggung Alap-alap, ananging supados ngicalaken jejak, piyambakipun nggantos asma dados Kyai Srenggi.
Nalika Pangeran Sukowati mampir wonten ing Padepokan, dening Kyai Srenggi dipuncaosi “Legen” lan “Palawija’. Legen inggih menika unjukan ingkang memper degan ananging raosipun radi kecut. Pangeran Sukowati ngraosaken remen lan puas, lajeng panggenan kasebat dening Pangeran Sukowati dipunparingi jejuluk “SRAGEN”, inggih menika saking tembung “Pasahan Legen” lan Kyai Srenggi dipunsebat Ki Ageng Srenggi.
Pusat pamarintahan wonten ing Desa Jekawal, lan Raden Mas Said kasuwun dados mantu dening Pangeran Sukowati, ingkang dipundhaupaken kaliyan putrinipun, inggih menika B. R. A. Suminten.

Komentar