Apresiasi Langgam Jawa
TUGAS
KETERAMPILAN MENYIMAK II
Disusun
guna memenuhi tugas Mata Kuliah Keterampilan Menyimak II
Dosen
Pengampu : Favorita Kurwidaria, S. S., M. Hum.
Oleh
:
WAHYU
SULISTIYANINGSIH
K4211065
PROGRAM
STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA
FAKULTAS
KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS
SEBELAS MARET
SURAKARTA
2012
Wuyung
Cipt :
Ismanto
Larane
lara
(sakitnya
sakit)
Ora
kaya wong kang nandang wuyung
(tidak
seperti orang yang sedang jatuh cinta)
Mangan
ra doyan, ra jenak dolan
(tidak
nafsu makan, mainpun tidak nyaman)
Nang
omah bingung
(di
rumah bingung)
Mung
kudu weruh
(hanya
ingin bertemu untuk melihat)
Woting
ati duh kangmas wong bagus
(jembatan
hati duh kangmas yang tampan)
Apa
ora trenyuh
(apa
tidak merasa prihatin)
Sawangen
iki awakku sing kuru
(lihatlah
badanku ini yang sudah kurus)
Klapa
mudha leganana
(kelapa
muda luangkanlah)
Nggonku
nandang bronto
(diriku
yang sedang jatuh cinta)
Witing
pari dimen mari
(pohon
padi supaya sembuh)
Nggonku
nglara ati, aduh nyawa
(sakit
hatiku, aduh nyawa)
Dhuh
dhuh kusuma
(dhuh
dhuh bunga pujaan hati)
Ora
krasa apa pancen tega
(tidak
merasa atau memang tega)
Mbok
mbalung janur
(mbok
tulang janur)
Paring
usada nggonku nandang wuyung
(berilah
obat dalamku dilanda cinta)
- Suraosipun ‘isi makna syair dalam lagu’ :
Tiyang ingkang nembe
nandang wuyung, raosipun anaming susah, mangan boten eco, dolan boten
saged jenak, ugi wonten griya anaming rumaos bingung. Tiyang ingkang
daktresna kedah saged ngraosaken menapa ingkang dipunraosaken dening
pangripta, angantos dadosaken badanipun pangripta kuru.
Pangripta nyuwun
menapa dene tiyang ingkang daktresna menika sageh nglegaaken manah
marang piyambakipun supados sakit atinipun saged dipunobati.
Pangripta rumaos bimbang, menapa tiyang ingkang dipuntresnani menika
saged ngraosaken menapa ingkang dipunraosaken pangripta ugi, utawi
tiyang menika leres tega dhumateng piyambakipun. Anaming usada
ingkang dipunsuwun, kangge ngobati piyambakipun ingkang nembe nandang
wuyung. Intinipun seratan tembang kasebat, inggih menika tresna
ingkang boten pikantuk piwales saking pepujaning ati.
(Orang yang
sedang jatuh cinta, yang ada hanya merasa gelisah, makan tak enak,
tidur tak nyenyak, mainpun juga tak bisa menikmati. Seharusnya orang
yang dicintainya itu mampu merasakan apa yang telah penyair rasakan,
hingga membuat dirinya menjadi kurus.
Penyair
menginginkan orang yang dicintainya itu meluangkan hati untuk dirinya
agar sakit hatinya dapat terobati. Penyair merasa bimbang, apakah
orang yang dicintainya itu mampu merasakan apa yang ia rasakan atau
memang benar-benar berlaku tega terhadap dirinya. Penyair berharap
orang yang dicintainya itu memberikan obat akan dirinya yang sedang
dilanda jatuh cinta itu. Inti dari syair lagu tersebut adalah orang
(penyair) yang cintanya bertepuk sebelah tangan.)
Yen Ing Tawang Ana Lintang
Yen ing tawang ana lintang, Cah ayu
(jika di langit ada bintang, cantik)
Aku ngenteni tekamu
(aku menunggu kedatanganmu)
Marang mega ing angkasa
(kepada awan yang ada di angkasa)
Ingsun takokke pawartamu
(aku menanyakan kabarmu)
Janji-janji aku eling, Cah ayu
(aku teringat akan janji-janji, cantik)
Sumedhot rasane ati
(terasa menyayat hati)
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, Nimas
(bintang-bintang menggoda, adek)
Tresnaku sundhul wiyati
(cintaku setinggi langit)
Dhek semana, janjiku disekseni mega kartika
(ketika itu, janjiku disaksikan oleh awan dan bintang)
Kairing rasa tresna asih
(diiringi rasa kasih sayang)
Yen ing tawang ana lintang, Cah ayu
(jika di langit ada bintang, cantik)
Rungokna tangising ati
(dengarkan tangisan hatiku)
Binarung swarane ratri, Nimas
(ditemani suara malam, adek)
Ngenteni mbulan ndadari
(menantikan datangnya bulan purnama)
- Suraosipun ‘isi makna syair dalam lagu’ :
Nyariosaken babagan
pangripta ingkang dipuntilar dening tiyang ingkang dipuntresnani.
Nalika mirsani tawang ingkang kathah lintang, piyambakipun kemutan
kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani ingkang sampun dangu boten
kondur. Angantos piyambakipun taken pawarta dhumateng mega ing
angkasa.
Kemutan kaliyan
janji ingkang sampun kaucap sesarengan, rumaos medhot manah. Lintang
dados seksi katresnanipun pangripta ingkang ngantos nyundhul wiyati.
Pangripta anaming nyuwun tiyang ingkang dipuntresnani menika saged
ngraosaken ugi mirengaken tangising manah. Kanthi dipunrencangi
swaraning ratri, pangripta ngentosi mbulan ndadari.
(Menceritakan tentang orang (penyair) yang ditinggal pergi oleh
orang yang dicintainya. Dia merasa ketika menatap langit yang
berbintang, ia teringat akan orang yang dicintainya yang kian lama
pergi dan ditunggu tak kunjung datang. Hingga ia meluapkan rasanya
dengan menanyakan kabar orang yang dicintainya itu kepada awan di
langit.
Teringat akan janji yang telah terucap bersama, terasa menyayat
hati akan kenyataan yang telah terjadi, bintang yang menjadi saksinya
akan cinta penyair yang begitu besar. Ketika penyair menatap langit
yang berbintang, ia berharap orang yang dicintainya itu mampu merasa
dan mendengarkan jeritan tangis hatinya. Meresapi suara di tengah
malam, ia menanti akan hadirnya bulan purnama.)
Jenang Gula
Cipt : Markasan
Jenang gula, kowe aja lali (jenang gula, dirimu jangan sampai
lupa)
Marang aku iki to kangmas (pada diriku ini, kakak)
Nalikane nandang susah (ketika sedang susah)
Sapa sing ngancani (siapa yang menemani)
Lara Branta
Cipt : S. Darminto
Yen kelingan mring sliramu (jika teringat akan dirimu)
Aduh kadya runujid atiku (aduh seperti tertusuk hatiku)
Yen siang tansah katon ngalela (jika siang selalu terbayang)
Dalu datan nora bisa nendra (malam tidak bisa tidur)
Apa sliramu wis lali tenan (apakah dirimu sudah
benar-benar lupa)
Dhek semana nate janji (ketika saat itu pernah berjanji)
Nadya arep urip bebarengan (akan menjalani hidup bersama)
Bungah susah dilakoni (susah senang dijalani)
Mawar Biru
Tumetesing waspaku (air mataku mengalir)
Ora tega rasaning atiku (tidak tega rasanya hatiku)
Ninggalake sliramu (meninggalkan dirimu)
Priya idhamanku (lelaki idamanku)
Tansah katon esemu (selalu terlihat senyummu)
Ngawe-ngawe rasaning atiku (memanggil-mangil rasa hatiku)
Ngelingake … (mengingatkan ....)
Nalika bareng mlaku-mlaku (ketika jalan-jalan bersama)
Jangkrik Genggong
Kendhal kaline wungu (Kendal sungainya ungu)
Ajar kenal karo aku (belajar mengenal akan diriku)
Lelene mati digepuk (lelenya mati dipukul)
Gepuk nganggo walesane (dipukul dengan jorannya)
- Kendahan ingkang wonten ing salebeting syair tembang kasebat, inggih menika :
- Rima
a.
pada ingkang kaping setunggal = a-b-a-b
‘lara-wuyung-dolan-bingung’
(“Wuyung”)
b.
pada ingkang kaping kalih = a-a-a-a
‘weruh-bagus-trenyuh-kuru’
(“Wuyung”)
c.
pada ingkang kaping sekawan = a-a-b-b
‘kusuma-tega-janur-wuyung’
(“Wuyung”)
d.
pada ingkang kaping setunggal = a-b-b-a
‘lali-kangmas-susah-ngancani’
(“Jenang
Gula”)
e.
pada ingkang kaping setunggal = a-a-b-b
‘sliramu-atiku-ngalela-nendra’
(“Lara
Branta”)
f.
pada ingkang kaping kalih = a-b-a-b
‘tenan-janji-bebarengan-dilakoni’
(“Lara
Branta”)
g.
pada ingkang kaping setunggal = a-a-a-a
‘waspaku-atiku-sliramu-idhamanku’
(“Mawar
Biru”)
h.
pada ingkang kaping kalih = a-a-b-a
‘esemmu-atiku-ngelingake-mlaku’
(“Mawar
Biru”)
2. Wangsalan
a. pada ingkang
kaping tiga
‘klapa mudha leganana’, batanganipun
klapa
mudha
inggih menika degan.
(“Wuyung”)
b.
pada ingkang kaping tiga ‘witing
pari dimen mari nggonku nglara ati’, batanganipun
wit
pari
inggih menika damen.
(“Wuyung”)
c.
pada ingkang kaping sekawan
‘mbok mbalung janur, paring usada nggonku nandang wuyung’
batanganipun
balung
janur
inggih menika sada.
(“Wuyung”)
d. pada ingkang
kaping setunggal gatra setunggal ‘jenang
gula, kowe aja lali’, batanganipun
jenang
gula
inggih menika gulali.
(“Jenang Gula”)
3. Purwakanthi
a. Purwakanthi
guru swara
- pada ingkang
kaping setunggal gatra setunggal
‘larane
lara’,
inggih menika asonansi
vocal [a] (“Wuyung”)
-
pada ingkang kaping setunggal gatra tiga
‘mangan
ra
doyan,
ra
jenak
dolan’,
inggih
menika asonansi
vocal [a] (“Wuyung”)
- pada
ingkang kaping kalih gatra setunggal
‘mung
kudu
weruh’,
inggih
menika asonansi
vocal [u] (“Wuyung”)
- pada ingkang
kaping tiga gatra setunggal ‘klapa
mudha
leganana’,
inggih
menika asonansi
vocal [a] (“Wuyung”)
- pada
ingkang kaping tiga gatra tiga ‘witing
pari
dimen
mari’,
inggih
menika asonansi
vocal [i] (“Wuyung”)
-
pada ingkang kaping sekawan gatra kalih ‘ora
krasa
apa
pancen
tega’,
inggih
menika asonansi
vocal [a] (“Wuyung”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal ‘yen
ing tawang ana
lintang’, inggih menika asonansi vocal
[a] (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra tiga ‘marang
mega ing angkasa’,
inggih menika asonansi vokal [a] (“Yen Ing Tawang Ana
Lintang”)
- pada ingkang kaping kalig gatra setunggal ‘janji-janji
aku eling’, inggih menika asonansi
vocal [i] (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping tiga gatra setunggal ‘dhek semana,
janjiku disekseni mega
kartika’, inggih
menika asonansi vocal [a] (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra tiga ‘nalikane
nandang susah’, inggih menika asonansi vocal [a]
(“Jenang Gula”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra tiga ‘yen siang
tansah katon ngalela’, inggih menika asonansi vokal [a]
(“Lara Branta”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra sekawan ‘dalu
datan nora bisa nendra’, inggih menika asonansi vocal [a]
(“Lara Branta”)
b. Purwakanthi
guru basa
- pada ingkang
kaping setunggal gatra setunggal ‘larane
lara’,
inggih
menika ambalaning tembung
lara (“Wuyung”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal ‘yen ing
tawang ana lintang, cah
ayu’, inggih menika wanda ing tembung tawang lan lintang
(“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping setunggal gatra tiga lan sekawan ‘lelene
mati digepuk, gepuk nganggo walesane’, inggih menika ambalaning
tembung gepuk (“Jangkrik Genggong”)
- Dwi lingga
- Padha swara
- Pada ingkang kaping kalih gatra setunggal ‘janji-janji aku eling, cah ayu’, inggih menika tembung janji (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkgng kaping kalih gatra tiga ‘lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas’, inggih menika tembung lintang lan ngiwi (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping kalih gatra kalih ‘ngawe-ngawe rasaning atiku’, inggih menika tembung ngawe (“Mawar Biru”)
- pada ingkang kaping kalih gatra sekawan ‘nalikane bareng mlaku-mlaku’, inggih menika tembung mlaku (“Mawar Biru”)
- Dwipurwa
- Pada ingkang kaping kalih gatra tiga ‘nadya arep urip bebarengan’, inggih menika tembung bareng-an (“Lara Branta”)
- Majas personifikasi
- Pada ingkang kaping setunggal gatra tiga lam sekawan ‘marang mega ing angkasa, ingsun takokke pawartamu’, inggih menika taken warta dhateng mega (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkag kaping kalih gatra tiga ‘lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas’, inggih menika lintang kang ngiwi ‘nggoda’ (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping tiga gatra setunggal ‘dhek semana, janjiku disekseni mega kartika’, inggih menika mega lan kartika kang nyekseni (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping sekawan gatra kalih ‘rungokna tangising ati’, inggih menika ati kang nangis (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- pada ingkang kaping kalih gatra setunggal lan kalih ’tansah katon esemmu, ngawe-ngawe rasaning atiku’, inggih menika esem kang ngawe-ngawe (“Mawar Biru”)
- Majas hiperbola
- Pada ingkang kaping kalih gatra kalih ‘sumedhot rasaning ati’ (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- Pada ingkang kaping kalih gatra sekawan ‘tresnaku sundhul wiyati’ (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- Pada ingkang kaping sekawan gatra kalih ‘rungokna tangising ati’ (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- Pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal ‘aduh kadya runujid atiku’ (“Lara Branta”)
- Pamilihan diksi kanthi seselan
- Pada ingkang kaping kalih gatra kalih ‘sumedhot rasaning ati’, inggih menika seselan –um- wonten ing tembung sumedhot (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- Pada ingkang kaping sekawan gatra tiga ‘binarung swarane ratri, nimas’, inggih menika seselan –in- wonten ing tembung binarung (“Yen Ing Tawang Ana Lintang”)
- Pada ingkang kaping setunggal gatra setunggal ‘tumetesing waspaku’, inggih menika seselan –um- wonten ing tembung tetes (“Mawar Biru”)
- Dasanama
- Pada ingkang kaping setunggal gatra kalih ‘aduh kadya runujid atiku’, inggih menika dasanama kaya = kadya (“Lara Branta”)
Baru aku tahu maksud dari lagu mawar biru tsbt..
BalasHapusSelama ini hanya bisa nyanyiin lagunya saja..
Terima kasih,, salam sejahtera,,
devit-cozy.blogspot.com
,yapp, sama-sama :) #salamsejahteraa
Hapuslike this...., matur suwun...
BalasHapus,sami-sami :)
HapusAlumni smk sakti gemolong kah?
BalasHapus,inggih, alumni SMK Sakti Gemolong,,
BalasHapus