Tuladha Tembang Pangkur
Tema : Kasmaran Aku tresna marang sira (8a) Ananging kok wis ana sing nduweni (11i) Ora bakal aku mundur (8u) Bakal terus berjuang (7a) Merga aku yakin yen sira jodhoku (12u) Tak enteni kanthi sabar (8a) Muga Gusti ngijabahi (8i) >>> Ing tembang dhuwur baris kapindho ana tembung "ananging" kang asline ngono tembung "nanging" kalebu tuladha panggunaning tembung "uluran" (ditambah cacah wanda/suku kata) Tema : Agustusan / Kamardikan Indonesia wis mardika (8a) Umure pitu lima taun iki (11i) Kudu akeh nggone syukur (8u) Dhumateng Gusti Allah (7a) Ayo padha bareng-bareng nggone niru (12u) Perjuangane pahlawan (8a) Njaga mardikane negri (8i) >>> Ing tembang dhuwur baris pungkasan ana tembung "negri" kang asline ngono tembung "negeri" kalebu tuladha panggunaning tembung "plutan" (disuda cacah wanda/suku kata sisih tengah) Tema : Agustu