Watu Bagaung (Crita Rakyat kanthi Tema Lingkungan Hidup)

Ing sawijining dina, putrine raja nalika siram ing kali mesthi dikancani dening dhayang kang cacahe pitu. Sang putri kramas kanthi nggunakake bahan khusus kang digawe saka wiji wijen lan jeruk nipis. Kanthi campuran bahan menika ndadekake rambut sang putri katon endah. Patang dhayang tansah ngancani kungkum ing sajroning banyu, dene dhayang kang telu golek kembang-kembang mekar ing pinggiring kali, kanggo hiasan sang putri sakwise siram.


Dumadakan tumeka ombak banyu kang gedhe. Ombak kasebut nganti nyilepake putri raja lan dhayang papat kang ngancani. Putri raja lan patang dhayang ilang, perkara kasebut ndadekake kahanan kerajaan gempar. Sakabehe warga kerajaan padha goleki, ananging tetep ora kasil nemokake.


Raja tansah sedhih kelangan sang putri, banjur sanalika kelingan marang petapa sekti kang prihatin ing pinggir alas, ora adoh saka istana kerajaan. Petapa sekti kasebut asring sinebut kanthi Sang Pangelaran, awit piyambake bisa slulup ing kerajaan ngisor banyu kanthi awak tetep garing. Petapa kasuwun rawuh ing kerajaan.


Kanthi nggunakake ageman werna jene, petapa ngendikan "putri Paduka tasih sugeng, lan kedah Paduka piyambak ingkang mapag ing kerajaan ngisor banyu." Raja saguh, lan tindak kerajaan ngisor banyu kanthi diiringi dening Sang Pangelaran. Sang raja kasuwun merem, lan nalika paningal dibuka, raja sampun dumugi ing kerajaan kang rame banget. Kayadene arep nganakake pahargyan, ananging sang raja bingung awit babar blas ora ana bocah, kang ana anamung piyayi-piyayi kang wis sepuh tanpa daya.


Marang prajurit kang njaga lawang, Sang Pangelaran ngendikan bilih badhe ngadhep Maharaja ngisor banyu. Sang Pangelaran lan raja diajak ing ruwangan kang megah lan lungguh ing kursi kang digawe saka emas. Maharaja ngisor banyu tumuli rawuh kanthi nggunakake ageman kang digawe saka lempengan-lempengan emas. Maharaja uga nggunakake mahkota kang cemlorot, njalari raja kangelan anggenipun badhe mirsani pasuryane Maharaja.


Raja ngendikan menawa badhe jemput putrinipun. Ananging Maharaja malah ngguyu kemekelen nalika mireng panyuwunan kasebut. "Napa Paduka boten pirsa, rakyat kerajaan kula? Bocah-bocah padha mati lan namung ana piyayi-piyayi sepuh tanpa daya. Perlu Paduka pirsa, kahanan kabeh kasebut amarga tumindak putri panjenengan!" Sang raja kaget "Kados pundi kok saged kajalaran dening putri kula?"


"Putri panjenengan kulina kramas kanthi nggunakake bahan campuran wiji wijen lan jeruk nipis. Bahan kasebut dadi racun kangge rakyat kula. Bocah-bocah dumadakan padha mati kena racun kasebut, namung gari piyayi-piyayi sepuh tanpa daya. Nganti arep mlaku wae ora saguh. Dadi sapa kang tumindak ngrusak kudu tanggung jawab. Putri panjenengan kedah dadi tumbal awit tumindak ala kang wis dilakoni."


Sang raja sedhih banget, awit boten ngerti menawi putri tunggale asring kramas kang ndadosake rusake kerajaan ngisor banyu. Lajeng ngendikan "Nyuwun pangapunten Maharaja, paringi pangapura marang putri kula. Sejatine dheweke boten ngerti menawa tumindake kalebu gawe rusak ing kerajaan panjenengan."


Maharaja anamung meneng, kayadene ngrasakane sedhih kang dirasakake raja. "Punapa panjenengan saguh janji marang kula menawi putri panjenengan bali?" kanthi rasa mantep wangsulan "Saguh". Maharaja ngendikan "Wonten loro janji kang kudu panjenengan tepati, sepisan kabeh warga kerajaan Paduka ampun nganti kramas ing kali kanthi nggunakake campuran wiji wijen lan jeruk nipis. Kaloro, perjanjian niki kudu dilakoni dening anak putu salaminyo, pripun?" Raja mangsuli "Kula saguh Maharaja".


Maharaja ngisor banyu banjur nimbali prajurit lan nyuwun supaya raja lan Sang Pangelaran di dherekake ketemu putri lan patang dhayange. Ananging, raja bingung malah diajak ing kandhang wedhus. Ora ana putrine lan patang dhayang kang dikarepake, kang ana yaiku wedhus cacah lima. Sang Pangelaran sampun paham menawa wedhus menika jelmaan putri lan dhayang kang dikutuk Maharaja. Banjur raja lan lima wedhus kuwi mau diajak lunga dening Sang Pangelaran. Sanalika kahanan dadi peteng, raja namung bisa merem. Lan nalika paningal dibuka, raja wis mapan ing pinggir kali karo putrine lan papat dhayang. Bungah rasane ati sang raja.


Sang raja banjur ngumpulake para rakyat ing alun-alun kerajaan. Raja ngendikan ngenani janji kang wis digawe karo Maharaja ngisor banyu, menawa kabeh rakyat dilarang kramas nggunakake wiji wijen lan jeruk nipis ing kali, awit perkara kasebut bakal njalari rusake kerajaan ngisor banyu. Kabeh rakyat sarujuk. Kabeh rumangsa sadhar menawa kudu melu njaga lingkungan sakiwa tengene panguripan.


Wiwit prastawa kasebut, wis ora ana kadadeyan para warga ngrusak alam. Watu Bagaung, sebutan papan panggonan Maharaja ngisor laut tansah ayem tentrem tanpa ana kang ngrusak maneh.






Komentar