Tembang Gambuh Serat Wedhatama

Sinau malih babagan tembang macapat kang ana ing sajroning Serat Wedhatama, ananging wekdal menika kita badhe sinau babagan tembang Gambuh. Cacahe tembang Gambuh ing Serat Wedhatama kuwi ana 35 tembang.

Isine Serat Wedhatama yaiku :
1. Pangkur - 14 tembang
2. Sinom - 18 tembang
3. Pocung - 15 tembang
4. Gambuh - 35 tembang
5. Kinanthi - 18 tembang
Menawa kabeh dijumlah ketemu cacahe 100 tembang.

A. Tembang Gambuh
Samengko insun tutur
sembah catur supaya lumuntur
dhihin raga, cipta, jiwa, rasa kaki
ing kono lamun tinemu
tandha Nugrahaning Manon

B. Paugeran Tembang Gambuh
Menawa sinau babagan tembang macapat, temtu kemawon ora ucul saka materi ngenani guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tembang Gambuh ing poin (A) kasebut menawa digoleki guru gatra, wilangan, lan lagune yaiku:
* Guru gatra : 5
* Guru wilangan : 7 - 10 - 12 - 8 - 8
* Guru lagu : u - u - i - u - o

Perlu dieling-eling, guru gatra kuwi ngitung cacahe baris ing tembang, yen guru wilangan yaiku ngitung suku kata/wanda saben baris ing tembang. Dene guru lagu yaiku huruf vokal kang buri dhewe ing saben baris. Arep ujud lirik-e tembang Gambuh diowahi kepiye wae, mesti menawa di goleki guru gatra, wilangan, lan lagune mesti ketemu padha, amarga perkara kasebut wis dadi pathokan/aturan.

C. Teges Tembung ing Tembang Gambuh
Pengarang gawe tembang macapat kuwi biasane duweni karep utawa tujuan menehi pitutur. Kaya dene tembang Gambuh ing poin (A) kasebut uga ngemot pitutur kang bisa disinau. 

Supaya ngerti apa kang dadi pitutur ing sajroning tembang kasebut, langkah pertama kang kudu dilakoni yaiku kudu ngerteni teges/arti saben tembung dhisik. Teges-tegese tembung ing tembang gambuh yaiku :
www.sulistiya-pratama.xyz


D. Isi/ Pitutur Tembang Gambuh
Menawa wis ketemu teges-tegese tembung, banjur ditata supaya bisa dadi paragrap ngenani isi/pitutur tembang.

Isi/ pitutur tembang  Gambuh kasebut yaiku :
Pengarang menehi pitutur menawa ana papat sembah/ngibadah kang kudu dijaga lan dilakoni yaiku ngibadah awak (shalat), ati (ngendhaleni hawa nepsu), sukma/nyawa (dzikir), lan pangrasa (yakin marang sakabehe takdir). Menawa bisa nglakoni kanthi temen, bakal nemoni tanda Kanugrahane Gusti kang Maha Mirsani.

Cekap semanten, materi ngenai tembang Gambuh Serat Wedhatama, mugi tansah mumpangati. aamiin vv^

Komentar