PURWAKANTHI; Jenis lan Tuladhane Purwakanthi

 

Purwakanthi kaperang dadi telu, yaiku purwakanthi guru swara, guru sastra, lan guru basa/lumaksita.

Purwakanthi guru swara yaiku unen-unen kang runtut aksara swarane (vokal)

Tuladha:

  1. Ana awan, ana pangan
  2. Gemi setiti ati ati
  3. Desa mawa cara negara mawa tata
  4. Thenguk-thenguk, nemu kuthuk.

 

Purwakanthi guru sastra yaiku unen-unen kang runtut aksara sigege (konsonan)

  1. Bobot, bibit, bebet
  2. Tata, titi, tentrem
  3. Ruruh, rereh, ririh ing wewarah
  4. Kala kula kelas kalih, kalung kula kelap kelip keli kalen
  5. Laras, lurus, leres, laris
  6. Sluman, slumun, slamet.

 

Purwakanthi guru basa/lumaksita yaiku unen-unen kang runtut tembunge (kata)

  1. Nemu wedang, wedange wedang jahe abang
  2. Mangan ati, atine kelara-lara
  3. Nemu kembang, kembange wangi, wangine gawe keblinger
  4. Witing klapa, klapa mudha saumpama

 


Komentar