Tembang Sinom Serat Wedhatama

Sinau malih babagan tembang macapat kang ana ing sajroning Serat Wedhatama, ananging wekdal menika kita badhe sinau babagan tembang Sinom. Cacahe tembang Gambuh ing Serat Wedhatama kuwi ana 18 tembang.


Isine Serat Wedhatama yaiku :

1. Pangkur - 14 tembang

2. Sinom - 18 tembang

3. Pocung - 15 tembang

4. Gambuh - 35 tembang

5. Kinanthi - 18 tembang

Menawa kabeh dijumlah ketemu cacahe 100 tembang.


A. Tembang Sinom

Nuladha laku utama

tumrape wong tanah Jawi

wong agung ing Ngeksiganda

Panembahan Senapati

kapati amarsudi

sudaning hawa lan nepsu

pinesu tapa brata

tanapi ing siyang ratri

amemangun karyenak tyasing sasama


B. Paugeran Tembang Sinom

Menawa sinau babagan tembang macapat, temtu kemawon ora ucul saka materi ngenani guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tembang Sinom ing poin (A) kasebut menawa digoleki guru gatra, wilangan, lan lagune yaiku:

* Guru gatra : 9

* Guru wilangan : 8 - 8 - 8 - 8 - 7 - 8 - 7 - 8 - 12

* Guru lagu : a - i - a - i - i - u - a - i - a


Perlu dieling-eling, guru gatra kuwi ngitung cacahe baris ing tembang, yen guru wilangan yaiku ngitung suku kata/wanda saben baris ing tembang. Dene guru lagu yaiku huruf vokal kang buri dhewe ing saben baris. Arep ujud lirik-e tembang Sinom diowahi kepiye wae, mesti menawa di goleki guru gatra, wilangan, lan lagune mesti ketemu padha, amarga perkara kasebut wis dadi pathokan/aturan.


C. Teges Tembung ing Tembang Sinom

Pengarang gawe tembang macapat kuwi biasane duweni karep utawa tujuan menehi pitutur. Kaya dene tembang Sinom ing poin (A) kasebut uga ngemot pitutur kang bisa disinau. 


Supaya ngerti apa kang dadi pitutur ing sajroning tembang kasebut, langkah pertama kang kudu dilakoni yaiku kudu ngerteni teges/arti saben tembung dhisik. Teges-tegese tembung ing tembang Sinom yaiku :

www.sulistiya-pratama.xyz

D. Isi/ Pitutur Tembang Sinom

Menawa wis ketemu teges-tegese tembung, banjur ditata supaya bisa dadi paragrap ngenani isi/pitutur tembang.


Isi/ pitutur tembang Sinom kasebut yaiku :

Pengarang menehi pitutur kanggo manungsa ing tanah Jawa supaya nyonto tumindak becik saka wong gedhe/diajeni ing Mataram kang asmane Panembahan Senapati. Kang diconto yaiku 1) sregep sinau, 2) nyuda hawa nepsu kanthi prihatin awan (pasa) lan bengi (tahajud & dzikir), lan 3) gawe seneng atine wong liya


Cekap semanten, materi ngenai tembang Sinom Serat Wedhatama, mugi tansah mumpangati. aamiin vv^

Komentar