“PANATACARA”

 

1.      Teges Panatacara

Yaiku sawijining paraga (wong) kang duwe jejibahan (tugas) nglantarake urutane adicara

 

2.      Sebutan Liya Panatacara

a.       MC (Master of Ceremony)

b.      Pambiwara

c.       Pambyawara

d.      Panata Adicara

e.       Panata Titilaksana

 

3.      Jenis Adicara kang Nggunakake Panatacara

a.       Mantenan

b.      Pepanggihan (pertemuan)

c.       Pajamuan (pesta)

d.      Kesripahan (lelayu)

e.       Pengajian

f.        Pentas

 

4.      Sarat Panatacara “SAPTAMA PANGOLAHING RAGA”

Sapta tegese pitu (Eko : siji, Dwi : loro, Tri : telu, Catur : papat, Panca : lima, Sad : enem, Sapta : pitu, Astha : wolu, Nawa : sanga, Dasa : sepuluh)

a.       Magatra          : anggone nganggo busana kudu trep, pantes, lan jangkep

b.      Malaksana      : anggone mlaku kudu luwes mrabawani

c.       Mawastha       : anggone ngadeg kudu jejeg

d.      Maraga           : sikepe awak ora grogi

e.       Malaghawa     : anggone ngomong kudu trampil lan lancar

f.        Matanggap     : kudu tanggap ing swasana

g.       Mawwat          : ngayahi karya kudu mantep lan sampurna

 

5.      Perangan Teks Panatacara

        a.       Salam Pambuka

1)      Assalamu’alaikum Wr. Wb.

2)      Sugeng enjing / Sugeng siyang / Sugeng dalu

3)      Nuwun, kawula nuwun

b.      Puji Syukur marang Gusti

Ngajak para tamu ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti awit sedaya nikmat

c.       Sapa Aruh

Luruh-luruh utawa ngluruhi (menyapa) sedaya tamu kang rawuh

d.      Ancasing Gati

Andharan ancasing adicara (penyampaian maksud atau inti acara)

e.       Panutup

Nyuwun pangapunten awit sedaya lepat

f.        Salam Panutup

1)     Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

2)     Matur nuwun.


6.   Teknik Maca Teks Panatacara

    • Wirama, yaiku teknik kang gegayutan karo intonasi cepet rindhike ngendikan nalika maca teks panatacara
    • Wirasa, yaiku teknik kang gegayutan karo pangrasa banter alone swara nalika ngendikan maca teks panatacara
    • Wiraga, yaiku teknik kang gegayutan karo patrap, solah bawa lan busana kang diagem nalika maca teks panatacara
    • Wicara, yaiku teknik kang gegayutan karo cetha, jelas lan wijange nalika ngendhikan maca teks panatacara   

Komentar