Kawruh Basa: Tembung Yogyaswara, Entar, Rura Basa, Panyandra, lan Pepindhan

 


1.      Yogyaswara

Tembung kang ujud lan pangucapane meh padha, duweni teges lanang wadon.

Tuladha:

a.       Putra – putri

b.      Siswa – siswi

c.       Taruna - taruni

d.      Pemudha – pemudhi

e.       Raseksa – raseksi

 

2.      Entar

Tembung kang duweni teges kias utawa ora salugune

Tuladha:

a.       Dawa tangane            : clemer utawa seneng jupuk duweke wong liya

b.      Dawa ususe               : sabar

c.       Abang kupinge          : nesu

d.      Gedhe sirahe             : sombong

e.       Lunyu ilate                 : mencla – mencle

 

3.      Rura Basa

Tembung salah kaprah, ananging wus kulina digunakake

Tuladha:

a.       Adang sega                → adang beras supaya dadi sega

b.      Nggodhog wedang    → nggodhog banyu supaya dadi wedang

c.       Nguleg sambel           → nguleg lombok supaya dadi sambel

d.      Menek kambil            → menek wit kambil

e.       Negor gedhang          → negor wit gedhang

           

4.      Panyandra

Tembung kang duweni ancas (tujuan) menehi pangalembana (pujian)

Tuladha:

a.       Untune miji timun

b.      Drijine mucuk eri

c.       Pundhake nraju mas

d.      Bangkekane nawon kemit

e.       Rambute ngandhan-andhan

 

5.      Pepindhan

Tembung kang mbandhingake perkara siji lan liyane nggunakake “kaya, kadya, kadi, pindha, lir”

Tuladha:

a.       Mlakune kaya macan luwe

b.      Irenge kadya silit kwali

c.       Galake kadi asu manak

d.      Swarane pindha bledheg

e.       Dhuwure lir cagak listrik

Komentar

Posting Komentar