Isining Novel "NGULANDARA"

Novel NGULANDARA yaiku salah sawijining novel Jawa kang dianggit dening Margana Djajaatmadja. Kadadeyan saka 14 perangan, kang perangan kasebut kaya ta :

1)     OTO MOGOK (TULUNG TINULUNG)

Nalika mobil kulawarga Den Bei mogok ing alas parak surup, tumeka Rapingun lan Kasna aweh pitulungan.

2)     MEKSA BATAL (TULUNG TINULUNG TANPA PAMRIH)

Den Bei, semah, lan putra arep menehi upah marang Rapingun awit sampun nulung ndandani mobil, ananging Rapingun ora kersa. Perkara kasebut njalari kulawarga Den Bei kesengsem marang Rapingun.

3)     NYONYAH OEI WAT HIEN (TOLERANSI TRADISI)

Majikan Rapingun bangsa Thionghoa kang fasih krama. Oei Wat Hien saged adaptasi ing Jawa, kang adat, budaya lan tradisine beda.

4)     SAMPUN KRAOS (PENGABDIAN TULUS)

Rapingun kerja marang Den Bei awit Nyah Hien adol mobil. Kerja minangka sopir kaleksanan kanthi becik.

5)     NGAJARI KAPAL (KETEKUNAN)

Jaran Den Bei kang arane Hel kagolong liar lan angel dikendhaleni, ananging Rapingun kanthi tekun nglatih jaran nganti dadi nurut lan manut.

6)     PEKEN MALEM ING MAGELANG (TATA KRAMA)

RA Supartienah (putra majikan) tindak Magelang, nalika arep munggah mobil dheweke kepleset. Mantri guru kawatir lan nyuwun lenggah ngarep jejer Rapingun. Rapingun anggene lungguh ngadoh lan menehi jarak kanggo njaga kehormatane majikan.

7)     MANAHIPUN KAGOL (TANGGEL JAWAB)

Rapingun njaga majikan kanthi kebak ing tanggel jawab.

8)     NJAGI WILUJENGING BENDARA (PENGABDIAN SEJATI)

Nalika bali saka Magelang dicegat dening Hardjana (kancane RA Tien kang seneng, ananging boten keturutan). Hardjana lan Rapingun padudon nganti tangane Rapingun tugel.

9)     NGREKSA NAMANING BENDARA (NJAGA NAMA BECIK MAJIKAN)

Rapingun boten bakal crita marang Den Bei perkara RA Tien lan Hardjana.

10) WONTEN ING GRIYA SAKIT (WALES BUDI)

Cidera tangan Rapingun kudu ditangani serius lan digawa ing griya sakit. RA Tien rumangsa uang keslametan lan kudu ngrumat Rapingun kanthi tekun. RA Tien ngangkat Rapingun dadi sedulur.

11) PAMIT (KABECIKAN MAJIKAN MARANG ANDHAPAN)

Rapingun katon nelangsa lan asring ngalamun, Den Bei kang pirsa dhawuhi garwa supaya takon. Rapingun wangsulan menawa dheweke kangen marang wong tuwa. Banjur diwenehi ijin mulih ing Pacitan.

12) SERAT SAKING RAPINGUN (NELANGSA)

Kulawarga Den Bei nelangsa nampa surat menawa Rapingun ora bakal bali.

13) LET NEM WULAN (USAHA LAN DONGA)

Rapingun bali dadi opzichter regenschap ing Kedungwuni. Ora dinyana, Den Bei diangkat dadi Wedana Kedungwuni. Den Bei sakulawarga kaget menawa Rapingun kuwi sejatine RM Sutanta, putra tunggal RM Gandaatmadja.

14) LET WOLUN WULAN (KABAGYAN)

                      RM Sutanta utawa Rapingun rabi karo RA Tien

Komentar