Novel Tresna Toh Pati dening Any Asmara
TRESNA TOH PATI Karya : ANY ASMARA Penerbit : USAHA “KAWAN” CV Tanggal terbit : 15 Juni 1962 Piyayi kuna kuwi yen arep ndojohake anake nganggo dipetung dhisik. Neptune dina pasaran bocah lanang lan wadon dietung, digunggung, banjur dipara-para yen tinemu ala ora sida digathukake. Saiki jamane wis maju, petungan kuwi ora mesti benere. Sing arep nglakoni kuwi bocahe, dudu wong tuwane, mula yen ana tindak sing peksan kaya mengkono, kuwi klebu tindak kleru. Ahmad, pengarang muda, sugih crita, sugih kasusastran kang edi, peni, luwes, nganti bisa gawe sengseming para pamaose kabeh, nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga dayaning kawin peksan. Dheweke gandrung katresnan kaliyan R. Adjeng Uminarsih, dene Uminarsih uga mengkono, ananging wong tuwane ora setuju amarga petunganing dina pasaran ora cocok. Pungkasaning Uminarsih dijodohake kaliyan wong lanang kersaning rama. Ati sedih kang dirasakake Ahmad ora bisa dilipur nganggo apa wae. Dheweke