Membuat Tembang Pocung dengan Bahasa Sendiri

Tembang Pocung dadi salah sawijine jenis tembang macapat. Tembang kasebut duweni paugeran guru gatra cacah papat, guru wilangan 12-6-8-12, lan guru lagune u-a-i-a.

Anggone gawe tembang Pangkur kudu anut paugerane kasebut, kudu nuruti cacahe gatra, wanda, lan tibane swara.

Ing ngisor iki sawetara tuladha tembang Pocung kanthi underan bebas. Gawe kanthi nggunakake basane dhewe.

------------------------------------------------------------

wahyu sulis, kuwi asmane guruku (12u)

ngasta basa jawa (6a)

ing sma boyolali (8i)

nalika mucal kuwi padha gatekna (12a)

------------------------------------------------------------

dina minggu ayo lunga melu aku (12u)

ing cepogo pasar (6a)

mangkat kanthi ngati-ati (8i)

anggolek sayuran kang murah ing rega (12a)

------------------------------------------------------------

tak kandhani cara gawe putu ayu (12u)

ngganggo tepung beras (6a)

dicampuri gula pasir (8i)

ditambah gandum, santen, uyah, lan tigan (12a)

------------------------------------------------------------

tlatar iku terkenal duweni umbul (12u)

resik seger toya (6a)

ora mandheg nggone mili (8i)

ndadekake tlatar papane wisata (12a)

------------------------------------------------------------

dadi murid sekolah kanthi satuhu (12u)

saben dina mangkat (6a)

garapane dirampungi (8i)

teteg temen pungkasane bakal mulya (12a)

------------------------------------------------------------


Cekap semanten, mugi mumpangati, matur nuwun ^^v


Komentar