Novel Tresna Toh Pati dening Any Asmara

 


TRESNA TOH PATI
Karya : ANY ASMARA

Penerbit           : USAHA “KAWAN” CV
Tanggal terbit  : 15 Juni 1962

          Piyayi kuna kuwi yen arep ndojohake anake nganggo dipetung dhisik. Neptune dina pasaran bocah lanang lan wadon dietung, digunggung, banjur dipara-para yen tinemu ala ora sida digathukake. Saiki jamane wis maju, petungan kuwi ora mesti benere. Sing arep nglakoni kuwi bocahe, dudu wong tuwane, mula yen ana tindak sing peksan kaya mengkono, kuwi klebu tindak kleru.
Ahmad, pengarang muda, sugih crita, sugih kasusastran kang edi, peni, luwes, nganti bisa gawe sengseming para pamaose kabeh, nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga dayaning kawin peksan. Dheweke gandrung katresnan kaliyan R. Adjeng Uminarsih, dene Uminarsih uga mengkono, ananging wong tuwane ora setuju amarga petunganing dina pasaran ora cocok.
Pungkasaning Uminarsih dijodohake kaliyan wong lanang kersaning rama. Ati sedih kang dirasakake Ahmad ora bisa dilipur nganggo apa wae. Dheweke nyoba lungo plesir menyang Semarang, ton-tonen citrane Uminarsih tetep ora bisa ilang. Nganti sawijining wengi, Ahmad tekan sangarepe omah kang lagi duwe gawe, embuh omahe sapa ora weruh. Banjur mandeg saperlu arep ngrungokake kroncong. Bareng weruh penganten sarimbit metu, dheweke kaget, ora njana jebul Uminarsih, awake ora kuwat banjur tiba semaput. Dheweke digotong menyang jero omah, bareng wes sadar Ahmad krasa isin lan kepengen menyat mulih. Bareng metu saka kamar, ing djobo wis ana Uminarsih, banjur Uminarsih menehi layang kang tekan ngomah banjur diwaca karo Ahmad, surasane Uminarsih dadi penganten kuwi ora merga blenjani janji karo Ahmad dhisik yen arep urip bebarengan, ananging amarga kersaning rama kang ndjodohake kaliyan Dokter Trenggono. Katimbang urip saben dina mung tansah ginoda ing rasa tresna wae, aluwung mati. “Mas, panjenengan tak enteni ana ing ngareping lawang kasuwargan.”, panutuping layang Uminarsih. Uminarsih bali ing pangayunaning Pangeran jalaran ngombe racun.

Let telung dina saka kedadeyan kuwi Ahmad krungu kabar Uminarsih wes bali menyang ngarsaning Pangeran. Saya krasa remuk atine Ahmad, dheweke mlebu rumah sakit nganti pirang-pirang wulan ora bisa mari, malah kang ana saya ora guna. Awit tiba mangsane Ahmad wes ngrasa bener ora kuwat, dheweke pesen kaliyan Any Asmara yen sakpungkure dheweke, kon gubah sakabehing lelakone dheweke, dadekne crita saperlu kanggo kaca benggala tumraping masarakat kang iseh kelu ing panganggep kuna, bisaha didandani, kudu melu enuting jaman, dadi ora kaya lelakone dheweke. Any anamung mangsuli “Insya Allah”. Let sepasar Ahmad sida bali menyang pangayunaning Pangeran. Innalillahi wa’inna illaihi roji'un.
=============================================================================================

Komentar

Posting Komentar