Makna Filosofi Panganan Tradisional Jawa
Tumpeng Yaiku sega kang bentuke kayadene kurucut, ngemu makna filosofi mralambangake pangarep-arep (harapan) kang sansaya ningkat, luwih becik saka wektu saiki. Tumpeng biasane digunakake ing adicara upacara adat nikahan, kelahiran, ngedegake omah, utawa wayah panen. Ing masarakat Jawa, tumpeng cekakan saka “metu dalan kang lempeng”, tegese urip kanthi dalan kang lurus/rata. 2. Kupat Yaiku panganan kang digawe saka beras kanthi dibungkus nggunakake janur. Kupat biasane digunakake ing adicara lebaran/bakda. Kupat cekakan saka “ngaku lepat”, ngemu makna filosofi ngakoni kalepatan/kesalahan. 3. Apem Yaiku panganan kang dimasak kanthi nggunakake cithakan, ujude kayadene serabi ananging luwihb kandel. Asring digunakake ing samubarang kenduri masarakat Jawa. Apem saka tembung basa Arab afwan/ affuwun, ngemu makna filosofi maaf/pangapura. 4. Lemper Yaiku panganan kang digawe saka ketan, jerone ana isine abon, daging sapi suwir, utawa daging ayam suwir, lan