Postingan

Tembang Asmaradana Ayo padha nyedhak Gusti (8i) Nebihi kabeh larangan (8a) Uga nglakoni printahe (8e) Iku dalan nyang suwarga (8a) Aja padha sembrana (7a) Ati-ati ing lelaku (8u) Ben wasana nora gela (8a)

Kula Tresna Ibu

Gambar
Ibu . . . Sliramu kadya candra kang suminar ing tengah wengi Madhangi kahanan peteng kanthi cahyamu Ibu . . . Sliramu kadi lintang gumintang ing plataran langit Kang agawe endah bumi rikala wengi Ibu . . . Sliramu lir surya kang tasih jumedhul ing sisih purwa Gawa kawontenan anget marang putra Esemu kaya dene eseme widadari kang katon ayu, Ibu Ibu . . . Katresnanmu sejati marang putra-putramu Sanadyan putramu asring nglarani penggalihmu Kesabaranmu kang ageng satuhu Anganti sliramu nora tega netesake eluh ing sangarepe putramu Ibu . . . Putra anamung saged nyuwun pangapura Awit saking sampun asring agawe kuciwa Mugi Gusti tansah paring kasarasan dhumateng Ibu Mugi Ibu tansah pinaringan kabahagian sejati dening Gusti Ibu . . . Anamung setunggal ukara kang kula badhe matur “ Kula tresna Ibu” Dening : Wahyu Sulistiyaningsih
Lamun Sira 'Jika Kamu' Lamun sira/ dumadi putra/ 'jika kamu/ menjadi seorang anak/' Kedah sira/ nduweni patrap kang utama/ 'kamu harus/ mempunyai sikap yang terpuji/' Kedah sira/ bisa hangabekti/ dhumateng rama biyunge/ 'kamu harus/ bisa berbakti/ kepada bapak ibunya/' Kedah bisa/ mikul dhuwur/ mendhem jero/ 'harus bisa/ menjunjung tinggi/ mengubur dalam/' Kedah njagi perji piyambak,/ ugi biyung kaliyan ramane/ 'harus menjaga kehormatan diri,/ juga ibu dan bapaknya/' Lamun sira/ dumadi murid/ 'jika kamu/ menjadi seorang siswa/' Murid sira/ kang kedah nduweni laku becik/ 'kamu murid/ yang harus mempunyai perilaku baik/' Satuhu/ anggone padha sinau/ 'sungguh-sungguh/ dalam belajar/' Tememen/ anggone golek ilmu/ 'sungguh-sungguh/ dalam mencari ilmu/' Kinurmat/ dhumateng bapak saha ibu guru/ 'hormat/ kepada bapak dan ibu guru/' Dening : Wahyu Sulistiyaninsih (K4211065)

Wayah Surup

Gambar
Nalika wayah sore Aku mlaku-mlaku menyang sawah Angin semribit Kahanan katon endah, kanthi ijo royo-royone pari kang mobat-mabit Kukila kang padha cruwat-cruwit Langit katon abang kang kacampuran kuning Ing nala tansah krasa ayem lan tentrem Anamung bisa mesem, Kalawan ngucap syukur Nyekseni ka-Agungane Gusti Ingkang sampun nyiptaake kahanan endah ing wayah surup Surya sangsaya angslup Alon-alon banjur pungkasan ilang Angin uga sangsaya adhem ngrasuk ing balung Banjur aku bali Ing sisih purwa wus katon candra kang lekas jumedhul Candra kang bakal ganteni surya ing wayah wengi Madhangi jagad ing alam bumi Dening : Wahyu Sulistiyaningsih

Epos Mahabharata

##Dari Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas Mahabharata ( Sanskerta : महाभारत ) adalah sebuah karya sastra kuno yang konon ditulis oleh Begawan Byasa atau Vyasa dari India . Buku ini terdiri dari delapan belas kitab, maka dinamakan Astadasaparwa (asta = 8, dasa = 10, parwa = kitab). Namun, ada pula yang meyakini bahwa kisah ini sesungguhnya merupakan kumpulan dari banyak cerita yang semula terpencar-pencar, yang dikumpulkan semenjak abad ke-4 sebelum Masehi. Secara singkat, Mahabharata menceritakan kisah konflik para Pandawa lima dengan saudara sepupu mereka sang seratus Korawa , mengenai sengketa hak pemerintahan tanah negara Astina . Puncaknya adalah perang Bharatayuddha di medan Kurusetra dan pertempuran berlangsung selama delapan belas hari. Pengaruh dalam budaya Ilustrasi pada sebuah naskah bersungging mengenai perang Bharatayuddha di Kurusetra . Selain berisi cerita kepahlawanan ( wiracarita ), Mahabharata juga mengandung nilai-nilai Hindu , mitologi dan be